wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SAS BASA JAWA KELAS 6 SMT 1

Total questions: 60

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .........

a)

ukarane mamerake

b)

ukarane nyenengake

c)

ukara mentes

d)

ukarane ngujuk-ujuki

2.

"Negor sauwit nandur satus bibit". Ukara iki klebu ...........

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

3.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Tembang ing dhuwur jenenge tembang ...........

a)

gambuh

b)

pucung

c)

sinom

d)

mijil

4.

Gambar kasebut basa kramane yaiku....

a)

gulu

b)

kuping

c)

jangga

d)

talingan

5.

Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...

a)

Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014

b)

Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul

c)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

d)

Ibu seneng banget dina iki

6.

Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....

a)

Dilebokne malah metu

b)

Klambine dilebokne lemari

c)

Bukune dilebokne tas

d)

Klambine gak dilebokne

7.

BANJIR

Saben taun ing mangsa rendheng, surat-surat kabar, radio lan televisi mesthi padha ngemot utawa nggiyarake pawarta banjir. Semono uga kalawarti basa Jawa babaran Surabaya, Panyebar Semangat lan Jayabaya.

Banjir iku kedadeyan ing mangsa apa?

Wangsulan pitakon kasebut yaiku ....

a)

Ing Jawa Timur

b)

Ing mangsa rendheng

c)

Ing mangsa labuh

d)

Ing sakuruting Bengawan Sala

8.

Teks informasi kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake

a)

Iklan

b)

slogan

c)

Teks Persuasi

d)

Teks pawarta

9.

Warga kampung Wonosari guyup .......

a)

santosa

b)

rukun

c)

seneng

d)

raket

10.

Desa mawa cara, nagara mawa ....

a)

aturan

b)

tata

c)

basa

d)

tatacara

11.

Manungsa iku diparingi akal ......

a)

akalan

b)

budi

c)

kepinteran

d)

ketrampilan

12.

Cacahe pandhawa iku ana ....

a)

2 loro

b)

3 telu

c)

4 papat

d)

5 lima

13.

Isi pidhato uga diarani ...

a)

Purwaka basa

b)

Uluk salam

c)

Surasa basa

d)

Wasana basa

14.
Irunge gajah arane ...
a)
cingur
b)
tlacak
c)
tlale
d)
ceker
15.
Yen Bahasa Indonesia ana Pantun, yen basa jawa ana...
a)
parikan
b)
pepindahan
c)
bebasan
d)
geguritan
16.

Aja gampang percaya omongane bocah kae, merga dheweke wis kondhang manawa ....

Tembung entar kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

Entheng tangane

b)

Idu geni

c)

Gedhe sombong

d)

Lunyu ilate

17.

Ireng-ireng gorengan kopi, ....

Tembung sing mathuk kanggo nggenepi parikan ing dhuwur yaiku ....

a)

Legi-legi rasane gula

b)

Ati seneng juwara siji

c)

Bocah cilik ajar ngaji

d)

Ngenteni bocah sing keri

18.

Taling yaiku sandangan swara..

a)

I

b)

U

c)

E

d)

O

19.

Sing kelebu kelebu sandangan swara yaiku..

a)

Wulu, pepet, pengkal, lan cakra

b)

Wulu, pepet, suku, taling, taling tarung

c)

Wulu, pepet, cecek, pankon

d)

Wulu, pepet, cakra, pengkal

20.

Guru gatra yaiku......

a)

cacahing ukara (kalimat) saben bait/pada

b)

cacahing suku kata saben kalimat

c)

suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)

d)

cacahing pada ing saben gotro

21.

Jinise tembang macapat ana . . .

a)

wolu

b)

songo

c)

sepuluh

d)

sewelas

22.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

23.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

24.

Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

25.

Bapak lan ibu ditimbali eyang Sastro.

Jejere ukara iku yaiku ...

a)

Bapak

b)

Bapak lan Ibu

c)

Ditimbali

d)

Eyang Sastro

26.

Aku ditukokake Bulik sepatu.

