Font size
WorksheetsASAT JAWA 7 SMT GENAP
Total questions: 51
Worksheet time: 28mins
TEKNOLOGI
Kebutuhan manungsa saiki meh kabeh dibantu dening piranti kang migunakake teknologi. Teknologi pagaweyane manungsa luwih enteng. Teknologi iku manekawarna : computer, mesin cuci, mobil lan sapiturute.
1.Pethikan pada ing ndhuwur, nuduhake perangan …..
a .Resolusi
b.Orentasi
c. Panemu/tesis
d. Argumentasi
2. Kanthi mangkono ora bener yen Ngawi diarani Kutho Cilik nanging nduweni prestasi koyo dene Kutho Gede”
Pethikan ukara ing dhuwur dadi perangan teks eksposisi ing…..
a. Panemu
b. Alesan
c. Panegesan
d. Pambuka
3. Saben Cerito iku duwe struktur kang urut. Ing ngisor iki endi urutan struktur kang bener….
a. Orentasi- Resolusi – Komplikasi – Amanat
b. Amanat – Orentasi – Komplikasi – Resolusi
c. Orentasi – Komplikasi – Resolusi – Amanat
d. Resolusi – Orentasi- Komplikasi – Amanat
4. Jelita nganggo sragam kebaya amarga sekolahane mingeti dina Kartini.
Ukaran ing dhuwur yaiku ukara camboran,perangan sing nuduhake katrangan sebab yaiku…
a. Mengeti
b. Nganggo
c. Dina Kartini
d. Amarga
Ki Hajar Dewantara kalebu salah satunggaling panutan Pendidikan Nasional ingkang miyos wonten ing Ngayogyakarta, 2 Mei 1889. Miyos saking keluarga bangsawan Nganyogyokarta 5.Tembung miyos ing wacan dhuwur tegese….
a.Metu
b.Lahir
c. Liwat
d. Mlebu
Semaken pethikan teks ing ngisor kanggo mangsuli pitakonan nomer 6-7
………………….
Ing taman Argosaka, nagara Ngalengka, Prabu Dasamuka masrahake wanita sing dicidra, Dewi Sinta marang keponakane Dewi Trijatha. Dewi Trijatha mbujuk supaya Dewi Sinta gelem dipundhut garwa dening Prabu dasamuka. Pethikan pada ing dhuwur isine arupa andharan ngenalake papan lan paraga utawa tokohe. Pada Kasebut trep yen didadekake perangan struktur...
a. Orentasi
b. Komplikasi
c. Resolusi
d. Amanat
Dewi Trijatha iku sapa ……
a. Anake Dasamuka
b. Ponakane Dasamuka
c. Ibune Dasamuka
d. Mantune Dasamuka
Perangan panutup kang ngemot andharan pangudhare perkara yaiku…
a. Orentasi
b. Komplikasi
c. Resolusi
d. Amanat
1. Gatutkaca bisa mabur tanpa elar ing kayangan. Tembung kayangan pada tegese karo….
a. Awang-awang, angkasa, langit
b. Alam ghaib, alam dhoya, akhirat
c. Langit, awing-awang, ghaib
d. Angkasa, alam ruh, alam akhirat
1. Angen – angene koyok nggayuh rembulan . ukara rembulan podo tegese…
a. Tirta
b. Candra
c. Bantala
d. Pratiwi
1. Endi kang kalebu dasanamene janaka yaiku…
a. Werkudara
b. Bima
c. Abiyasa
d. Arjuna
1. Tembung ing ngisor iki kang kalebu dasaname bener yaiku…..
a. Gunung, arga , samudra
b. Sunu, putra, yoga
c. Srengenge, langit, bulan
d. Rembulan, sasi, bagaskara
1. “Yen wis tinitah wong agung” apa tegese tinitah ….
a.Ditetah
b.Ditakdirke
c. Diajari
d. dilakoni
1. Puisi gagrag anyar sing ora kaiket dening paugeran kaya ing tembang diarani….
a. Geguritan
b. Parikan
c. Paribasan
d. Bebasan
1. Supaya bisa ngerteni isi lan maksude geguritan sing diwaca bab-bab sing kudu ditindakake luwih dhisik kaya andharan ing ngisor iki, kajaba….
