NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa Semester Genap Kelas 1
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Bima : Matur nuwun ya mas, aku diwarahi sinau.
Dimas : Ya Bim, padha-padha.
Ukara sing diucapake Bima diarani ukara …
nyuwun pangapura
medharake rasa asih
atur panuwun
Aku karo mbak Rini dolanan wedhi.
Ora sengaja gambare mbak Rini dakrusakake.
“Sepurane ya mbak, aku ngrusakake gambarmu.”
“Iya dhi, ora apa-apa.”
Sing kalebu ukara nyuwun pangapura yaiku …
Ora sengaja gambare mbak Rini dakrusakake.
"Sepurane ya mbak, aku ngrusakake gambarmu.”
“Iya dhi, ora apa-apa.”
Tuladhane ukara medharake rasa asih ing ngisor iki sing bener yaiku …
“Bim, ayo dakrewangi ngringkesi bukumu.”
“Siti, sepurane aku budhal dhisik ya.”
“Matur nuwun ya Bima, wingi wis dikancani dolan.”
Bima – buku– ibu – diparingi
Tembung ing dhuwur yen ditata dadi ukara sing bener yaiku …
Bima ibu diparingi buku
Bima buku diparingi ibu
Bima diparingi buku ibu
Ukara sing cocog karo gambar ing ngisor iki yaiku …
Rin, iki takwenehi dhuwit kanggo sangu sekolah.
Pak, aku nyuwun dhuwite ya.
Matur nuwun ya ndhuk, aku diwenehi dhuwit.
Bocah-bocah yen kowe diparingi apa wae kudu ngucapake matur nuwun.
Yen kowe nglakoni kesalahan kudu ngucapake …
atur panuwun
nyuwun ngapura
nyuwun tulung
Bapak resik-resik pekarangan mburi omah.
Bapak mbabati suket sing wis katon dhuwur.
Mbabati tegese yaiku …
mbacoki nganggo arit
nggunting nganggo gunting suket
macul nganggo pacul
Saiki dina Minggu.
Siti, Dimas, lan Kunthi ngampiri Rini.
Bocah papat wis semayanan arep dolan menyang taman kutha.
Taman kutha iku papane ora adoh.
Bocah-bocah mlaku karo geguyonan.
Paraga sing ana ing wacan yaiku ….
Siti, Dimas, Kunthi
Dimas, Rini, Siti
Rini, Siti, Dimas, Kunthi
Paraga ing pacelathon sing tugase nyapu latar yaiku …
Ibu
Rini
Bima
Gambar piranti ing ngisor iki sing gunane kanggo nyidhuk banyu yaiku …
Omahe Rini katon resik. Amarga saben dina jogane disapu lan dipel.
Gambar piranti kanggo nyapu jogan yaiku …
ana – ibu – masak – pawon
Tembung ing dhuwur yen ditata dadi ukara sing bener yaiku …
Ibu ana masak pawon
Ibu masak ana pawon
Ibu pawon ana masak
Warga desa Sukamaju pada kumpul ing bale desa.
Warga desa Sukamaju arep nganakake gugur gunung.
Gugur gunung tegese yaiku …
kerja bakti
nyapu latar
mbabati suket
Bima nyritakake pengalamane ing ngarep kelas.
Pengalaman sing dicritakake Bima manut gambar ing ngisor iki yaiku nyritakake …
Plesir Menyang Prigi
Menyang Taman Kutha
Ngresiki Lingkungan Sekolah
Bima lan kanca-kanca lagi dolanan ing taman. Tembang sing cocog ditembangake yaiku …
Taman Sari
Kucingku Telu
Kidang Talun
Perangane gajah sing gedhe kaya lesung yaiku …
awak
buntut
sikil
Ibu tindak pasar. Ibu mundhut jajan kanggo adhik.
Adhik ngaturake ... marang ibu.
nyuwun tulung
atur panuwun
nyuwun ngapura
ibu – koran – maos
Yen ditata dadi ukara sing bener yaiku …
ibu koran maos
maos koran ibu
ibu maos koran
Bapak, ibu, Rini lan Bima arep resik-resik omah.
Ibu lan Rini ngresiki latar. Bapak mbabati suket.
Sing tugase ngresiki latar yaiku ...
Bapak lan Rini
Ibu lan Rini
Bima lan Rini
Omahku katon resik lan asri. Omah sing resik adoh saka …
penyakit
latar
plesir
Bim sepurane yo, aku ngilangno dolananmu.
Ukara ing dhuwur kalebu ukara ...
nyuwun tulung
nyuwun ngapura
atur panuwun
Ibu matur : ”Rin, yen kowe kesel lerena dhisek!”
Ukara sing diucapake ibu kalebu ukara ...
nyuwun pangapura
atur panuwun
medharake rasa asih
Bima sakeluwarga plesir menyang Yogyakarta.
Plesir tegese yaiku ...
mangan
lunga
dolanan
Gambar piranti ing dhuwur arane yaiku ...
gunting
cangkul
arit
Menthok-menthok takkandhani
Mung solahmu angisin-isini
Mbok ya aja ndheprok
Ana kendhang wae
Solahmu tegese yaiku …
lungguh ing ngisor
takomongi
tingkahmu
