Font size
Worksheetsb jawa
Total questions: 60
Worksheet time: 5hrs 0mins
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutuk ira pesagi,
Saben dina pucung nguntal buntut ira
Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku .........
7i
8i
9i
10i
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutuk ira pesagi,
Saben dina pucung nguntal buntut ira
Tembang ing dhuwur satemene cangriman. Batangane ......
tali
ula
sabuk
kalung
Bapak puncung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara
Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….
Tasbih
gelang
sepur
kalung
sego sak kepel di rubung... (bedhekane=salak)
tinggi
semut
laler
angkrang
Ing ngisor iki sing kalebu Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) yaiku....
tulus kerda , tuwok rawan ,wit thoyung
Bosok malah enak
Wong adol krambil dikepruki.
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Bapak pucung amung sirah lawan gembung,
Padha kinunjara,
Mati sajroning ngaurip,
Mijil baka si pucung dadi dahana.
Batangane cangkriman ing nduwur yaiku...
sepur
jun/wadah banyu
pentol korek
salak
Batangane GENI, cangkriman sing cocok yoiku ...
bocah cilik nggendong omah
rasane padha karo jenenge
sega sakepel dirubung tinggi
yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh
Teks sing isi lan andharan ngajak-ajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca kalebu teks ... .
eksposisi
deskripsi
narasi
persuasi
Ulo marani gepuk, paribasan iki artine...
wong kang njarak kacilakan
wong sing mburu ulo
nyambut gawe iku soro
kesel kabel
Esuk dele sore tempe, tegese ....
uripe tansah kuwatir
akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana
ora teteg atine, gampang molah-malih
sipate wong tuwa tumurn menyang anak
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluwarsa kapatuh,
Kapatuh pan dadi awon
Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ….
8, 10, 12, 7, 7
7, 9, 10, 7, 8
7, 10, 12, 8, 8
7, 7, 8, 8, 9, 9
"Negor sauwit nandur satus bibit". Ukara iki klebu ...........
narasi
slogan
persuasi
deskripsi
Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .........
ukarane mamerake
ukarane nyenengake
ukara mentes
ukarane ngujuk-ujuki
Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ...........
persuasi
slogan
pawarta
pariwara
"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............
slogan
pawarta
geguritan
narasi
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........
banyu resik
ngopeni banyu
ngopeni banyu sumber penguripan
banyu kali sumber panguripan
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Teks wacan ing dhuwur grembug bab .........
banyu sumber penguripan
banyu kali kang resik
limbah omahan
banyu resik ing ngendhi-endhi
Pitik walik saba meja, batangane yaiku ....
Nanas
Nangka
Sulak
Sapu
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong
bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara
susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak
5. Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.
Judul cerita ing wacan nduwur seng bener yaiku?
Gunung bromo
Kabupaten Probolinggo
Swarane banyu
Gunung
6. Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.
Latar ing cerita gunung Bromo yaiku....
Hutan
Alas
Gunung
Omah
Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.
Isine cerita ing nduwur yaiku....
Kabupaten Probolinggo
Penggaweane wong bromo
Swarane air terjun
Pemandangan gunung bromo
Para siswa padha sinau (tembang) macapat kanthi temen.
Tembung sajrone kurung yen diwenehi ater- ater anuswara dadi ....
ntembang
tetembangan
nembang
nembangake
Ingkang kinurmatan kepala sekolah,
ingkang kula hormati bapak lan ibu guru,
saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Salam pambuka
Pambuka
Atur pakurmatan
Pamuji
Surasa
Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.
Ing ndhuwur kuwi tuladhane cangkriman kang awujud ....
pepindan
irib-iriban
sinawung ing tembang
wancahan/cekakan
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing sabrang
ngoningone sang bupati
yen lumaku si pucung lambeyan grana.
batangane cangkriman kuwi...
sepur
sabuk
gajah
jun/wadah banyu
naliko pidhato ana 4 methode sing bisa digunakake apa wae ..
naskah,deskripsi,eksposisi,narasi
impromptu,memoriter,naskah,ekstemporan
persuasi,naskah,deskrisi,ekstemporan
memoriter,sesanti,deskripsi,impromptu
Tembang kang digawe menehi nasehat marang wong enom supaya bisa ngangsuh kawruh sak akeh-akehe. Tembang iki diarani…
pangkur
sinom
mijil
asmaradhana
Gambar ing nduwur iku (menehi nasehat) yen ditembangake marang wong enom kalebu tembang macapat ... .
asmaradhana
dandhangula
kinanthi
pangkur
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon. Tembang macapat iki kalebu .... .
sinom
megatruh
maskumambang
pangkur
Negriku Indonesia,
Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,
Nunggal ingkang den ginayuh,
Karahaijaning bangsa,
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,
Murah sandang lawan pangan,
Karukunan kang jinagi.
Tembang ing dhuwur kalebu tembang ....
durma
gambuh
pangkur
pucung
Dicakot bongkote sing kalong pucuk’e batangane ....
permen
roti
rokok
karet
Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa, Paribasane yaiku….
kebo nyusu gudel
anak polah bapak keprada
kacang ora ninggal lanjaran
ula marani gepuk
Ing ngisor iki tegese saloka, Kodhok nguntal gajah, yaiku.....
wong duwe kekarepan sig mokal kalakone
wong nunut nanging dadeake cilaka
wong becik dianggep ala
wong pinter disombongi
Ing pelajaran basa Jawa, sesorah utawa pidhato iku kalebu jinising katrampilan ….
nulis
micara
maca
nyemak
Gatekno kutipan pidhato ing ngisor iki!
