wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BASA JAWA KELAS 9

Total questions: 55

Worksheet time: 1hrs 13mins

Name
Class
Date
1.

Nalika candikala katon ngawe-awe, swara jangkrik lan kodok remeng-remeng. Kalbu tansah lelana amarga wong kang ana jroning ati ilang ora ana kabare. Isane mung nyawang candra kang samar katutup mendhung. Ajisaka mung bisa gawe gurit kanggo ngilangake rasa lara amarga ditinggal wong sing ditresnani.

 

Saka cuplikan ing dhuwur,  setting wektu kasebut...

a)

Wayah sore

b)

Wayah awan

c)

Wayah bengi

d)

Wayah esuk

2.

(Ing teras omah Ajisaka lagi omong-omongan karo Satriya)

Satriya : “ Aji, ana apa ta kok sajake kaya wong bingung.lagi mikir apa?”

Ajisaka : “Ora apa-apa. Bengi iki rasane kok sepi banget. Embuh... ana apa, aku dewe yo ora eruh”.

Satriya : “Wealah..wealah..palimg ana sing kokpikir.  Kowe lagi mikir sapa”.

Ajisaka :” Ora ana’. (karo kukur-kukur sirahe sing ora gatel)

 

Saka cuplikan dialog drama kasebut, karakter Ajisaka...

a)

Gampang bingung

b)

periang

c)

nesuan

d)

Nangisan

3.

Ajisaka mung  nyawang candra kang samar katutup mega. Tembung candra  tegese ...

a)

srengenge

b)

bumi

c)

lintang

d)

rembulan

4.

Sesanti urip ing donya iku sapa sing jujur bakal luhur, sapa temen bakal tinemu. Manawa kepenging  urip kepenak ya kudu jer basuki bawa bea. Ora mung ngendelake donya lan jabatane wong tuwa.

Sesanti sapa jujur bakal luhur  tegese...

a)

Sapa sing jujur bakal oleh dhuwit

b)

Sapa sing jujur uripe bakal kepenak

c)

Sapa sing jujur bakal dadi pimpinan

d)

Sapa sing jujur bakal sugih

5.

Struktur teks laporan kegiatan , yaiku...

a)

Pambuka lan Isi

b)

Pambuka, Penutup, Isi

c)

pambuka, isi, penutup

d)

Isi, Pambuka, Penutup

6.

1.  Teks Laporan Kegiatan

1. Latar Belakang Masalah

Kegiatan Persami salah sawijine kegiatan sekolah kang bisa nglatih para siswa mandiri,  lan uga bisa ngraketake antarane para siswa. Persami uga bisa nepungake antarane para siswa karo kahanan alam sekitar.

2.  Ancas (tujuan) Kegiatan

a.    Nglatih para siswa mandiri

b.    Ngraketake tali silaturahmi antarane para siswa

 

Ing Teks Laporan Kegiatan, latar belakang masalah lan ancase kegiatan kalebu struktur...

a)

isi

b)

pambuka

c)

penutup

d)

simpulan

7.

Kala wingi kula mbayar rekening listrik, sedaya  setunggal atus tingang dasa ewu rupiyah. Ukara kasebut manawa disalin dadi basa ngoko yaiku...

a)

Wingi aku mbayar rekening listrik, kabeh Rp. 120.000

b)

Wingi aku mbayar rekening listrik, kabeh Rp. 140.000

c)

wingi aku mbayar rekening listrik, kabeh 130.000

d)

Wingi aku mbayar rekening listrik, kabeh Rp. 150.000

8.

1.     Gatekna ukara ing ngisor iki!

1)    Kegiatan LOGIPRAS dilaksanakake Sabtu, 19 Oktober 2020

2)    Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah, para siswa ora mung sinau ing njero kelas wae.

3)    Peserta sing melu kegiatan LOGIPRAS 299 siswa lan 15 Pembina

4)    Tujuan kegiatan LOGIPRAS ing Kebun Raya Purwadadi yaiku mangerteni bab adiwiyata lan nglatih kedisiplinan.

Ukara sing trep karo bagian pambuka ing laporan kegiatan, yaiku ing ukara nomer ...

a)

1,2

b)

3,4

c)

1,3

d)

2,4

9.

Cuplikan teks drama kanggo nomer 1

Wayah sore ing omahe Mbah Surip,  akeh bocah cilik sing padha cemruwit. Sore iku bocah- bocah wis siap arep budhal ngaji ing masjid.

Mbah Surip        : ”He, iki apa ta? Kok padha rame wae awit mau takrungakke.”

