wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PENILAIAN HARIAN SERAT JAWI

Total questions: 20

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Serat ingkang isinipun ngrembag babagan kedinasan, ngginakaken basa ingkang baken, kanthi tata cara panyeratan tartamtu kalebet serat…

a)

Serat resmi

b)

Serat dinas

c)

Serat niyaga

d)

Serat pribadi

e)

Serat silaturahim

2.

Perkawis ingkang bedakaken antawisipun serat dinas lan serat pribadi kados ing andhap menika…

a)

Serat dinas ngginakaken basa ngoko, serat pribadi ngginakaken basa krama

b)

Serat dinas lan katujokake dhateng satunggaling tiyang pribadi

c)

Serat dinas wonten pakem ingkang maton, serat pribadi ngangge pakem utawi bebas

d)

Serat dinas katujokaken dhateng instansi/ lembaga, serat pribadi katujokaken dhateng tiyang pribadi

e)

Serat dinas ngrembag urusan dinas utawi pribadi, serat pribadi isinipun wigati

3.

Ing andhap menika ingkang boten kalebet serat Jawa inggih menika…

a)

Serat ulem

b)

Serat niyaga

c)

Serat kitir

d)

Serat iber-iber

e)

Serat lelayu

4.

Manut undha usuking pakurmatan kangge miwiti serat, adangiyah kangge serat saking putra dhumateng tiyang sepuhipun inggih menika…

a)

Ingkang sembah pangabekti

b)

Ingkang pangabekti

c)

Salam taklim

d)

Sembah sujud

e)

Taklim

5.

Wonten ing salebeting serat lelayu kedah ngemot kabar kados andhap menika, dene perangan ingkang boten kedah wonten ing serat lelayu inggih menika…

a)

Sinten ingkang tilar donya

b)

Wekdal layon dipunpetak

c)

Sinten ingkang dhaup

d)

Ingkang nandang duhkita

e)

Griya duhkita

6.

Serat ingkang isinipun atur dhumateng dhateng tiyang sanes supados kersa rawuh ing wekdal ingkang katemtokaken dipunwastani serat…  

a)

Serat iber-iber

b)

Serat ulem

c)

Serat kitir

d)

Serat jangkep

e)

Serat cekak

7.

Peranganipun serat ingkang nedahaken isinipun underaning perkawis ingkang badhe dipunaturaken dipunwastani ....

a)

Adangiyah

b)

Satata basa

c)

Purwaka

d)

Surasa basa

e)

Wasana basa

8.

Ing andhap menika pangertosanipun serat kitir inggih menika…

a)

Serat ingkang dipunserat ing dlancang sae, basanipun baken

b)

Serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanes supados rawuh

c)

Serat ingkang isinipun kabar sripah

d)

Serat ingkang kedah ngginakaken basa krama lan ngoko

e)

Serat ingkang isinipun cekak aos, menapa perlune mawon

9.

Unsur-unsur ingkang kedah kamot ing serat ulem kados ing andhap menika, kajawi…   

a)

Nama ingkang tinuju

b)

Pambuka

c)

Nama lan yuswa

d)

Isi

e)

Nama ingkang paring serat

10.

Adhedhasar serat kasebut, saged dipunmangertosi bilih wosinipun…

a)

Dinas Dikpora badhe ngawontenaken lomba nyerat dongeng aksara Jawa

b)

Pambijinipun olimpiade aksara Jawa

c)

Nyaosi pirsa titiwancinipun olimpiade aksara Jawa

d)

Kasuwun ngintunaken siswa kangge ndherek olimpiade aksara Jawa

e)

Olimpiade menika mligi kangge para lare SMA

11.

Titi mangsa ing serat inggil menika…

a)

2 Desember 2021

b)

2 November 2021

c)

2 Desember 2022

d)

2 November 2022

e)

3 Desember 2022

12.

Drs. Bambang Cahyono, M.Pd ing serat inggil menika minangka…

a)

Tiyang ingkang dipunkintuni serat

b)

Paprenahan

c)

Kepala sekolah SMA Yogyakarta

d)

Siswa/ siswi SMA Yogyakarta

e)

Pangarsa Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga

13.

Serat kasebut dereng jangkep perangan seratipun, inggih menika…

 

a)

Titi mangsa

b)

Satata basa

c)

Adangiyah

d)

Surasa basa

e)

Nama terang

14.

Surasa isi ing serat ulem inggil menika …

a)

Paring kabar bilih badhe wonten olimpiade aksara Jawa

b)

Paring prentah supados ndherek lomba aksara Jawa

c)

Paturan saking pangarsa Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga

d)

Kepala sekolah kasuwun rawuh dhateng dinas

e)

Sekolah ngintun siswa supados ndherek olimpiade Aksara Jawa

15.

Serat lelayu menika isinipun kabar tilar donya, kangge paring kabar sedulur, tangga teparo utawi sintena ingkang badhe dipunkabari. Bab-bab ingkang kedah kamot ing serat lelayu inggih menika…

a)

Titi mangsa, sinten ingkang tilar donya, papan saha wekdal kapetak

b)

Titi mangsa, sinten ingkang tilar donya, papan acara

c)

Titi mangsa, nama saha yuswa, adicara

d)

Titi mangsa nama saha yuswa, paprenahan

e)

Titi mangsa, nama saha yuswa, nama terang

16.

Serat menika seratan kangge sarana komunikasi kirim kabar utawi paring informasi dhateng tiyang sanes. dasanamanipun serat inggih menika…

a)

Dlancang

b)

Dluwang

c)

Layang

d)

  Dayang

e)

Sawala

17.

Serat miturut wos, sipat saha asalipun menika kaperang dados sekawan inggih menika serat resmi, dinas, niyaga lan pribadi. Menawi damel serat kedah nggatosaken basa ingkang dipunginakaken, menawi serat Jawi ingkang isinipun cekak aos menapa perlunipun dipunwastani…   

a)

Serat ulem

b)

Serat ulem wisudhan

c)

Serat kitir

d)

Serat jangkep

e)

Serat iber

18.

Ing andhap menika ingkang kalebet titikanipun serat kitir inggih menika…

a)

Basanipun ngoko, cekak, ngginakaken dluwang, amplop

b)

Basanipun ngoko, cekak aos, dilempit alus, amplop

c)

Basanipun trep undha usuk, isinipun dawa, mawi amplop soklat

d)

Basanipun trep undha usuk, cekak aos, boten mawi amplop

e)

Basanipun trep undha usuk, isinipun dawa, boten mawi amplop

19.

Layang ingkang dipunserat kangge dhuwuran utawi pangkatipun langkung inggil inggih menika…

a)

Layang kitir

b)

Layang iber-iber

c)

Layang paturan

d)

Layang dhawuh

e)

Layang swara

20.

Layang ingkang isinipun kabar pribadi ananging dipunaturaken mawi tetembangan inggih menika ...

a)

Layang ulem mantenan

b)

Layang iber mawi tembang

c)

Layang paturan

d)

Layang dhawuh

e)

Layang swara