Para sedherek sedaya, makaten sekedhik andharan ingkang kula aturaken ing acara pengetan Dinten Pahlawan menika. Kulo ngrumaosi taksih kathah kalepatan ingkang kula tindakaken nalika ngandharaken menika. Pramila, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Kutipan pidhato iku nuduhake bagian ….
salam pidhato
panutup pidhato
isi pidhato
cengkorongan pidhato
Wacan kutipan pidhato ngisor iki kanggo nggarap soal!
....
Ingkang rumiyin, sumangga panjenengan lan kula tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng Allah ingkang Maha Asih. Saking nugrahanipun, panjenengan lan kula saged makempal ing papan lan wekdal menika kanthi wilujeng saperlu mengeti Dinten Pahlawan menika.
Sajroning pidhato, kutipan iku nuduhake bagian ….
salam pambuka
purwaka
surasa basa
dudutan
Gagah prakosa iku kalebu tembung...
Saroja
Entar
Camboran
Kawi
Cebloke ing ngisor, ditoleh menyang dhuwur.
Dom
Celana
Genteng bocor
Bapak mboten seneng dadar gulung, senenge ndog dadar. Dadar gulung kalebu tembung....
entar
camboran
aran
saroja
“Ing taman Santi maca buku bahasa jawa”.
Ukara kasebut yen diudal manut pola yaiku....
J-W-K-L
K-J-L-W
K-J-W-L
J-W-L-K
Pak Doni pancen guru sing dawa ususe.
Tembung kang kacitak kandel tegese ….
Sabar banget
Enteng tangane
Seneng tetulung
Sugih pangapura
Tembang pangkur watake.........
Sedhih, prihatin
Tandhes, lugas
Seneng,asih
Gemes, gregeten
Kebo nusu gudhel.tembung saluko iki tegese........
Wong enom njaluk wuruk nang wong tuo
Wong tuo njaluk wuruk nang wong enom
Wong nyambut gawe kanthi ati – ati banget
Wong kang ora tetep atine
Wong tuwa nemu alangan amarga saka polahe anake paribahasane...........
kebo nusu gudel
batok bolu isi madu
anak polah bapak kepradah
adigang, adigung,adiguna
Bapak demang klambi abang yen disuduk manthuk – manthuk.
Ukara ing dhuwur kalebu tembung......
Paribasan
Saloka
Cangkriman
Bebasan
Sing kalebu cangkriman plesetan yaiku.......
Bocor malah kebak
Adoh – adoh diparani, barang wes cedak diliwati
Urang sapikul matane ana pira
Sega sak kepel dirubung tinggi
Saben tembang macapat duweni watak dhewe-dhewe. Tembang macapat kang duweni watak kendho, sapenake, lan ora greget yaiku...
Pangkur
Megatruh
Pucung
Mijil
Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane tembung andhahan ater-ater anuswara, yaiku...
ambangun
narendra
bangjo
wruh
8. Ing ngisor iki sing kalebu tembung camboran tugel yaiku...
Siswa-siswi
Pakdhe
Enom tuwa
Gedhe cilik
Ana lampu bangjo kendaraan pada mandheg. Bangjo klebu tembung camboran tugelan asale saka ....
abang biru
abang ijo
abang kuning
abang abang
Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku....
Diwenehi ati ngrogoh rempelo
Nututi layangan pedhot
Pupur sawise benjut
Kebo nusu gudel
"Kaya asu karo kucing"
Unen-unen ing dhuwur kalebu....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
(1) ber budi bawa leksana
(2) tengu ngedu gajah
(3) mikil dhuwur mendhem jeru
(4) emprit abuntut bedhug
Unen-unen kang kalebu saloka yaiku nomer....
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (4)
(2) lan (3)
Wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.
Paribasane ...
Busuk ketekuk pinter keblinger
Becik ketitik ala ketara
Adigang adigung adiguna
Jer basuki mawa beya
Wong tuwa sing kuwalahan ngramut anake digambarake kaya...
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
durung pecus keselak besus
ancik ancik pucuking eri
Jer basuki mawa beya
Unen-unen ing dhuwur kalebu...
Paribasan
Bebasan
Saloka
Sanepan
Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.
Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...
Kebo kabotan sungu
Kebo nusu gudel
Mikul dhuwur mendhem jero
Cebol nggayuh lintang
Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.
Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah
pangajeng - ajeng
panutup
isi
pambuka
Ingakng sepisan sumangga kita sadaya ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat saengga kita saged makempal ing adicara perpisahan kelas VI.Kula siswa kls VI. Kula ingkang tinanggenah guru, makili kanca-kanca ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak ibu guru, ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil ,saengg a cita-cita kula lan rencang-rencang saged kawujud kanthi lancar.
Isi sesorah ing ndhuwur yaiku....
pamitan arep lunga
perpisahan kelas VI
persiapan ngarepake ujian
pengumuman ujian