Aldebaran       : ” Iki lho mbah! Ngguyu Andin sing jarene pengin dadi youtuber sing kasohor. Apa ora ngguyu mbah? Ha...ha..ha...”

Andien         : ” Ya ora  apa-apa. Sapa ngerti aku isa dadi youtuber kasohor kayata Atta Halilintar. Mula mulai saiki aku kudu belajar ngedit video lan gawe konten sing apik tur mendidik.”

Mbah Surip       : ”Wis..wis aja rame terus, cepet ndhang budhal.”

 

Saka cuplikan ing dhuwur, paraga sing lagi dialog, yaiku...

a)

Mbah Surip lan Aldebaran

b)

Mbah Surip lan Andien

c)

Aldebaran lan Andien

d)

Mbah Surip, Aldebaran, lan Andien

10.

Wayah sore ing omahe Mbah Surip,  akeh bocah cilik sing padha cemruwit. Sore iku bocah- bocah wis siap arep budhal ngaji ing masjid.

Mbah Surip        : ”He, iki apa ta? Kok padha rame wae awit mau takrungakke.”

Aldebaran       : ” Iki lho mbah! Ngguyu Andin sing jarene pengin dadi youtuber sing kasohor. Apa ora ngguyu mbah? Ha...ha..ha...”

Andien         : ” Ya ora  apa-apa. Sapa ngerti aku isa dadi youtuber kasohor kayata Atta Halilintar. Mula mulai saiki aku kudu belajar ngedit video lan gawe konten sing apik tur mendidik.”

Mbah Surip       : ”Wis..wis aja rame terus, cepet ndhang budhal.”

Ing penggalan teks drama ing dhuwur, nilai moral sing bisa dijupuk saka tokoh Andien yaiku.....

a)

sabar narima

b)

pasrah

c)

ora pantang nyerah lan gelem sinau

d)

seneng ngayal

11.

Sore iku watara jam papat, Maudy Ayunda, siswa SMP kang dadi peraih NUN tertinggi ing sekolahane lagi lungguh ing teras omahe. Atine nggresah. Praupane katon bingung. Tangane sanggawang. Dheweke bingung arep nerusake sekolah ing ngendi.

Saka prolog  drama kasebut, kang kalebu setting wektu...

a)

sore iku jam papat

b)

Atine nggresah lan bingung

c)

Maudy Ayunda lagi lungguh ing teras omahe

d)

Maudy Ayunda SMP peraih NUN tertinggi

12.

Laporan kegiatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiatan wis dileksanaake. Kejaba kuwi laporan kegiatan katulis kanggo...

a)

Dokumen pribadi para siswa

b)

dokumen kanggo sekolah

c)

pertanggungjawaban

d)

latihan nulis laporan

13.

  Paugeran nulis teks laporan kegiatan  ing antarane...

a)

Nganggo basa sing endah

b)

runtut, manut struktur teks

c)

nganggo basa rinengga

d)

Panulise  teks laporan kegiatan kudu diketik

14.

Sugeng dalu Mbak Lesti. Tembung enjing tegese...

a)

esuk

b)

awan

c)

bengi

d)

sore

15.

Bab kang ditulis ing isi, yaiku…..

a)

Lelandhesan pamedharan, tujuan kegiatan, lan saran

b)

Pesan lan kesan

c)

Harapan lan kesimpulan

d)

jeneng kegiatan, wektu kegiatan, kelompok, lan tujuan kegiatan

16.

Sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing punggung lan duweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan diarani...

a)

Sendratari

b)

Karawitan

c)

Sandiwara

d)

Bedhayan

17.

Ing ngisor iki kang ora kelebu unsur intristik (fisik) drama yaiku ....

a)

Amanat

b)

Pacelathon (dialog)

c)

Paraga

d)

Alur

18.

Sajroning unsur intrinsik crita ana kang diarani setting, yaiku .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

19.

Ing sandiwara kang kudu digatekake saliyane dhialog yaiku pilihan tembung. Pilihan tembung uga diarani.....

a)

Mentes

b)

Diksi

c)

Fiksi

d)

Non Fiksi

20.

Sajrone crita sandiwara kudu ana kang diarani .... supaya crita sandiwara mau bisa urip.

a)

Tragedi

b)

Urutan

c)

Alur

d)

Konflik

21.

Ing sandiwara pengarang kudu menehi pesen marang wong kang maca crita drama. Pesen mau kasebut.....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Amanat

d)

Setting

22.

Paraga ing sandiwara kaperang dadi telu, yaiku ....

a)

Protagonis, prosigonis, lan tritagonis

b)

Protagonis, antagonis, lan tritagonis

c)

Vertagonis, tritagonis, lan antagonis

d)

Antagonis, fiksigonis, lan tritagonis

23.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita.

