NEW
Font size
WorksheetsPre Test Pawarta
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Pawarta gadhah titikan aktual ingkang tegesipun …
nyata
anyar
mumpangat
wigati
mitayani
Warta ingkang dipungiyaraken asipat nyata saha ngandhut kadadosan tumemen. Adhedhasar bab kasebut, pramila pawarta kedah … supados narik kawigatosanipun tiyang kathah.
faktual
aktual
objektif
unik
intelektual
Pawarta ingkang dipungiyaraken tanpa dipundayani dening pamanggih pribadi dipunsebut …
aktual
faktual
objektif
subjektif
resolusi
Koran utawa ariwarti menika kalebet wujuding pawarta …
lesan
elektronik
siaran
tulisan
nyata
"Dina Selasa, 13 Oktober 2020 ing SMK Negeri 1 Bawang, Banjarnegara, wonten kagiyatan simulasi pasinaon tatap muka."
Saking pethilan pawarta kasebut, unsur pawarta ingkang boten wonten inggih menika ...
Who (Sinten)
Where (Wonten pundi)
Why (Kenging menapa)
When (Kapan)
What (Menapa)
Wau enjing, wingi sonten, saha mangke dalu menika panyebutan unsur pawarta ingkang kawastan ...
menapa
sinten
kapan
kadospundi
wonten pundi
Njagi lestantunipun alam Indonesia minangka tanggeljawabipun sedaya warga negara Indonesia, inggih menika masarakat ugi pamrentah. Kementerian Kehutanan saha Lingkungan Hidup ingkang gadhah jejibahan njagi saha ngupakara lestantunipun alam Indonesia. Salah satunggaling cara kanthi netepaken Taman Nasional. Taman Nasional inggih menika cagar alam/hutan lindung ingkang dipunjagi undang-undang saperlu kangge njagi lestantunipun ekosistem asli, kalebet alamipun, tanemanipun, saha kewan-kewanipun.
Sinten ingkang gadhah tanggel jawab njagi lestantunipun alam Indonesia ?
masarakat
pamrentah
presiden
menteri
sedaya warga Indonesia
Irah-irahan pawarta ingkang trep kangge gambar kasebut inggih menika ...
Lapangan Reged ing Dusun Tanen
Gotong Royong ing Dusun Tanen
27 Wedhus dibeleh kangge Qurban
Gotong Royong ing Masjid Al-Furqon Tanen
Shalat Idul Adha ing Masjid Al-Furqon Tanen
Kapal patroli kagunganipun Kantor Bea Cukai Belawan, Medan kanthi nomer lambung BC 15001 njeblug ing Pesisir Labu, Deli Serdang. 7 saka 9 petugas ingkang nembe ngayahi jejibahan patroli tiwas padha sakala.
Unsur pawarta ingkang boten wonten ing pethilan teks pawarta kasebut inggih menika ...
kadospundi
kapan
wonten pundi
sinten
menapa
Nepangaken Wayang mring Kanoman
Pagelaran Festival Wayang Indonesia II, mapan ing Taman Budaya Yogyakarta dinten Senin ngantos dinten Setu, dipuntindakaken minangka srana kangge nepangaken wayang marang kawula muda.
Ing pambuka acara pagelaran, Sri Sultan Hamengku Buwana X negasake bilih upiya reaktualisasi wayang pancen kedah nggandheng kawula muda. Ancasipun supados saged marisaken budaya adiluhung ingkang wonten ing salebeting wayang ingkang aktual, jumbuh kaliyan pangrembakaning zaman.
Miturut Sri Sultan, wayang sipatipun boten moralistik, boten ngguroni, saha ngandhut piwulang ingkang boten ngayawara.
Pagelaran Festival Wayang Indonesia II kalaksanan wonten ing ...
Kraton Surakarta
Taman Sriwedari
Kraton Yogyakarta
Taman Budaya Surakarta
Taman Budaya Yogyakarta
