NEW
Font size
Worksheetssoal pas bhs jawa kls 8
Total questions: 20
Worksheet time: 15mins
Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....
Fabel
Legendha
Mite
Sage
Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…
Asal Usule Rawa Pening
Malin Kundang
Nyi Roro Kidul
Timun Mas
Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!
Legendha Desa Lahar
Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa. Cipratan magma kang suhune ewon derajat celcius iku tiba ing salah sijine panggonan. Wong-wong sekti ing panggonan mau banjur gawe pager ghaib kanggo ngurung lahar panas mau supaya ora mliber tekan endi-endi. Sawise pirang taun, lahar mau adhem lan dadi watu kepara dadi lemah, banjur dipanggoni anak putu ing daerah mau kanthi menehi jeneng Desa Lahar.
Kanggo ngurung lahar panas supaya ora mliber banjur wong-wong sakti pada nggawe....
Benteng
Paguyuban
Pagar ghaib
Pundhen kobar
Sekar Gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluarsa katutuh,
Kapatuh pan dadi awon.
Guru wilangan lang guru lagune tembang Gambuh gatra kaping telu yaiku…
10i
10a
12a
12i
Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti konjur tan becik
becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Tembang Gambuh ing dhuwur gatrane ana....
wolu
gangsal
enem
sekawan
Agus : “Bang, wis oleh undhangan saka pak RT durung?”
Bambang : “Uwis, undhangan kerja bakti ta?”
Agus : “Iya bener, nanging dina iku aku ngepasi oleh undhangan saka mantenan kancaku.”
Bambang : “Ya ora papa, kowe becike matur pak RT, utawa sesok teka dhisik ning papan kerja bakti, lagi awane mangkat mantenan.”
Manut isining pacelathon. Agus lan Bambang ngrembug bab….
kerja bakti
kondangan
ngaturi undhangan
sowan pak RT
Agus : “Bang, wis oleh undhangan saka pak RT durung?”
Bambang : “Uwis, undhangan kerja bakti ta?”
Agus : “Iya bener, nanging dina iku aku ngepasi oleh undhangan saka mantenan kancaku.”
Bambang : “Ya ora papa, kowe becike matur pak RT, utawa sesok teka dhisik ning papan kerja bakti, lagi awane mangkat mantenan.”
Miturutmu, apa hubungane Bambang lan Agus?
Warga – pak RT
Bapak – anak
Warga – manten
warga – warga
Basa kang tembung-tembunge ngoko kabeh ora kecampur tembung krama diarani …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ibu nuwun sewu, menawi kepareng kula badhe matur. Ature Bayu marang ibune iku migunakake unggah-ungguh basa …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Nalika arep miwiti rapat karang taruna, Fahmi minangka ketua pemudha jaluk para anggotane supaya padha gatekake. Kepriye ature Fahmi menawa jaluk kawigaten para anggotane?
Kanca-kanca aja rame dhisik!
Kanca-kanca rungokna sedhela!
Kanca-kanca bisa meneng apa ora?
Kanca-kanca jaluk kawigatene anteng dhisik.
Ing dina Selasa, Arin telat anggone mlebu kelas jalaran tangi kawanen. Kepriye anggone Arin matur marang Bu Guru kang wis miwiti pelajaran?
Bu guru nuwun sewu kula telat, yen oleh kula ajeng melu pelajaran.
Bu guru nuwun sewu kula telat, yen angsal kula ajeng tumut pawiyatan.
Bu guru nuwun sewu kula telat, menawa angsal kula ajeng ndherek pawiyatan.
Bu guru nuwun sewu kula telat, menawi kepareng kula badhe ndherek pawiyatan.
Menawa arep nyuwun idin belajar kelompok, anggone matur marang simbahmu yaiku …
Mbah, kula nyuwun idin badhe belajar kelompok, wangsulipun mangke jam tiga.
Mbah, kula mundhut idin arep belajar kelompok, kondure mangke jam tiga.
Mbah, kula nyuwun idin ajeng belajar kelompok, baline mangke jam telu.
Mbah, kula ajeng idin belajar kelompok, kondure mangke jam telu.
Aksara Murda cacahe ana ....
8
7
6
5
Aksara murda Na yaiku ....
Aksara murda Ta yaiku ....
Perangan struktur teks crita cerkak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani ..
Tema
Alur/plot
Paraga /pamaragan
Latar/setting
aksara jawa ing dhuwur kalebu aksara ...
rekan
murda
swara
sirah
angka
Gunemane kanca marang kanca kang durung kulina migunakake basa ...
krama lugu
krama alus
ngoko alus
ngoko lugu
Gawe ringkesan iku kudu tetep ngukuhake urutan isi sudut pandang
pamaca
paraga
panyaru
panulis
Nalika gawe ringkesan, wacan sing awujud bisa diowahi dadi ..
Paragraf
gancaran
cekak
dudutan