Adate ana ing pambuka, diarani ......

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

24.

Tembung sandiwara asale saka tembung sandi lan wara. Tembung sandi nduweni teges apa?

a)

Tembung

b)

Ukara

c)

Rahasia

d)

Kode

25.

Menawa gawe dhialog ing sandiwara kudu mangerteni ....

a)

Unggah-ungguh

b)

Pilihan ukara

c)

Pilihan tembung

d)

Gedhe cilik teges

26.

Sesorah yaiku ....

a)

Kegiatan micara ing ngarepe wong akeh kanggo ngandharake gagasan.

b)

Asiling karya sastra sing wujude kaya puisi modern ing basa Jawa.

c)

Tembang Jawa anggitane kang diwulangake ing pawiyatan.

d)

Hasil karya sastra Jawa ing jaman Jawa Kuna sing isih ana nganti saiki.

27.

Tuladha surasa/isi sesorah yaiku ....

a)

Cekap semanten atur kula, menawi lepat kula nyuwun pangapunten.

b)

Mangga sami muji marang Gusti Ingkang Kuwaos, awit dinten niki kita taksih saged makempal wonten papan ngriki.

c)

Dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang kula bekteni, lan kanca kanca ingkang kula tresnani.

d)

Kanca-kanca ingkang kula tresnani, dados siswa kedah sregep sinau, manut marang guru, lan netepi aturan sekolah.

28.

Bapak Ketua Komite dalah para pengurus ingkang kula mulyakaken.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinabekten,

Bapak /Ibu Guru dalah Bapak/ Ibu Tenaga Kependidikan ingkang kula urmati

Bapak /Ibu wali murid kelas IX dalah Tamu Undangan ingkang kula urmati sarta para kadang kelas IX punapa dene adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang kula tresnani.

Ukara ing dhuwur mau klebu perangan pambukaning sesorah kang diarani ….

a)

atur pakurmatan

b)

atur puji syukur

c)

isi

d)

panutup

29.

Sapa sing pidhato?

a)

wali murid

b)

wakil sekolah

c)

siswa kelas VI

d)

kepala sekolah

30.

Puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, kebagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya.

Tembung “kebagaswarasan” ing ukara dhuwur tegese ….

a)

kamulyan

b)

kapinteran

c)

kesehatan

d)

kabegjan

31.

Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat kula nyuwun pangapunten.

Pethikan ukara ing dhuwur diucapake ana ing .....

a)

purwaka

b)

wasana

c)

surasa

d)

salam panutup

32.

Ing ngisor iki kang ora kalebu perangan pambuka sesorah, yaiku ….

a)

salam pambuka

b)

penyapa

c)

purwaka

d)

wosing pranatacara

33.

Ing ngisor iki bab sing kudu digatekake supaya basa kang digunakake komunikatif lan trep, yaiku ….

a)

sapa sing digunemake

b)

sapa sing guneman

c)

cacahe sing guneman

d)

sapa sing diajak guneman

34.

Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngunjukake pudya pudyastuti konjuk ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan, ketentreman, lan kasarasan dhumateng kita sedaya.

Ukara kasebut kalebu perangan teks sesorah kang diarani ….

a)

salam pambuka

b)

purwaka

c)

surasa basa

d)

salam penutup

35.

1) atur pamuji

2) surasa

3) atur pakurmatan

4) pambuka

5) panutup


Urut-urutanipun sesorah ingkang leres inggih menika ….

a)

2, 3, 5, 1, 4

b)

4, 3, 1, 2, 5

c)

4, 2, 1, 3, 5

d)

4, 1, 2, 3, 5

36.

Tulisan sing isine ngandharake lumakune sawijine kegiyatan sing mentas diayahi diarani….

a)

Karangan dheskripsi

b)

Laporan observasi

c)

Laporan kegiyatan

d)

Karangan narasi

37.

Struktur teks laporan kegiyatan sing runtut yaiku….

a)

Pambuka, isi, lan saran

b)

Pambuka, isi, lan panutup

c)

Isi, saran, lan atur panuwun

d)

Pambuka, isi, lan atur panuwun

38.

Bagean teks sing nerangake lelandhesan/latar belakang lan tujuwan dianakake kegiatan, diarani....

a)

Isi

b)

Saran

c)

Panutup

d)

Pambuka

39.

Paugeran panulise teks laporan kegiyatan ing antarane yaiku….

a)

Tulisane kudu bener

b)

Dilampiri data lan foto

c)

Runtut manut strukture

d)

Nganggo basa sing endah

40.

