Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Assessment Akhir Satuan Pendidikan Tahun 2023-2024

Total questions: 45

Worksheet time: 55mins

Name
Class
Date
1.

 

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku

Geguritan ing ndhuwur nduweni irah-irahan....

a)

Sekolahku

b)

Guruku

c)

Gegayuhanku

d)

Nyuwun pangestu

2.

Nalika nulis geguritan, kang pertama kudu ditemtokake yaiku. . . .

a)

Tema

b)

Alur

c)

Setting

d)

Amanat

3.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

c)

Katon lemes supaya wong padha bosen

d)

Katon sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

4.

Salah sijine jenis karangan sastra Jawa sing dikarang kanthi nengenake rasa kaendahan diarani....

a)

pantun

b)

geguritan

c)

kakawin

d)

cerkak

5.

geguritan iku kangga gampange diarani uga ...

a)

kakawin jawa kuna

b)

kidung jawa pertengahan

c)

tembang macapat

d)

tembang campursari

e)

puisi gagrag anyar

6.

Jingglengana geguritan ing ngisor!


Medhitasi Mangsa

Sumono Sandy Asmoro


....

Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake

Samubarang kang ana ing sadhuwure

Kabeh winih dithukulake

Ora metung papak lancipe


Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...

a)

Kudu milah lan milih

b)

Tumindak sakarepe

c)

Kang ngina mring sasama

d)

Ora oleh mbeda-mbedake

e)

Kudu bisa mbeda-mbedakake

7.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu...

a)

Mangerteni isine

b)

Mangerteni wujude

c)

Mangerteni tulisane

d)

Mangerteni macane

8.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

9.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

10.

Yen isine geguritane bab semangat polatane sing maca kudu ....

a)

Lemes

b)

Sedih

c)

Teges

d)

Seneng

11.

Ing ngisor iki sing ora klebu titikane geguritan, yaiku...

a)

cacahe gatra bebas

b)

basane endah

c)

klebu karya sastra Jawa gagarag anyar

d)

cacahe bait utawa pada kaiket paugeran (aturan)

12.

Maskumambang, Pucung, Mijil, Sinom iku kalebu tembang ....

a)

dolanan

b)

gedhe

c)

parikan

d)

macapat

13.

dipunsami ambanting ing badanira

nyuda dhahar lan guling

darapon sudaa

nepsu kang ngambra-ambra

rerema ing tyasireki

dadya sabarang

karyanira lestari


miturut pethilan tembang kasebut kalebu tembang macapat

a)

Durma

b)

Gambuh

c)

Kinanthi

d)

Dhandhanggula

14.

Serat Wulangreh iku kaserat dening....

a)

Sunan Paku Buwana I

b)

Sunan Paku Buwana II

c)

Sunan Paku Buwana III

d)

Sunan Paku Buwana IV

15.

Panulise Serat Wulangreh arupa.....

a)

Tembang

b)

Geguritan

c)

Syair

d)

Pantun

16.

Apa kang dadi patokan ing jero tembang macapat?

a)

Guru Lagu, Guru Gatra, Guru Pada

b)

Guru lagu, Guru Wilangan, Guru Sasta

c)

Guru Lagu, Guru Wilangan, Guru Gatra

d)

Guru Lagu, Guru Wilangan, Guru larik

17.

Ing ngisor iki kang ora kalebu jenise tembang macapat yaiku....

a)

Megatruh, Kinanthi, Pocung, Durma, Pangkur

b)

Megatruh, Dhandhanggula, sinom, Gambang suling

c)

Pocung, Kinanthi, Gambuh, Pangkur

d)

Pocung, Kinanthi, Gambung, Maskumambang

18.

Tibane swara ing pungkasane gatra diarani ....

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru lumaksita

19.

Cacahe tembang Macapat ana ....

a)

10

b)

11

c)

12

d)

14

20.

Cacahing wanda ing saben-saben sagatra ing tembang Macapat diarani ....

a)

pada

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru lagu

21.

Guru gatrane tembang Durma cacahe ana ....

a)

5 gatra

b)

6 gatra

c)

7 gatra

d)

8 gatra

22.

Guru wilangan lan lagu tembang Durma yaiku...

a)

12a, 7ng, 6a, 7a, 8i , 5a, 7s

b)

12a, 7ng, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

c)

12i, 7a, 6i, 7a, 8a, 5i, 7a

d)

12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

23.

Watake tembang Durma yaiku ....

a)

Galak

b)

Nalangsa

c)

manis

d)

prihatin

24.

