NEW
Font size
Worksheetslatian asas x
Total questions: 25
Worksheet time: 49mins
Geguritan iku asale saka tembung lingga “gurit” kang nduweni teges ….
sastra
tembang/tulisan
gagasan
kidung
gagrak
1. Gatekake andharan ngisor iki!
1) Diwiwiti tembung sun gegurit
2) Tibaning swara ing pungkasane ukara padha
3) Cacahe wanda saben sagatra padha
4) Sapada ana patang gatra
5) Jenenge panulise ora ana utawa anonim
Saka andharan ning dhuwur nuduhake titikan geguritan kang jinise ….
gagrak lawas
gagrak anyar
gagrak semi lawas
gagrak solo
gagrak yogya
Ing ngisor iki kang ora kalebu titikane geguritan gagrak anyar yaiku ….
A.
diwiwiti tembung sun gegurit
tibaning swara ing pungkasane ukara padha
cacahe wanda saben sagatra padha
jenenge panulise cetha
sapada ana patang gatra
Salah sijine struktur kanggo mbangun geguritan yaiku imajinasi. Kang diarani imajinasi yaiku ….
g kias utawa konotasi
carane panulis kanggo ngandharake apa kang dadi gagasan kang ana ing geguritan
pamilihing tetembungan kang ana ing sajroning geguritan supaya panulis iku bisa ngandharake pesen kang kamot ana ing sajrone
carane panulis ngajak pamaca supaya ngrasakake apa kang ditulis
wujud tetembungan kang bisa gawe endahing geguritan kanthi tetembungan kan
wujude geguritan kang narik kawigaten saka pamaca
Pamilihing tembung -tembung endah ing sajroning geguritan diarani ...
tema
rima
ritma
amanat
diksi
Nalika maca geguritan kudu aja kaku lan kudu luwes anggone maca, jumbuh karo isine geguritan, obahing awak kang prasaja ora digawe-gawe saengga swasana bisa mbangun kanthi apik. Andharan iku nuduhahe bab maca geguritan bab ….
wirama
wirasa
wicara
wiwitan
wiraga
Kekudanganku
Dening: M. Arif Mahmudi
Ngger, awakmu iku isih wayahe luru ilmu
Ora usah mikir kendhil garing
Cukup bapa biyung kang ngupaya biga
Geger iki isih bisa nyonggi abote damen
Balung iki isih rosa kanggo nggaru
Ora sah sumelang anggonmu merguru
Ya mung awakmu kang dak gadhang-gadhang
….
Saka pethilan geguritan ing dhuwur bisa dimangerteni menawa panggaweyane bapa kang ana ing geguritan ing dhuwur yaiku ….
bakul sega
petani
guru
pekathilk
abdi dalem
Sandhangan kaperang dadi telu yaiku sandhangan swara, sandhangan panyigeg, sandhangna wyanjana. Wulu, pepet, suku, taling lan taling tarung kalebu ing sandhangan ….
panyigeg
wyanjana
aksara jawa
pasangan
swara
Ing ngisor iki kang ora kalebu ing sandhangan panyigeg yaiku ….
pengkal
layar
wignyan
cecak
pangkon
“Kala wingi eyang (lunga) dhateng kebumen”. Tembung ing jero kurung kang bener yaiku ….
dolan
tindak
plesir
budhal
kesah
Tembung krama inggile lungguh, nggawa lan tuku yaiku ….
t
lenggah, ngasta lan mundhut
pinarak, mbekta lan tumbas
pinarak, ngasta lan mundhut
lenggah, mbekta lan tumbas
pinarak, mbekta lan mundhu
Gatekna pacelathon ngisor iki!
Subekti : “Sinten asma panjenengan?”
Budi : “…. Kula budi”
Ceceg-ceceg ing ndhuwur kang trep yaiku ….
Nama
.
Asma
Jeneng
Nami
Sesilih
Ani : “iki bukune sapa ya?”
Ningsih : o, buku sing abang iku …. Bu guru, wingi daksilih. Menawa sing putih iku …..
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
gadhahane, kagunganku
kagungane, gadhahane kula
gadhahipun, duweku
gadhahipun, kagunganku
kagunanipun, duwekku
Unggah ungguh basa iku ditrapake miturut kahanane, sapa pawongan kang diadepi. Ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah-ungguh basane yaiku ….
Bapak sampun rawuh kalawau
Pak sardi arep kesah dhateng peken
Simbah lagi wae tilem, nembe mawon
Omahe pak lurah ingkang majeng ngilen
Pakdhe sampun nedha menapa dereng?
Adhedhasar ancase, wacan kagolong dadi 5, kajaba ….
argumentasi
nominasi
persuasi
narasi
deskripsi
Wacan kang isine ngandharake sawijining objek, bisa samubarang kang urip, barang, papan utawa prastawa kanthi peprincen kang cetha, kaya-kaya bisa nggawa pamaca weruh, krungu ngrasakake utawa nglakoni dhewe bab kang dideskripsikake utawa digambarake yaiku pangertian teks ….
eksposisi
persuasi
deskripsi
narasi
argumentasi
Wacan kang isine ngajak supaya wong kang maca nglakoni apa kang dikandhakake panulis yaiku pangertian teks ….
deskripsi
eksposisi
narasi
argumentasi
persuasi
Udheng basa ngokone iket utawa diarani blangkon (menawa wis dadi kari nganggo) dene basa kramane dhestar. Udheng iku arupa panganggo kang dianggo kanggo nutupi mustaka. Udheng lumrahe kagawe saka kain bathik awujud pesagi kang banjur dilempit, ditata kanthi njlimet supaya hiasan utawa rerenggan ing sisih kiwa lan tengen bisa padha. Banjur dijait miturut ukurane mustaka kang ngersakake.
Miturut struktur saka wacan ana ing dhuwur, wacan kasebut bisa diarani jinis teks deskripsi amarga ….
ana ing wacan kasebut, diandharna kanthi basa kang naratif bab udheng
wacan kasebut nggambarake bab udheng kanthi laras
menehi pamanggih kang mligi sawijining bab kanthi logis lan nalar
ngajak para pamaos supaya padha enggal nggunakake udheng ing padinan
nggambarake bab kabudayan kanggo pamaos supaya gelem nglestarikake udheng
Tembung “menek klapa” menawa ditulis migunakake aksara jawa kang bener yaiku ….
ing ngisor iki kang kalebu sandhangan yaiku ....
ing ngisor iki kang ora kalebu purwakanthi sastra yaiku ....
lumantar donga bakal kasembadan
ana awan ana pangan
tata titi tentrem
rega nggawa rupa
katresnaning ati, atining para pamuji
Sega megana dadi panganan kas warga Pekalongan. ukara kasebut menawa ditulis nganggo aksara Jawa miturut paigeran kang bener dadine …
Wacan kang asipat ilmiah nonfiksi kang njlentrehake sawijining bab miturut kasunyatan kang bisa njembarake kawruhe wong kang maca yaiku pangertian teks ….
eksposisi
deskripsi
persuasi
narasi
argumentasi
Kanggo mungkasani ukara ing aksara jawa biasane nganggo tanda titik (.) kang di arani …
Pangkon
Pada lingsa
Pada lungsi
Adeg-adeg
wigyan
Ukara ing dhuwur nganggo sandhangan apa wae ?
Taling tarung, wigyan
Taling, wigyan
Pepet, suku
Wulu, layar
Pepet, taling
