wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 8

Total questions: 25

Worksheet time: 35mins

Name
Class
Date
1.

Manut jinise tuladha layang ing dhuwur kalebu layang ....

a)

kitir

b)

ulem

c)

lelalyu

d)

dhawuh

2.

Manut layang ing dhuwur, isine ngenani ....

a)

Kabar kesripahan

b)

Kudu dimangerteni wong akeh

c)

Arep mangan bareng ing lesehan “ Putri Complong “

d)

Undhangan wong sing arep budhal kaji

3.
  1. Salam pambuka 

  2. Bebukane layang 

  3. Tanda tangan 

  4. Panutup layang       

  5. Papan lan titi mangsa

  6. Salam panutup

  7. Alamat layang

  8. Isi layang

  9. Jeneng sing ngirim

3.

Urutan layang sing bener yaiku ....

a)

1, 2, 3, 4, 5, 6, 7, 8, 9

b)

5, 7, 1, 2, 8, 4, 6, 3, 9

c)

5, 7, 1, 2, 8, 4, 6, 3, 9

d)

1, 5, 3, 4, 2, 6, 7, 8, 9

4.

Ukara kang trep ing sajroning tandha kurung kanggo njangkepi pambuka layang pribadi ing dhuwur yaiku …

a)

Cekap semanten atur sang kula.

b)

Bapak saha Ibu ingkang kula bekteni.

c)

Kados pundi pawartosipun Bapak saha Ibu ing dalem

d)

Ingkang kula suwun mugi – mugi Bapak saha Ibu ugi mekaten

5.

Pungelan layang ing dhuwur kalebu bagian .....

a)

adangiyah

b)

satata basa

c)

surasa basa

d)

wasana basa

6.

Coba gatekna tuladha perangan-perangan layang ing ngisor iki.

  1. Pasuruan, 12 Maret 2024

  2. Katur dhumateng Simbah wonten Magetan

  3. Atur pamuji rahayu

  4. Kanthi serat punika kula atur pawarta bilih kula sakulawarga ing Pasuruan tansah ginanjar wilujeng. Panuwun kula dhateng Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi Simbah saha sedaya kulawarga wonten ing Madiun tansah ginanjar wilujeng, kalis saking rubeda.

  5. Kejawi saking punika,kula badhe nyuwun palila simbah menawa ing preian semester menika kula badhe sowan dhateng Simbah ing Magetan. Kula ugi kepingin dolan wonten Lahor Sarangan.

  6. Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.

6.

Saka tuladha perangan layang ing dhuwur, perangan layang sing diarani surasa basa yaiku nomer...

a)

2

b)

4

c)

5

d)

6

7.

Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula nyuwun lubering samodra pangaksami.

Ukara kasebut kalebu perangane layang kang diarani ….

a)

purwaka basa

b)

wasana basa

c)

surasa basa

d)

satata basa

8.

Panjenengan dhek wingi .... sepatu ing ngendi?

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku....

a)

dipundhutake

b)

ditumbasake

c)

dipundhutaken

d)

ditumbasaken

9.

Panjenengan mau apa wis dhahar tenan?

Ukara ing dhuwur kalebu basa ….

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

10.

Sari wingi sore turu ing omahe Budhe Warni.

Ukara ing dhuwur  di owahi dadi basa krama alus yaiku...

a)

Sari wingi sonten tilem ing griyane Budhe Warni.

b)

Sari kala wingi sonten sare wonten griyane Budhe Warni

c)

Sari dhek wingi sonten tilem wonten daleme Budhe Warni.

d)

Sari kala wingi sonten sare wonten dalemipun Budhe Warni.

11.

Tembung – tembung ing dhuwur kalebu tembung krama inggil, yaiku ….

a)

i

b)

ii

c)

iii

d)

iv

12.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!

        (i)   Budhala saiki mumpung durung udan! 

        (ii)   Kowe sesuk arep dolan menyang endi?

        (iii)  Nikma karo Nabil wingi melu lomba maca geguritan juara 1.

        (iv)  Muliha saiki mumpung durung diseneni ibumu!

        (v)   Polisi nyekel bocah loro sing nyolong sepedhah ing omahe Tamim.

        (vi)  Kula badhe dhateng Surabaya.

12.

Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara carita yaiku ukara nomer... .

a)

i lan iii

b)

ii lan iv

c)

iii lan v

d)

i lan v

13.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!

      (i)   Nduk, tulung tumbasna gula ing tokone Yu Juminten!

      (ii)  Kapan Panjenengan rawuh saking Malaysia?

      (iii) Gibran enggal budhal taraweh ing Masjid mengko ketinggalan lo...!

      (iv)  Sesok aku arep budhal ing Malang.

      (v)  Tasya  niku putranipun Pak Sutres saking Solo.

      (vi)  Kita kudu njaga karesikan lingkungan supaya ora gampang kena leloro.

13.

Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara pakon yaiku ukara nomer... .

a)

(i) lan (iii)

b)

(ii) lan (iv)

c)

(iii) lan (v)

d)

(v) lan (vi)

14.

Coba gatekna teks tembang ing ngisor iki!

