wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BASA JAWA LATIHAN SOAL

Total questions: 50

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Ragam bahasa lisan yaiku ragam basa kang diandharake lumantar media lisan, kang ana gegayutane karo . . . .

a)
sesawangan lan wayah
b)
kahanan lan wayah
c)
ekspresif lan kahanan
d)
intonasi lan wayah
e)
mimik lan kahanan
2.

Ing ngisor iki gunane basa ngoko alus, kajaba . . . .

a)
Sedulur utawa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate
b)
Garwane priyayi marang sing kakung
c)
Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokoan
d)
Wong tuwa marang wong enom
e)
Ibu marang Bapak kang wis ngoko-ngokoan (wis kulina)
3.

Salah siji ciri khase naskah drama yaiku awujud pacelathon. Naskah drama iku mujudake tetiron saka panguripane manungsa saben dinane. Mula saka iku dialog digunakake mujudake pacelathon padinan kang nggunakake basa lisan kang . . . .

a)
langsung
b)
kaiket dening gramatikal
c)
formal
d)
komunikatif
e)
efektif
4.

Perangan wiwitane crita kanggo nepungake paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani . . . .

a)
jejer (orientasi)
b)
pasulayan (komplikasi)
c)
pangudhare prakara (resolusi)
d)
pungkasaning crita (coda)
e)
owahaning crita (revolusi)
5.

“Omahku sing madhep ngalor cedhak pasar kae lho.” Yen didadekake basa krama alus yaiku . . . .

a)
Dalem kula sing madhep ngalor cedhak pasar kae lho
b)
Dalem kula ingkang majeng ngaler caket peken menika lho
c)
Griya kula sing madhep ngalor cedhak peken niko lho
d)
Dalem kula sing madhep ngalor cedhak pasar kae lho
e)
Griya kula ingkang majeng ngaler caket peken menika lho
6.

Sajerone pagelaran lakon, paraga kudu bisa ngatur suara, supaya….

a)
Antawacana bisa keprungu endhek-dhuwur dening pamirsa ing sajrone gedhung
b)
Antawacanane bisa kaprungu kanthi jelas dening pamirsa ing sajerone gedhung utawa panggung
c)
Paraga lakon bisa ngatur intonasi (nada/endhek-dhuwure suara) ing sajerone gedhung utawa panggung
d)
Paraga lakon bisa ngatur intonasi (nada/endhek-dhuwure suara) ing sajerone gedhung utawa panggung
e)
Paraga lakon bisa ngatur artikulasi (kedal/obah lan menga-mingkeme tutuk) ing sajerone gedhung utawa panggung
7.

Perangan wiwitane crita kanggo nepungake paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani . . . .

a)
jejer (orientasi)
b)
pasulayan (komplikasi)
c)
pangudhare prakara (resolusi)
d)
pungkasaning crita (coda)
e)
owahaning crita (revolusi)
8.

Paraga ing crita cerkak kuwi bisa kagolongake dadi telu yaiku…

a)

Antagonis, protagonis, psikologis

b)

Antagonis, psikologis, tritagonis

c)

Protagonis, antagonis, tritagonis

d)

Casting , tritagonis, antagonis

e)

Psikologis, casting, protagonis

9.

centangen kang kalebu struktur teks drama!

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

koda

10.

Nyuwun tulung panjenengan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku ……

a)

Ngoko alus

b)

Ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

11.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Alus

d)

Krama Lugu

12.

Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama lugu

d)

Krama Alus

13.

Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!


Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”

Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”

Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.”

Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.”

Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.”

Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas.


Pratelan dialog ing ndhuwur nggunakake ragam basa..

a)

ngoko alus

b)

krama lugu

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

14.

Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!

(Esuk iku ing kelas lagi pelajaran basa Jawa, Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab tembung saroja, para siswa pada mangsuli pitakonane bu Eni, ujug-ujug Bagas teka lan langsung nuju lungguhane)

Bu Eni : “Bagas, geneya kok tekamu telat?”

Bagas : “Nyuwun pangapunten, Bu! Kula kerinan.”