Kegiyatan Sosialisasi Uwuh Organik

Uwuh organik utawa diarani uwuh teles yaiku uwuh kang bisa didaur ulang dadi rabuk. Uwuh organik tuladhane yaiku telek kewan, godhong garing lsp. Jaman saiki akeh masarakat kang ora bisa mbedakake uwuh organik lan anorganik. Bab iki nyebabake uwuh kasebut ora bisa utawa angel diurai. Uwuh organik iki asline nduwe guna kanggo masarakat akeh yen bisa ngolah.

1. Siswa dikenalake uwuh organik

2. Siswa diajari cara milah uwuh organik lan anorganik

Jinis kegiyatan : Sosialisasi uwuh organik

Pasarta : 345 siswa, 15 guru, 5 TU

Wektu : Rebo, 3 April 2024 (07.00 – 10.00)

Panggonan : Lapangan SMP Negeri 2 Bungkal

Ukara kang kacetak kandel mujudake ....

a)

Lelandhesane laporan kegiyatan

b)

Wektu lan panggonan kegiyatan

c)

Andharan bab asil kegiyatan

d)

Tujuwan kegiyatan

41.

Bageyan teks sing manggon ing pungkasane laporan, bisa ditambahi saran tumrap lumakune kegiyatan, kanthi pangajab supaya kegiyatan sing dianakake ing liya wektu bisa lumaku luwih apik, diarani....

a)

surasa

b)

pangarep-arep

c)

panyaruwe

d)

dudutan

42.

“Pungkasane tulisan iki panulis nduweni pangajab ing saben taun sekolah tetep nganakake kegiyatan karya wisata lan asile bisa luwih apik”, iki kalebu struktur teks palapuran kagiyatan ing perangan ….

a)

pembuka

b)

wos/isi

c)

panutup

d)

dudutan

43.

Laporan kegiyatan katulis kanggo pertanggungjawaban marang pawongan utawa lembaga sing menehi kegiyatan. Kajaba kuwi laporan kegiyatan katulis minangka ....

a)

dokumen pribadi para siswa

b)

dokumen kanggo sekolah

c)

bukti manawa kegiatan wis temen-temen dilaksanakake

d)

latihan nulis laporan

44.

1. Kegiyatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 April 2024.

2. Adhedasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester genap.

3. Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar.

4. Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah.

Ukara sing trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiyatan yaiku ing ukara nomer ...

a)

1,2

b)

3,4

c)

1,3

d)

2,4

45.

1. Sambutan kepala sekolah ( 07.00 )

2. Sosilisasi uwuh organik ( 07.45 )

3. Sosialisasi Adiwiyata ( 07.45 – 08.40)

4. Palereman ( 08.40 – 09.00 )

5. Sosialisasi milah uwuh ( 09.00 – 10.00 )

6. Sosialisasi njaga karesikan ( 10.00 – 11.00 )

7. Sesi pitakonan ( 11.00 – 12.00)

8. Sambutan kepala sekolah lan upacara penutupan ( 12.00 – 12.30 )

Miturut struktur teks laporan kegiyatan ing nduwur kelebu…

a)

Jadwal

b)

Jadwal kegiyatan

c)

Kegiyatan lumaku

d)

Acara-acara

46.

Crita kang dadi mula bukane aksara Jawa yaiku ....

a)

Damar Wulan

b)

Ajisaka

c)

Roro Jonggrang

d)

Ciung Wanara

47.

Sandhangan kang digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg diarani ....

a)

Sandhangan swara

b)

Sandhangan wyanjana

c)

Sandhangan panyigeg wanda

d)

Sandhangan pangkon

48.

Tembung kang gunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

a)

Sambel

b)

Tempe

c)

Gule

d)

Sate

49.

Pasangan kang manggon jejer karo aksara legenane yaiku ....

a)

na, ta, sa

b)

nya, ga, sa

c)

pa, la, ga

d)

ha, sa, pa

50.

Pasangan kang owah wujud asline menawa oleh sandhangan suku, cakra, cakra keret, lan pengkal yaiku pasangan ....

a)

na, ga, pa

b)

ka, ta, la

c)

sa, ra, nga

d)

nya, tha, ma

51.

Tembung kang mathuk kanggo mbacutna ukara kasebut yaiku ....

a)

b)

c)

d)

52.

Tembung kang panulisane gunakake cakra keret yaiku ....

a)

Kreta

b)

Kreteg

c)

Kretek

d)

Krecek

53.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

a)

b)

c)

d)

54.

Ambarengi lenggah, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

a)

b)

c)

d)

55.

Panulise aksara Jawa kang bener yaiku ....

a)

b)

c)

d)