Yen didadekake ukara tanduk sing bener yaiku ...

a)

Bulik dak tukokake sepatu

b)

Bulik nukokake aku sepatu

c)

aku nukokake Bulik sepatu

d)

aku ditukokake sepatu Bulik

27.

. Matura blaka ... ora perlu isin-isin.

a)

Lelana

b)

Suta

c)

Sembrono

d)

Rena

28.

Katur : Eyang Harjito dalah Eyang Putri ing Malang.

Perangan layang ing dhuwur diarani ...

a)

Adawiyah

b)

Satata Basa

c)

Surasa Basa

d)

Wusana Basa

29.

Ing perangan layang surasa basa uga diarani ...

a)

Penutup

b)

Bebuka

c)

Titi Wangsa

d)

Isi

30.

Raden Gatutkaca putrane ...

a)

Janaka

b)

Harjuna

c)

Werkudara

d)

Puntadewa

31.

Senapatine Kurawa ing perang Batarayuda yaiku ...

a)

Gatotkaca

b)

Adipati Karna

c)

Nakula

d)

Sadewa

32.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ...

a)

Guru Gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru lagu

d)

Guru Sastra

33.

Sing kalebu tembang macapat yaiku ...

a)

Kinanthi , Pucung, Sinom

b)

Kinanthi , Sinom , Balabak

c)

Balabak, Gambuh, Mijil

d)

Mijil, Gmabuh, Megatruh

34.

Mas Rudi dipun celuk pakdhe.

Tembung dipun celuk benere ...

a)

DIdhawuhi

b)

dipun Dhawuhi

c)

di aturi

d)

dipun Timbali

35.

Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa ngoko alus kang bener yaiku ...

a)

Nalika bapak adus, aku mangan

b)

Nalika bapak siram, aku mangan

c)

Nalika bapak adus, aku dhahar

d)

Nalika bapak siram, aku dhahar

36.

. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa krama alus kang bener yaiku ...

a)

Kula dipun utus bulik mundhut gendhis

b)

Kula dipun utus bulik tumbas gula

c)

Kula dikengken bulik mundhut gendhis

d)

Kula dikengken bulik tumbas gula

37.

Sing ora kalebu peranganing karangan yaiku ...

a)

Irah-irahan (judul)

b)

bebuka

c)

isi

d)

peprenah

38.

Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.

Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku ...

a)

Dina Sabtu lan Minggu ana kemah

b)

Bocah-bocah kelas VI kemah

c)

Kemah pramuka ing Wonosalam

d)

Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan

39.

Ukara sing nggunakake tembung rangkep dwi purwa yaiku ...

a)

Bocah sing menang lomba oleh bebungah

b)

Bocah - bocah pada dolanan ing latar

c)

Aja bengak-bengok, simbah lagi sare

d)

. Yen dikandhani aja cengingisan

40.

Sing kalebu tembung dwi lingga yaiku ...

a)

Bapak- bapak

b)

alun - alun

c)

ondhe - ondhe

d)

paru- paru

41.

Kulite (busik) amarga adus banyu kali.

Tembung njero kurung yen didadekake tembung dwi wasana dadi ...

a)

Busik- busik

b)

busak - busik

c)

sisiken

d)

besisik

42.

Ibu : “Mar, Mar, tangia!”

Marni : “Ana apa bu? Aku isih ... “

Pacelathon kasebut supaya bener diiseni nganggo tembung ...

a)

Nulis

b)

maca

c)

ngantuk

d)

sinau

43.

Bu Siti : “Rif, kowe apa sida melu kemah?”

Arif : “Siyos bu, benjang dinten Sabtu ngajeng”

Bu Siti takon menyang Arif babagan apa?

a)

Kapan olehe kemah

b)

Apa sida melu kemah

c)

karo sapa olehe kemah

d)

ing ngendi olehe kemah

44.

Pidato kanggo acara ing sekolahan sing kurang trep yaiku ...

a)

HUT RT

b)

persami

c)

Ulangan Harian

d)

perpisahan

45.

Wong bungah sok nemu ...

a)

sengsara

b)

rekasa

c)

cilaka

d)

susah

46.