        Yogyanira kang para prajurit

        Lamun bisa samya anuladha

       Andelira sang prabu

       Sasrabau  ing Maespati

       Aran Patih Suwanda

       Lelabuhanipun

       Kang ginelung tri prakara

       Guna kaya purun ingkang den antepi

       Nuhoni trah utama....

14.

Paugerane tembang macapat Dhandhanggula ing dhuwur yaiku...

a)

7 gatra : 8a, 11i,8u,7a,12u,8a,8i

b)

7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

c)

9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 7a, 8i, 12a

d)

10 gatra : 10i, 10 a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

15.

Adhedhasar tabel  ing dhuwur sing kalebu paugerane tembang macapat dumunung ing nomer ….

a)

I

b)

II

c)

III

d)

IV

16.

Gatekna tembang Dhandhanggula ing ngisor iki!

Sun tuturi  kabeh putra putri,

Lamun sira sregep ing pangolah,

Budi pikir lan ngelmune,

Aja sira gumunggung,

Kebat kliwat datan pamikir,

Trunyak trunyuk tindaknya,

Bilahi ing pungkur,

Singkirana tindak nistha,

Kang pranyata nora gawe urip mukti,

Estokna tutur ika,

16.

Guru wilangan lan guru lagu gatra kapapat  tembang macapat Dhandhanggula ing dhuwur yaiku….

a)

6u

b)

7u

c)

8u

d)

9u

17.

Tan nate ngresula nambut kardi,

kairing bun enjing tindakira,

agung lan Mulya labuhe,

jagung wus den umulur,

ledhung-ledhung gagane pari,

gya suka parisuka,

panen kang diantu,

mring pra warga munggwing bangsa,

tentrem kerta raharja ibu pertiwi,

saka bektimu mula.

17.

Guru gatrane tembang macapat Dhandhanggula ing dhuwur yaiku….

a)

10 wanda

b)

10 gatra

c)

9 wanda

d)

9 gatra

18.

Jungkat siti panggaraping sabin,

laku saru datan ilok tenan,

tadhah udan sing ginawe,

den ilangana sampun,

awit iku kang dadi ciri,

tumrap manungsa gesang,

awon dadosipun,

lamun saru trus binekta,

iki jeneng nistha kan tanpa upami,

kang pinercayeng liyan

18.

Guru wilangane tembang macapat Dhandhanggula ing dhuwur yaiku....

a)

12, 10, 8, 7, 6, 8, 7, 8, 12, 7

b)

12, 6, 8, 7, 12, 6, 7, 8, 12, 7

c)

10, 6, 8, 10, 7, 5, 8, 8, 12, 7

d)

10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

19.

Coba gatekna tembang-tembang ing ngisor iki!

        (i)  Maskumambang

        (ii)  Pucung

        (iii) Balabak

        (iv) Wirangrong

        (v)  Sluku-sluku Bathok

        (vi)  Lir ilir

        (vii) Jamuran

        (viii) Cublak-cublak Suweng

19.

Saka tembang-tembang ing dhuwur, sing kalebu jinise tembang macapat yaiku tembang nomer... .

a)

(i) lan (ii)

b)

(iii) lan (iv)

c)

(v) lan (vi)

d)

(vii) lan (viii)

20.

Jago wus kluruk rame kapyarsi

lawa kalong luru pandhelikan

jrih kawanan ing semune

bang wetan sulakipun mratandhani

yen bangun enjing rembulan wus gumlewang

aneng kulon gunung

ing padesan wiwit obah

kadang tani tan samya

anambut kardi

netepi kewajiban

20.

Pesan kang bisa dijupuk saka tembang Dhandhanggula ing dhuwur yaiku...

a)

Kita kudu tangi esuk amarga lawa kalong wis golek pandhelikan.

b)

Kita kudu tangi esuk aja nganti kedhisikan pitik jago lan kalong.

c)

Kita kudu tangi esuk lan nyambut gawe kanggo netepi kewajiban.

d)

Kita oleh niru uripe lawa kang adate turu ing wayah awan-awan.

21.

Gunung Bromo yaiku salah sawijine wisata kang kawentar ing Pasuruan”. Ukara

      kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa, aksara murdane yaiku... .

a)

ga, sa, sa

b)

ga, ba, pa

c)

ga, ba, sa

d)

ga, sa, pa

22.

“Wulan Oktober aku ing Indonesia” Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa, pangetrape aksara swara ana ing... .

a)

huruf A lan I

b)

huruf O, A, lan I

c)

huruf O lan I

d)

huruf O lan I

23.

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

            Cinarita para among tani,

            isih esuk wus budhal makarya,

            tumuju tegal sawahe,

            sarwi amanggul pacul,

            kanthi ngirid kebo lan sapi,

            kinaryan ngolah lemah,

            mawi garu luku,

            simbok tani datan lirwa,

            nggawa sega jangan lawuh ora keri,

            guyub sakulawarga.

23.

Manut teks tembang Dhandhanggula ing dhuwur sing dicritakake yaiku....

a)

tani

b)

buruh

c)

nelayan

d)

cah angon

24.

“Amanggul pacul”, tegese nggawa pacul ana ing....

a)

dhadha

b)

pundhak

c)

bangkekan

d)

dhuwur sirah

25.

“Ngirid kebo lan sapi”, tegese “ngirid” yaiku....

a)

nggendhong

b)

nulung

c)

nggawa

d)

nuntun