Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

tontonan kang ngandhut tuntunan (DRAMA)

Total questions: 18

Worksheet time: 3hrs 39mins

Name
Class
Date
1.

apa sing diarani drama iku?

a)

karya seni kang digelar ing tontonan, diperagake karo paraga

b)

karya sastra kang tujuane kanggo nggambarake kauripan kanthi nuduhake konflik lan emosi lumantar tumindak lan pacelathon kang lumrahe ditata kanggo pagelaran pamentasan ing panggung

c)

Ketoprak, lodrug, wayang

d)

pementasan sing ana ing daerah jawa timuran

e)

pagelaran sing nyritaake kauripan paraga kanthi crita sing nyata ora direkayasa

2.

ing ingsor iki kang klebu karya non-fiksi yaiku....


a)

guritan

b)

Pawarta (reportase)

c)

Wayang kulit

d)

Film Titanic

e)

Cerkak

3.

Bedane prosa, puisi, lan drama yaiku...

a)

Prosa mujudake karya tulis, puisi karya ekspresi, dene drama karya pentas

b)

Prosa nganggo basa padinan, puisi nganggo basa rinengga, dene drama mujudake karya sastra kang dipentasake

c)

Prosa nganggo basa rinengga, puisi nganggi basa padinan, dene drama nganggo basa kratonan

d)

Prosa, puisi, lan drama padha-padha karya sastra kang kudu nganggo basa kratonan/basa kawi

e)

puisi nganggo basa padinan, prosa nganggo basa rinengga

4.

Ing ngisor iki kang mujudake perangan drama, KEJABA...


a)


Cerkak

b)

Kethoprak

c)

Lodrug

d)

Wayang kulit

e)

Wayang wong

5.

Kethoprak asale saka wewengkon...

a)

Yogya lan Sala

b)

Surabaya

c)

Ponorogo

d)

Banyuwangi

e)

Semarang

6.

Lodrug asale saka wewengkon....

a)

Yogya lan Sala

b)

Surabaya

c)

Ponorogo

d)

Tuban

e)

Banyuwangi

7.

Tari pambukane kethoprak yaiku....

a)

Tari remo

b)

Tari jathil

c)

Tari gambyong

d)

Tari klasik

e)

Tari teatrikal

8.

Sumber crita kethoprak yaiku dijupuk saka crita...

a)

Pagesangan padintenan (kehidupan sehari-hari)

b)

Raja-raja utawa pahlawan saka suku Jawa

c)

Ramayana lan Mahabharata

d)

Kitab-kitab Jawa kuna jaman Islam

e)

Negarakartagama

9.

Ludruk yaiku seni sandiwara tradisional sing diperagaake karo kelompok seni kang dipergelarake ana ing pentas. Sumber crita ludruk dijupuk saka...

a)

crita padinan (sehari-hari)

b)

Ramayana lan Mahabharata

c)

crita wayang

d)

Fabel

e)

Raja-raja Jawa

10.

Wayang minangka salah sawijining wujud pagelaran tradhisional sing ditampilake dening dalang, Sumber crita wayang kulit asale saka crita...

a)

Raja-raja Jawa

b)

Padinan (sehari-hari)

c)

Ramayana lan Mahabharata

d)

Kitab kuna jaman Islam

e)

Fabel

11.

Titikan (ciri-ciri) kostum kethoprak kang nyritakake crita jaman Islam yaiku...

a)

Nganggo kemben

b)

nganggo kostum kraton Majapahit

c)

nganggo kostum kraton kang luwih tinarbuka

d)

nganggo kostum kraton kang luwih tinutup

e)

Kostum padinan

12.

Alat musik kang mung ana ing pagelaran kethoprak yaiku....

a)

Kenthongan

b)

Angklung

c)

Kenong

d)

Kempul

e)

Bonang

13.

Ing ngisor iki mujudake fungsi drama, KEJABA...

a)

Nggawe bungah sing nonton

b)

nambah wawasan seni

c)

nyalurake hoby

d)

nambah daya krasi

e)

supaya luwih kawentar (terkenal)

14.

Pagelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral sing cocok lan trep. Jalaran ...

a)

Tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon nduweni sifat doktriner kang meksa

b)

Tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon ora nduweni sifat doktriner kang meksa

c)

Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral ora bisa rumesep lan kajiwaraga

d)

Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral bisa rumesep lan kajiwaraga

e)

Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral duweni sifat doktriner kang meksa

15.

Pesen utawa nila-nilai moral kang disampekake marang pamiarsa kalebu salah sawijining unsur intrinsik teks drama ...

a)


tema

b)

amanat

c)

dudutan

d)

epilog

e)

alur

16.

Paraga drama sing nduweni watak kang ora becik yaiku ...

a)

protagonis

b)

antagonis

c)

figuran

d)

tritagonis

e)

aktor

17.

Samin: Fred, aja cepet-cepet mbebayani!

Fredi: Alaah, sepi banget ing wayah wengi, ora apa-apa! (Samin nyekel lan narik dheweke maneh.)

Samin: Ayo mandheg dhisik!

Fredi: Ah! luwih cepet tekan alamat kasebut, luwih apik!

Samin: Elinga yen aku nggawa layang penting!

Fredi: Makane kui

Samin: pokoke mandheg, Fred! Aku ora pengin ditangkap wong Walanda.

Fredi: Yowes, Min! Kowe sing nyekel komando.

Konflik sing ana ing fragmen drama ing ndhuwur yaiku...

a)

Sarmin lan Fredi tukaran

b)

Kepinginan mandheg kanggo istirahat

c)

rebutan sing nyekel komando

d)

wedi mlaku-mlaku pas wengi

e)

khawatir marang keslametan surat penting sing digawa

18.

Lutung Kasarung

ADEGAN 1

Prabu :“ Dina iki wis tak tetepne sing bakal dadi pewaris tahta kerajaan iki yaiku Putri Purbasari

Purbasari:” Nyuwun pangapunten Prabu,menawi ingkang dados Ratu mboten kakanda Purbararang kemawon?”

Indrajaya :” Nyuwun pangpunten Prabu, menapa ingkang dipun ucapaken Purbasari niku bener.”

Prabu :” Ora Indrajaya, Purbasari sing luwih pantes. Aku percaya menawa Purbasari iso dadi teladan kanggo rakyatku ing kerajaan iki. Purbararang apa kowe ora kaboten yen Purbasari dadi Ratu ana kerajaan iki?”

Purbararang :” Mboten Prabu.”

Prabu :” Lengser umumna ing pelosok negeri,yen Purbasari sakiki dadi Ratu ing kerajaan iki.

Lengser :” sendika dawuh Prabu.”

Latar panggonan ing adegan 1 ana ing....

a)

Alas

b)

Omahe penyihir

c)

kamar

d)

Bale paseban

e)

kahyangan