Bu Eni : “Geneya kok tangimu nganti kerinan, Bagas?”

Bagas : “Kalawingi tilem kula kedalon, Bu. Ningali bal-balan wonten TV”

Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV, nanging kudu eling wektu. Yen ora malem minggu ora oleh nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu mangkat sekolah. Yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”

Bagas : “Inggih, Bu!”


Ragam basa kang digunakake Bagas ing pratelan dialog kasebut yaiku....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama Alus

d)

Krama lugu

15.

“Aku wingi ngombe es mula dina iki watuk”

Ukara iki menawa ana ing unggah ungguh basa bisa klebu ragam basa apa?

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

16.

Ragam basa jawa kang kabeh tembung gunakake krama lan ora ana campuran ngoko utawa madya yaiku...

a)

Krama lugu

b)

Krama alus

c)

Ngoko alus

d)

Krama ndesa

17.

“Pak Lukita sajane gerah apa ta Yu? Kok sesasi pisan tindak rumah sakit”

Miturut unggah-ungguh basa Jawa, ukara ing ndhuwur iku klebu ragam basa apa….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

18.

Rusman : Assalamuallaikum wr wb, kula nuwun pak badhe nyuwun pirsa Rizal punapa wonten dalem?

Pak Darno : Waalaikumsalam iya le, Rizal ana ing omah nanging iki mau nembe dikongkon biyunge tuku tabung gas. Ana apa?

Rusman : Menika kula badhe wangsulake buku Basa Jawa kagunganipun Rizal ingkang kula ampil kala wingi.

Pak Darno : Ooo ya le, kene daktampanane mengko yen Rizal wis mulih bisa dakcaosake bocahe.

Rusman : Inggih pak menika bukunipun Rizal. Menawi mekaten kula pamit rumiyin nggih pak. Matur nuwun wasalamuallaikum

Pak Darno : Ya le, ati ati ya

Miturut pacelathon ing nduwur Rusman anggone matur karo Pak Darno gunakake ragam basa apa?

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

19.

Siti : Kula nuwun, leres menika ruang karyawan?

Tika : Inggih leres mbak, wonten punapa?

Siti : Tepangaken kula Siti karyawan enggal wonten Rumah Sakit Bhakti

Tika : Ooo ingkang karyawan enggal ta? Nggih mangga, kula Tika. Sampeyan dalemipun pundi mbak Siti?

Siti : Inggih mbak Tika, griya kula Nusukan. Menawi sampeyan mbak?

Tika : ............................................................

Pacelathon kang ana ing ndhuwur iku gunakake ragam basa apa?

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

20.

Tembung kasebut nduweni pasangan

a)

da

b)

wa

c)

ma

d)

ca

e)

tha

21.

Penulisan tembung gasik ing ngisor iki sing bener yaiku…

a)
b)
c)
d)
22.

Aksara Jawa ing pinggir unine yaiku ...

a)

Cara

b)

Coro

c)

Soro

d)

Cono

23.

"Pengajian" menawa ditulis nganggo aksara jawa ... .

a)
b)
c)
d)
e)
24.

"Wong tuwa kudu dibekteni."

Ukara kasebut menawa ditulis nganggo aksara jawa dadi ... .

a)
b)
c)
d)
e)
25.

Aksara Jawa Legena yaiku …..

a)

Aksara jawa seng duwe sandhangan

b)

Aksara jawa sing durung ana sandhangan

c)

Aksara jawa sing cacahe ana 5

d)

Aksara Jawa sing cacahe 10

e)

Aksara Jawa sing cacahe 20

26.

ha na ca ra ka, tegese ….

a)

padha pasulayan

b)

ana utusan

c)

padha saktine

d)

ana gajah gidro

e)

padha digdaya

27.

da ta sa wa la, tegese …..

a)

ana utusan

b)

padha pasulayan

c)

padha matine

d)

padha digdaya

e)

ana dhawuh

28.

pa, da, ja, ya, nya

a)

ana utusan

b)

padha pasulayan

c)

padha matine

d)

padha digdaya

e)

ana dhawuh

29.

ma, ga, ba, tha, nga

a)

ana utusan

b)

padha pasulayan

c)

padha matine

d)

padha digdaya

e)

ana dhawuh

30.

