wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS BAHASA JAWA SEMESTER 2

Total questions: 35

Worksheet time: 31mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna tembang Sinom ing ngisor iki!

Nulada laku utama

Tumrape wong Tanah Jawi

Wong Agung ing Ngeksi ganda

Panembahan Senopati

Kepati amarsudi

Sudane hawa lan nepsu

Pinesu tapa brata

Tanapi ing siyang ratri

Amemangun karenak tyasing sasama

Tegese Nuladha laku utama, yaiku...

a)

tansah prihatin

b)

nyonto tumindak kang apik

c)

tansah gawe seneng wong liya

d)

kudu bisa meper hawa napsu

e)

Kanggo nggayuh tujuan iku kudu seneng tapa brata

2.

Gatekna tembang Sinom ing ngisor iki!

Bonggan kang tan merlokena

Mungguh ugering ngaurip

Uripe lan tri prakara

Wirya arta tri winasis

Saka wilangan tetelu

Telas tilasing janma

Aji godhong jati aking

Temah papa papariman ngulandara


Pratelan kang ateges wis ora ana ajine babar pisan yaiku ....

a)

Aji godhong jati aking

b)

Telas telasing janma

c)

Uripe ing tri prakara

d)

Wirya arta tri winasis

e)

Mungguh ugering ngaurip

3.

Ing ngisor iki kang ora kalebu wong kang aji godhong jati garing yaiku ....

a)

Uwong kang duwe wirya ning ora duwe arta lan pangkat

b)

Uwong kang duwe kakuatan lan kaluhuran

c)

Uwong kang duwe telung wilangan (wirya, arta, lan winasis)

d)

Uwong kang duwe winasis lan wirya nanging ora duwe arta

e)

Uwong kang duwe arta lan wirya nanging ora duwe winasis

4.

Wonten ing cariyos wayang menika ngewrat budi pakarti ingkang luhur lan taksih relevan kaliyan pagesangan dumugi kapan kemawon, kadosta caranipun dados pemimpin ingkang adil, tatacara pasrawungan, lsp.

Pamawas ing nginggil menika ngandharaken bilih wayang minangka ....

a)

Tontonan

b)

Hiburan

c)

Dolanan

d)

Tuntunan

e)

Sumber kauripan

5.

Pandhawa lima iku tunggal bapak beda ibu. Puntadewa, Werkudara, Janaka iku putrane Dewi Kunthi, dening Nakula Sadewa iku putrane...

a)

Dewi Arimbi

b)

Dewi Madrim

c)

Dewi Srikandhi

d)

Dewi Gandhari

e)

Dewi Gangga

6.

Wayang kuwi wis ana ing Jawa wiwit jaman Majapahit. Ing jaman kuwi wayang wis digunakake ing acara-acara adat, contone acara nikahan, acara desa, utawa upacara adat. Dadi, wayang ing jaman biyen bisa kanggo wadhah silaturahmi tangga teparo.

Miturut wacan ing ndhuwur, ngandharake yen wayang minangka...

a)

Tuntunan

b)

Dolanan

c)

Tontonan

d)

Panutan

e)

Sumber panguripan

7.

Bu Mela : "Lin, toko sing dodolan brownies iku jenenge toko apa?

Linda : "Toko LARIS bu, panggenanipun wonten pojok pasar. Menapa badhe ... brownies, Bu?"

Bu Mela : "Iya ki, kanggo acara pengajian sesuk."

Tembung kang trep kanggo ganepi teks ing ndhuwur yaiku...

a)

mundhut

b)

tumbas

c)

tuku

d)

numbas

e)

nuweni

8.

Kowe sesuk arep diajak ibumu menyang Madiun. Anggonmu matur marang gurumu saperlu nyuwun ijin, yaiku..

a)

Bu, kula benjing nyuwun ijin amargi ajeng diajak ibu teng Madiun

b)

Bu, kula benjing nyuwun ijin amarga arep diajak ibu dhateng Madiun

c)

Bu, kula benjing nyuwun ijin amarga ajeng dipunajak ibu dhateng Madiun

d)

Bu, kula benjing nyuwun ijin amargi badhe diajak ibu dhateng Madiun

e)

Bu, kula benjing nyuwun ijin amargi badhe dipunajak ibu dhateng Madiun

9.