Bakul sandhangan iku yen ... menyang pasar slompretan.

a)

Kulakan

b)

dikulak

c)

kulak - kulak

d)

ngulak

47.

Badriah kuwi pancen bocah sregep.

Sregep kosok baline yaiku ...

a)

sembrana

b)

ngebreh

c)

bodho

d)

keset

48.

Wacan ing ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon no 1 nganti 5! ................................... ”Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia” ukara kuwi ing saben-saben dina pengetan Lingkungan Hidup mesthi dikumadhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya. Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene manungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamne: gunung mbledhos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amarga kobong, banjir bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa. Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat, sing bisa mrodhuksi oksigen sing resik ya tanduran sing subur. Tanduran bisa subur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse lan cukup banyune, humuse sing akeh asale saka godhong-godhong sing gogrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe sing bisa nandhon banyu sajroning lemah. Mulane ayo dilestarekake alase supaya tetep bisa dadi paru-parune donya. -irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yen arupa slogan yaiku…..

a)

Alasku paru-paruku

b)

Alasku sehat, paru-paruku sehat

c)

Alasku paru-parune donya

d)

Lestari alasku, lestari bumiku

49.

Ukara inti ing paragrap 1 wacan ing dhuwur yaiku….

a)

Alase rusak, paru-parune donya rusak.

b)

Alas Indonesia paru-parune donya

c)

Alas Indonesia kuwi alas tropis

d)

Alas tropis prodhusen oksigen.

50.

Bocah-bocah dha sekolah, Wiwit biyen nalika isih cilik, Sregepa anggolek ilmu, Wayah esuk lan awan, Ngrungokake parentahe para guru, Lan bisa ngerti agama, Agama ngarsaning Gusti.

Tembang ing dhuwur arane tembang .....

a)

Pucung

b)

Asmaradana

c)

kinanthi

d)

pangkur

51.

Apa basa krama aluse tangan?

a)

Madharan

b)

Asta

c)

Suku

d)

Rikma

52.

Ibu budal nang surabaya.

Krama aluse yaiku...

a)

Ibu budal menyang surabaya

b)

Ibu dolan menyang surabaya

c)

Ibu rawuh menyang surabaya

d)

Ibu tindhak menyang surabaya

53.

Bapak sik tas teko .

Basa krama aluse yaiku...

a)

Bapak nembe rawuh

b)

Bapak sik tas rawuh

c)

Bapak nembe dugi

d)

Bapak sik tas dugi

54.

Simbah mangan tiwul.

Basa krama aluse yaiku....

a)

Simbah nedho tiwul

b)

Simbah ngunjuk tiwul

c)

Simbah dhahar tiwul

d)

Simbah mirsani tiwul

55.

Bu guru ngombe teh.

Basa krama aluse yaiku...

a)

Bu guru nedho teh

b)

Bu guru ngunjuk teh

c)

Bu guru ngileng teh

d)

Bu guru mirsani teh

56.

Pak dhe ndelok TV.

Basa krama aluse yaiku...

a)

Pak dhe sadeyan TV

b)

Pak dhe ndeleng TV

c)

Pak dhe nyawang TV

d)

Pak dhe mirsani TV

57.

Bu dhe tuku mobil.

Krama aluse yaiku....

a)

Budhe mundhut montor.

b)

Budhe mundhut titihan

c)

Budhe tumbas mobil

d)

Budhe tumbas titihan

58.

Pak guru wes muleh.

Krama aluse yaiku...

a)

Pak guru wes wangsul

b)

Pak guru sampun kundhur

c)

Pak guru wes kundhur

d)

Pak guru sampun muleh

59.

Ibu duwe duwek akeh

Krama aluse yaiku ...

a)

Ibu kagungan duwek akeh

b)

Ibu gadah artha katah

c)

Ibu kagungan artha katah

d)

Ibu duwe artha katah

60.

Bapak numpak becak.

Krama aluse yaiku...

a)

Bapak numpak becak

b)

Bapak nitih becak

c)

Bapak tindak becak

d)

Bapak budhal gae becak