Aksara jawa legena cacahe ana …

a)

21

b)

20

c)

25

d)

26

e)

10

31.

Sandhangan taling tarung kanggo ngganti swara …

a)

a

b)

i

c)

u

d)

e

e)

o

32.

Tembung kasebut diwaca .................

a)

tumbas kwaci

b)

mangan kwaci

c)

tumbas roti

d)

mangan roti

e)

tumbas panci

33.

Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara latin yaiku

a)

Panyen penak wadi bocah sekolah

b)

Panyecen wenak dadi wong sekolah

c)

Pancen penak dadi bocah sekolahan

d)

Pancen wenak dadi wong sekolahan

34.

Wangsulana pitakonan kasebut

a)
b)
c)
d)
35.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kulonan

e)

Basa Jawa kang nduweni teges akeh

36.

Ayu lan baguse pawongan ora dideleng saka rupane, nanging tyas kang suci.

Tyas kalebu tembung kawi, kang tegese....

a)

Jiwa

b)

Kabecikan

c)

Bandhane

d)

Kapinterane

e)

Ati

37.

Ana dina, ana upa

Ana awan, ana pangan

Unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru....

a)

Swara

b)

Lagu

c)

Lumaksita

d)

Sastra

e)

Basa

38.

Ancik-ancik pucuking eri

Unen-unen kasebut kalebu....

a)

Pepindhan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Paribasan

e)

Saloka

39.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....

a)

Menehi rasa endah

b)

Njelasake teges

c)

Nambahi rasa mbangetake

d)

Nambahi rasa cetha

e)

Nggambarake kahanan

40.

Purwakanthi kang ana tembung dibaleni diarani purwakanthi guru....

a)

Lagu

b)

Swara

c)

Sastra

d)

Lumaksita

e)

Wilangan

41.

jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya,lir, kadya, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani...

a)

purwakanthi

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

paribasan

42.

ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...

a)

Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.

b)

Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.

c)

Padha karo kowe nek babagan tresna, aku ya mung melu-melu wae.

d)

Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.

e)

Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.

43.

sinom iku duweni teges ...

a)

kumambang

b)

lair

c)

anom

d)

cocok

e)

manis

44.

titikane tembang sinom, yaiku ...

a)

8i, 8a, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12i

b)

8i, 8a, 8i, 8a, 7a, 8u, 7i, 8i, 12a

c)

8a, 8i, 8a, 8i, 7a, 8u, 7i, 8i, 12u

d)

8a, 8i, 8o, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12o

e)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

45.

kepati amarsudi

tegese tembang ing dhuwur, yaiku ...

a)

contolah perilaku utama

b)

bagi kalangan orang Jawa (Nusantara)

c)

mengurangi hawa nafsu

d)

dengan jalan prihatin (bertapa)

e)

yang tekun

46.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

47.

Paugeran tembang macapat wonten tiga inggih menika ....

a)

guru lagu, guru swara, guru basa

b)

guru lagu, guru basa, guru gatra

c)

guru gatra, guru wilangan, guru basa

d)

guru gatra, guru lagu, guru wilangan

e)

guru gatra, guru lagu, guru swara

48.

Tembang kang nduweni teges menawi sampun padha-padha tresna, banjur dikramakake utawa dikawinke supaya iso urip bebarengan. Tembang iki diarani ...

a)

pangkur

b)

gambuh

c)

megatruh

d)

pocung

e)

durma

49.

Tegesipun guru gatra menika kados pilihan ing ngadhap menika ...

a)

cacahipun wilangan larik/gatra saben sapada.

b)

cacahipun wilangan wanda

c)

dhawahipun swantenwonten ing pungkasaning gatra

d)

paugeran-paugeran utawi metrum reriptan

e)

kaselarasaken kaliyan titilaras (notasi)

50.

Guru Wilangan yaiku....

a)

cacahing ukara (kalimat) saben bait

b)

cacahing suku kata saben kalimat

c)

suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)