a. Njlentrehake sambung rapete ukara siji karo liyane
b. Pangucape tembung senajan salah nanging kudu banter
c. Ngudhari utawa negesi tembung-tembung kang utama
d. Olehe maca geguritan dibolan-baleni nganti paham
Nalika ngarang geguritan, senajan nduweni kebebasan nanging sing diutamakake yaiku..
a. Anane rasa kaendahan
b. Basane angel dingerteni
c. Isine kudu ringkes lan padhet
d. Anane tembung-tembung kawi
1. Pamilahe tembung utawa pilihane tembung ing geguritan diarani…
a.Tema
b. Amanat
c. Diksi
d.Gaya bahasa
1. Aja (pangan) roti iku amarga wis kadaluwarsa. Tembung kang trep kanggo nglengkapi tembung ing njero kurung yaiku…
a.Dak
b. Kok
c.Di
d.Tak
1. Ukara ing ngisor iki endi sing kalebu ukara carita….
a. “Duh Gusti kulo nyuwun dipun wangsulaken wewujudan kulo kados winginane”
b. Ibu guru ndhawuhi bocah-bocah supaya ngumpulake tugas
c Ibu guru dhawuh “bocah-bocah sesuk ojo lali ngumpulake tugas ”
d. “Aku saiki wis bisa maca lan nulis aksara jawa ”
Semaken pethik' an Teks lagu jawa ing ngisor iki, kanggo mangsuli pitakonan nomer 20-21
Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi
Ning saiki ana ngendi
1. Pethikan ing dhuwur kajupuk saka lagu…
a. Tembang Kangen
b. Caping Gunung
c. Prahu layar
d. Pepeleng
1. Isi pethikan lagu ing dhuwur nangenake babagan…..
a.Eling nalika jaman perjuangan
b. Eling kuwajiban sembahyang
c. Eling marang wong tuwane
d.Eling marang sasamane
1. Panganggone basa ngoko lugu sing bener yaiku….
a. Budi ditimbali Bu Guru arep diutus
b. Roni maca buku ing kamar
c. Bapak tindak menyang Jakarta
d. Ibu nitih sepedha motor
1. Tuladha ukara sing nganggo basa ngoko alus yaiku….
a. Panjenengan iku arep tindak pundi?
b. Kula diutus tumbas buku
c. Mas Danang nembe rawuh saking Malang
a. Sinten sing kersa mundhut ageman?
Semaken pethikan lagu jawa ing ngisor iki, kanggo mangsuli pitakonan nomer 24-25
Aja dipleroki
Mas, mas, mas , aja dipleroki
Mas, mas, mas aja dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngerti cara
Aja tonggal kapribaden ketimuran
Meng gek keri ing jaman
Mbok ya sing eling, eling bab apa
Iku budaya, pencene bener kandamu
1. Pesen utawa amanat lagu ing dhuwur yaiku…
a. Kudu bisa njaga budayane timur
b. Kudu gelem mbiyantu wong liya
c. Rukun karo kangmase
d. Aja seneng plerak plerok
1. Ukara “aja ditinggal kapribaden ketimuran” ing lagu iku mengku surasa….
a. Aja lali marang kabudhayan Jawa
b. Aja lali awake pribadhi
c. Aja seneng ngurusi kapribadiane liyan
d. Kudu bisa nglalekake budayane dhewe
1. Ana ing crita kang njelasake prastawa, prakara kang dadi underan crita iku ing struktur teks crita rakyat bagian….
a.Komplikasi
b.Resolusi
c. klimaks
d. klimaks
1. Jingglengi paragraf kang nepungake paraga-paraga ing teks lan panggonan kalebu analisis struktur teks crita rakyat bagian….
a. Orientasi
b. Komplikasi
c. Klimaks
d. Resolusi
1. Pethikan lagu ing ngisor iki endi sing migunakake wangsalan …..
a. Gethuk asale saka tela, mata ngantuk iku tambane apa
b. Jenang gula ya mas ya mbok aja lali
c.. Kolik priya priyagung anjani putra
d. dhayuhe teko, e jerengna klasa, e klasane bedhah, e tambalen jadah
Semaken pethikan teks ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 29-33
Caping gunung
(saben wengi nyawangi konang
Yen memajang mung karo janur kuning
Kembang wae weton gunung
Pacitan sarwi jenang 1
Panas udan aling aling caping gunung
Nadyan wadon sarwi lanang
Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi, yen saiki ana endi 2
Jarene wis menang keturutan sing digadhang
Biyen nate jani ning saiki apa lali
REFF:
neng gunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung tak silihi caping gunung 3
Syukur bisa nyawang, gunung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone pada lara lapa
