wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Materi Ramayana

Total questions: 10

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Prabu Dasarata susah penggalihe amarga mikirake Rama Wijaya, Sinta, lan Lesmana kang ninggalake saperlu ngumbara ana ing alas gung liwang-liwung kang akeh kewan galak kang mbebayani. Lungane Rama Wijaya saka Ayodya amarga ...

a)

ditundhung Raden Baratha

b)

supaya Raden Baratha bisa dadi raja ing Ayodya

c)

nglakoni paukuman

d)

ditundhung dening Prabu Dasarata

2.

Dasamuka raja Alengka kepincut karo ayune Sinta banjur nduwe niat nyolong Sinta. Mula banjur gawe rekadaya supaya bisa nyolong Sinta. Kala Marica diutus supaya dadi kidang kencana kanggo narik kawigatene Dewi Sinta. Sawise Sinta kepranan karo Kidang Kencana, Sinta nyuwun dicekelna Kidang Kencana. Manut pratelan crita ing ndhuwur, Kidang Kencana sejatine yaiku ...

a)

Lesmana

b)

Dasamuka

c)

Jatayu

d)

Kala Marica

3.

Kidang kang lago nggolek pangan ana ing alas, nurut-nurut milih gegodhongan kang bisa dipangan, nganti tekan sacedhake Dewi Sinta kang lagi lelungguhan. Kidang ora wedi, malah-malah kaya ngajak dolanan. Kidang kang ulese emas iku malah kaya mbebeda, nyedhak-nyedhak Sinta nanging yen arep dicekel mlayu. Kahanan ngono kuwi kang ndadekake Sinta kepranan karo Kidang kuwi, wusana nyuwun marang Rama supaya dicekelake. Kang aneh ing crita kasebut yaiku ...

a)

ing alas ana kidang, ora wedi wong

b)

ing alas ana kidang, arep dicekel mlayu

c)

kidang ulese emas, arep dicekel mlayu

d)

kidang ulese emas, ora wedi marang wong, malah ngajak dolanan

4.

Sajroning alas gung liwang-liwung akeh kewan galak kang nggegirisi, nanging anehe kahanan ana kewan kang nyenengake nganti Sinta kepranan kepengen nduweni yaiku ...

a)

kelinci

b)

Jatayu

c)

Kidang Kencana

d)

kancil

5.

Dasamuka raja Alengka kepincut karo ayune Sinta banjur nduwe niat nyolong Sinta. Mula banjur gawe rekadaya supaya bisa nyolong Sinta. Kala Marica diutus supaya dadi kidang kencana kanggo narik kawigatene Dewi Sinta. Sawise Sinta kepranan karo Kidang Kencana, Sinta nyuwun dicekelna Kidang Kencana. Tembung rekadaya ing pratelan crita kasebut nduweni teges ...

a)

akal

b)

cara/upaya

c)

nyolong

d)

ngrumat

6.

Sinta kasil dicolong dening Rahwana amarga Rahawana memba-memba dadi (a)  

7.

Dasamuka kang mabur nggendhong Sinta kepethuk Jatayu ing dirgantara. Tembung dirgantara tegese ...

(a)  

8.

Rama Wijaya lan Lesmana nurut-nurut anggone nggoleki Sinta, ing ndalan ketemu Jatayu kang nglimpruk karo sambat-sambat. Sadurunge mati, ... crita yen Sinta digawa mabur dening Rahwana.

(a)  

9.

Sinta digawa mabur dening Rahwana menyang negara ...

(a)  

10.

Kang nduweni watak sesongaran, wengis, kejem, angkara murka yaiku ...

(a)