Miturut Crita, sapa sing gawe aksara Jawa iku?

a)

Ajisaka

b)

Dewata cengkar

c)

Jaka Tingkir

d)

Sunan Kalijaga

e)

Hamengku Buwana

10.

Ukara "tata krama amiguna" menawa ditulis aksara jawa dadine ....

a)
b)
c)
d)
e)
11.
a)

yuswane simbok saiki 85 taun

b)

yuswane simbokku saiki 85 taun

c)

yuswane simbokku saiki 95 taun

d)

yuswane simbahku saiki 85 taun

e)

yuswane simbahku saiki 95 taun

12.

Seratan Jawi menika dipunwaos ....

a)

Saben ulangan basa Jawa kancaku tansah entuk biji apik, mula aku ya kepengin kaya dheweke.

b)

Saben wulangan basa Jawa kanca-kancaku bijine apik, aku kepengin kaya dheweke.

c)

Saben ulangan basa Jawa kancaku tansah entuk biji apik, ya aku kepengin anut.

d)

Yen ulangan basa Jawa kanca-kancaku padha entuk biji apik, aku uga mesthi entuk biji apik.

e)

Ulangan basa Jawa kuwi kudu bijine apik, mula aku tansah sinau ben bijiku apik.

13.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

e)

nggawa

14.

Bapak wis ngomong yen aku ora olih lunga menyang Solo. Basa krama aluse tembung kang kacethak miring yaiku...

a)

ngendika

b)

celathu

c)

pitutur

d)

matur

e)

nuturi

15.

Gambar Punokawan Iki jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

e)

Togog

16.

Sedaya kemawon saget rawuh sakmenika.

Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu yaiku ....

a)

Kabeh wae bisa mulih saiki

b)

Kabeh wae bisa teka saiki

c)

Kabeh wae bisa lunga saiki

d)

Kabeh mawon saget dugi saiki

e)

Kabeh wae bisa budhal sakniki

17.

Andri : Rom, iki dhuwit bageyanmu saka Bu Susan.

Romi : ......................................

Andri : isuk mau nalika sakdurunge bel mlebu.

Ukara sing trep kanggo wangsulane Romi, yaiku ....

a)

Kapan olehe menehke?

b)

Kapan olehe nyaoske?

c)

Kapan anggenipun menehke?

d)

Kapan olehe maringne?

e)

Kapan olehe nggawakne?

18.

Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada yaiku …

a)

guru sastra

b)

guru basa

c)

guru lagu

d)

guru wilangan

e)

guru gatra

19.

Nuladha laku utama

tumprape ning tanah Jawi

wong agung ing Ngeksigondo

Panembahan Senapati

kapati amarsudi

sudaning hawa lan nepsu

pinesu tapa brata

tanapi ing siyang ratri

amemangun kayenak tyasing sasama

tembang ing dhuwur duweni patokan/paugeran

a)

gatra : 9, wilangan : 8, 8, 8,8, 7, 8, 7,8,12 lagu : a,i,a,i,i,u,a,i,a

b)

gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a

c)

gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u

d)

gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o

e)

gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i,

20.
1. Karangan kang ditulis kanthi tujuan kanggo ngandharake gagasan lan fakta sing bisa ngyakinake, menehi pituduh, lan bisa nyenengake tumrap wong sing maca diarani ….
a)
geguritan
b)
tembang
c)
artikel
d)
pawarta
e)
parikan
21.
2. Strukture artikel iku dumadi saka ……
a)
pambuka, masalah, dudutan
b)
pambuka, isi, masalah
c)
irah-irahan, pambuka, isi, panutup
d)
irah-irahan, isi, dudutan
e)
dudutan, isi, masalah
22.
3. Artikel iku salah siji bentuk teks sing tujuan e kanggo …..
a)
menehi informasi
b)
menehi hiburan gawe pembaca
c)
mbahas suatu topik peristiwa
d)
jawaban A,B,C benar
e)
ora ono jawaban sing bener
23.
6. Jenis artikel kang nduweni tujuan kanggo menehi informasi ngenani peristiwa utawa kedadean terbaru yaiku …..
a)
Artikel berita
b)
Artikel ilmiah
c)
Artikel opini
d)
Artikel feature
e)
Artikel review
24.
18. Karusakan amarga pokale manungsa bisa nyebabake pageblug. Tembug pageblug tegese .....
a)
karugian
b)
ilang
c)
akeh lelara sing nular
d)
entek
e)
muspra
25.
19. Wacanen artikel ing ngisor iki! Lingkungan Resik Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat. Lingkungan sing kita panggone bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrah panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan seneng omben – omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita. Adhedasar artikel ing ndhuwur, lingkungan kudu resik amarga ....
a)
panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa.
b)
saka lingkungan resik bisa ndadekan urip sehat.
c)
wargane nduweni kebiyasaan becik
d)
kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri.
e)
wargane supaya ora kemroh
26.
21. Nalika nulis utawa gawe artikel, sing ditemtokake pertama yaiku …..
a)
dudutan
b)
perangan
c)
panjelasan data
d)
tema
e)
kesimpulan
27.
22. Ing ngisor iki ana saperangan kang kudu digatekake nalika ngringkes/ngrangkum artikel, kejaba ……
a)
wacan diwaca kanthi tliti supaya mengerteni isi wacan
b)
nyatet babagan ing wacan kang ora penting sing akeh
c)
pikiran pokok saben paragraph saka wiwitan nganti pungkasan bisa runtut
d)
ngembangake babagan wigati kang ditulis migunakane bahasane dhewe
e)
ngurutake babagan wigati ing tiap paragraph supaya urut
28.
23. Babone crita wayang kajupuk saka crita Ramayana lan Mahabharata. Sumber kasebut asale saka tlatah …..
a)
Jawa
b)
Bali
c)
Kawi
d)
Sri Lanka
e)
India
29.
25. Crita Ramayana nyritakake babagan …..
a)
Dewi Shinta diculik Rama lan ditulung Anoman
b)
katrisnane Rahwana lan Dewi Shinta
c)
katrisnane Rama lan Shinta sing diuji dening penculikan Rahwana marang Shinta
d)
kisah Rama trisna marang Kumbakarna adhine Rahwana
e)
Rama lan Shinta perang
30.
27. Ing ngisor iki, sing mbantu Rama nulung Shinta kang lagi diculik Rahwana yaiku …..
a)
Kumbakarna
b)
Sugriwa, Anoman lan pasukan kethek liyane
c)
Subali
d)
Supali
e)
Drupadi
31.
29. Crita Mahabharata nyritakake babagan …..
a)
perang rebutan tahta antarane Pandhawa lan Kurawa
b)
rukune keluarga Pandhu lan Destarata
c)
perang rebutan wanita antarane Pandhawa lan Kurawa
d)
rukune anak putu Prabu Bhisma
e)
perang rebutan pusaka
32.
35. Wayang umume bisa kagawe dadi wujud rong dimensi lan telung dimensi. Dene sing awujud telung dimensi lumrahe kagawe saka ….
a)
suket
b)
kain
c)
walulang
d)
ron tal
e)
kayu
33.
38. Tokoh pewayangan sing duwé sifat wejangan lan selalu maringi nasehat yaiku...
a)
Krishna
b)
Sengkuni
c)
Arjuna
d)
Sinta
e)
Duryudana
34.

41. Paraga kang nduweni watak becik diarani paraga …..

a)

antagonis

b)

triagonis

c)

protagonis

d)

figuran

e)

pembantu

35.
  1. 50. Piweling/pesen kang arep diwedharake dening pangripta marang pamirsa ngenani crita sing dipentasake diarani …..

a)

Amanat

b)

Tema

c)

Latar

d)

Plot

e)

Epilog