1. Lagu kreasi ing dhuwur wujude arupa lagu / tembang…..
a.Langgam
b.Dolanan
c.Macapat
d. sulukan
1. Perangan kang kalebu “bawa” dituduhake ing nomer…..
a.1
b.2
c.1 lan 2
d.3
1. Perangan kang kalebu”reffain” sing asring dibolan baleni yaiku nomer….
a.1
b.2
c.3
d.1,2,3
1. Ing perangan katelu lagu iku migunakake purwakanthi….
1. Tema lagu ing dhuwur ngandhakake babagan…
a. Jaman Walanda
b. Kahanan maju saiki saka asli perjuangan
c. kesehatan urip ono ing gnung
a. Kahanan urip kao wong liyo
Basa kang di gunakake ing geguritan lan mujudake basa sing endah diarani basa...
a. krama alus
b. kedhaton
c. ngoko alus
d. rinengga
Geguritan asale saka tembung gurit kang duweni teges...
a. Lagu
b. Kidung
c. Prosa
d. gancaran
Jinis geguritan kang kawiwitan kanthi tembung sun gegurit mujudake geguritan gagrak
a. Modern
b. bebas
c. Lawas
d. Anyar
Penulisan geguritan nggunakake basa sing ngandut makna kang jero.
kang mangkono nuduhake basa ing geguritan asipat...
a. Mentes
b. Cekak
c. Edukatif
d. Estetis
Geguritan kang kadapuk saka sangang gatra di arani
a. gita hastagatra sapada
b. gita nawagatra sapada
c. gita saptagatra sapada
d.gita pancagatra sapada
Perangan dawa candhake swara utawa cekak lanture nalika maca geguritan diarani
a. Jeda
b. Intonasi
c. Pelafalan
d. Irama
Geguritan diwaca kanthi tehnik maca ...
a. Cepet
b. Endah
c. Pemahaman
d. Ekstrensif
Katrangan kang nuduhake titikane geguritan yaiku...
a. nggunaake tembung sing mentes lan pinilih
b. nggunaake tembung panggandeng
c. Tetembungane dawa lan ngayawara
d. awujud gancaran
Sajroning geguritan lumrahe nggunaake purwokanthi guru
a.Sastra
b. Lagu
c. wilangan
d. swara
Geguritan ing dhuwur klebu jinis geguritan ...
a. Kuna
b. lawas
c. anyar
tengahan
Katrangan kang trep kanggo nggambarake amanat kang kinandhuting geguritan yaiku...
a. Kadang kanoman ora kudu nguri nguri crito wayang amargo amargo ora kabeh duwe kaprigelan kanggo ndalang
b. crito wayang klebu budaya jawa kudu di uri-uri amarga ngandut pitutur kang suci.
c. crito wayang iku klebu crito kuno singwes ora bisa ditrapke jaman saiki.
d. kadang kanoman kudu bisa njaga warisan budaya kanthi ajar ndalang
Geguritan ing dhuwur ngemu surasa kang ...
a. Nyemoni
b. Panyendu
c. Nuturi
d. ngalembana
Geguritan kangsaka kadhapuk wolung gatra diarani...
a. gita hastagatra sapadha
b.gita nawagatra sapada
c. gita saptagatra sapada
d. gita pancagatra sapada
Geguritan ing kasussastran jawa kapantha dadi...
a.lima
b.Papat
c. Telu
d. loro
Maca geguritan kanthi nggatekake obahing awak kanggo nyengkuyung kahanan kang diwaca.Babagan iku diarani...
a. Wicara
b. Wirasa
c. wirama
d. wiraga
Geguritan gagrak anyar migunaake basa jawa...
a.Kuna
b. Anyar
c. Krama
d. Kawi
Nalika maca geguritan,ana babagan mandheke swara ing basa kang di arani...
a. Jeda
b. Nada
c. Intonasi
d. Tandha wacan
Apa sing diarani Geguritan !
Apa bedane geguritan karo Syair !
@Tulisen gae AksaraJawa @:
a. Tahu Limo
b. Tuku Buku
c. Sate telu
d. Tape telo
e. Sate Tahu
@Basa jawa ngoko iki gaenen krama inggil@
A. Bapak lagi mangan sego rawon ono omah mburi
B. Ibu menyang pasar tuku klambi