Tembang macapat sebutna apa wae

a)

Menthok-menthok, pucung, lir-ilir, maskumambang, jaranan, pangkur,

b)

Gambuh, kinanthi, asmaradana, kidang talun, mijil, durma

c)

Pucung, gambuh, mijil, maskumambang, durma, kinanthi, asmaradhana, sinom, pangkur, dhandhanggula, Megatruh

d)

Mijil, durma, cublek-cublek suweng, jaranan, pangkur, sinom, kupi kuwi, dhandhanggula, kathok putih

25.

Kang kalebu tujuan saka sesorah utawa pidhato yaiku. . . .

a)

Menehi informasi utawa pangerten

b)

Menehi kabar

c)

Aweh panglipur

d)

Jawaban a, b, lan c bener kabeh

26.

Mangga kula lan panjenengan tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, inggih awit sih wilasanipun kita pinaringan kanikmatan, satemah saged kempal ing pahargyan PEPISAHAN SISWA KELAS VI tamatan warsa 2015/2016 ing dinten Kemis Wage 9 Juni 2015 ing SD Pamardi Putri kanthi widada nir ing sambekala.


Tembung "pinaringan" padha tegese karo ....

a)

diwenehake

b)

diwenehi

c)

menehake

d)

menehi

27.

Tembung liya saka pidhato, yakuwi....

a)

undangan

b)

sesorah

c)

kempalan

d)

ukara

28.

Tuladha surasa/isi pidhato, yakuwi....

a)

Cekap semanten atur kula, menawi lepat kula nyuwun pangapunten

b)

Mangga sami muji marang Gusti Sing Kuwasa, awit dinten niki kita taksih saged kempal wonten papan ngriki

c)

Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca kanca sing tak tresnani

d)

Kanca kabeh sing tak tresnani, dadi siswa kudu sregep sinau, manut marang guru, lan netepi aturan sekolah

29.

Salam ing pungkasane (akhir) pidhato kasebut...

a)

salam pembuka

b)

salam panutup

c)

surasa basa

d)

purwaka

30.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

31.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten , awit kula sakanca asring ndadosaken Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking solah bawa kula ingkang mboten mranani penggalih.

Paragraph ing ndhuwur sing pidhato nyuwun....

a)

donga pangestu

b)

lulus sekolah

c)

pangapunten

d)

sekolah sing apik

32.

(1) Isi/Suroso

(2) Purwaka/pambuka

(3) Panutup

(4) Salam Panutup

(5) Salam Pambuka

Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...

a)

2-5-1-3-4

b)

5-2-1-3-4

c)

5-2-4-3-1

d)

2-5-1-3-4

33.

Nalika sesorah sesorah marang wong luwih tuwa nganggo basa…

a)

ngoko

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

ngoko andhap

34.

Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku…

a)

wigatining atur

b)

pangarep-arep

c)

pambuka

d)

salam pambuka

35.

Gatekna bab-bab ing ngisor iki!

(1) ndhingkluk

(2) tangan ngapurancang

(3) nyawang tamu

(4) nguwasani pemirsa

Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer…

a)

(4)

b)

(3)

c)

(2)

d)

(1)

36.

Supaya bisa micara kanthi lancar, sajrone pidhato kudu ngerteni ....

a)

sing nonton

b)

materi pidhato

c)

sing nata swara

d)

pranata acarane

37.

Drama yaiku karangan kang disusun awujud paguneman kanggo....

a)

diwaca

b)

digancarake

c)

ditulis

d)

dipentasake

38.

Paraga kang nduweni watak apik diarani....

a)

antagonis

b)

protagonis

c)

figuran

d)

tritagonis

39.

Ing ngisor iki kang dudu perangane latar yaiku latar....

a)

wektu

b)

panggonan

c)

swasana

d)

crita

40.

Sandiwara iku gadhah unsur intrinsik, ingkang boten kalebu unsur instrinsik sandiwara yaiku...

a)

alur

b)

paraga

c)

latar

d)

sosial budaya masyarakat

41.

Jelasno opo seng diarani Tema iku!

4 lines
42.

Wenehono conto ukuro tanggap ( kalimat aktif)

4 lines
43.

Coba nggaweo ukoro /kalimat kosok balen 3 wae!

4 lines
44.

Apa artine tembung paribasan besar pasak dari pada tiyang?

4 lines
45.

Cobo nggawea ukoro paribasan 3 wae!

4 lines