wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

soal kisi-kisi Bahasa Jawa 7-1

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Wawan : " Ris, ayo menyang perpustakaan "

Aris : " Ya ayo, aku uga kepingin nyilih buku crita wayang "

wacana pacelathon ing dhuwur kalebu unggah-ungguh basa ... .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

2.

guruku basa jawa .... Bu Miranti

tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ....

a)

jenenge

b)

namane

c)

namine

d)

asmane

3.

pranyatan kang ora trep karo unggah-ungguh nalika pamitan yaiku ....

a)

patrape sopan ora kesusu

b)

matur kanthi basa kang becik

c)

sinambi mlayu amarga kesusu

d)

aja lali nyuwun dongane wong tuwa

4.

ukara - ukara ing ngisor iki kang paling trep miturut unggah-ungguh kanggo pamitan yaiku ....

a)

"bu, wis ya aku mangkat sekolah"

b)

"wis ya pak, aku mangkat sekolah"

c)

"bu, kepareng kula tindak sekolah rumiyin"

d)

"pak, kepareng kula nyuwun pamit bidhal sekolah"

5.

kang ora kalebu tatakramane nalika mlaku ing dalan yaiku ....

a)

mlaku ing sisih kiwa

b)

mlaku kanthi waspada lan ngati-ati

c)

mlaku karo jejer-jejer ngebaki dalan

d)

ora sinambi gojegan lan ora dolanan HP

6.

Nalika prei unggah-unggahan kelas aku sakanca padha dolan ing curug banyu niba. pengalaman ing papan iku nyenengake banget, crita kang dialami banjur ditulis diarani ....

a)

crita pengalaman

b)

crita sambung

c)

crita cekak

d)

crita romah

7.

bab kang ora ana ing sajrone crita pengalaman yaiku ....

a)

paraga utawa tokoh

b)

kedadeyan kang dumadi

c)

pacelathon antarane paraga

d)

papan lan wektune prastwa

8.

kang ora kalebu pigunane crita pengalaman yaiku ...

a)

minangka sarana ngudhar reruweting pikir

b)

minangka piwulang

c)

minangka panglipur

d)

minangka srawung

9.

sakbubare UKK aku pit-pitan menyang guwa selarong bebarengan karo kanca-kancaku. tekan guwa selarong aku karo kanca-kanca padha poto-potonan nganggo hp. crita pengalaman iki kalebu crita kang ....

a)

mboseni

b)

nguciwani

c)

nyenengake

d)

marahi sedhih

10.

kanggo ngisi wektu lodhang lumrahe padha dolanan tetembungan kang ana bedhekane kang diarani ....

a)

cangkriman

b)

wangsalan

c)

parikan

d)

bebasan

11.

nasgithel. tetembungan iku kalebu ....

a)

cangkriman plesedan

b)

cangkriman irib-iriban

c)

cangkriman wancahan

d)

cangkriman awujud tembang

12.

dikethok dadi dawa disambung dadi cendak, unen-unen iki batangane ....

a)

klambi

b)

clana

c)

kebaya

d)

sarung

13.

tengah-tengahe pasar ana apane Dik ?

a)

bakul-bakul

b)

dagangan

c)

kios

d)

s

14.

kewan apa sing anane lanang kabeh ?

a)

kepiting

b)

urang

c)

wader

d)

lele

15.

bapak pocung dudu tampar dudu dhadhung

dawa kaya ula

ancik-ancik wesi miring

yen lumampah si pocung ngumbar swara

cangkriman awujud tembang iki batangane apa ?

a)

ula

b)

gajah

c)

sepur

d)

motor mabur

16.

ngasah arit kudu landhep

..........................................................

larik isi kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku ...

a)

dadi murid nganti tuwa

b)

dadi murid kudu pinter

c)

dadi murid kudu sregep

d)

dadi murid kudu bekti

17.

jangan kacang winor kara

kaduk uyah kurang gula

piwelingku mring pra siswa

.........................................................

Larik kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku .....

a)

aja wedi ing rekasa

b)

aja wedi ing bebendu

c)

aja wedi ing kuwajiban

d)

aja wedi ing tanggung jawab

18.

klapa sawit, wite dhuwur wohe alit

isih murid aja seneng keceh dhuwit

parikan ing dhuwur isine ngandharake bab ....

a)

pitutur

b)

panglipur

c)

pepenget

d)

pengeling-eling

19.

supaya geguritan katon endhah iku kudu nggatekake anane purwakanthi swara utawa...

a)

perulangan lagu

b)

perulangan vokal

c)

perulangan tembung

d)

perulangan konsonan

20.

supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu nggatekake wirama. dene kang dikarepake wirama yaiku ....

a)

gedhe cilike ukara

b)

rasa pangrasane pocapan

c)

munggah-mudhune swara

d)

dawa cendhake tetembungan