Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS GENAP 2023/2024 Bahasa Jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Salah sawijining karangan deskripsi kang carane nggambarake objek ora ditambahi angen-angene pangripta diarani karangan deskripsi ....

a)

objektip

b)

subjektip

c)

bagean

d)

klasifikasi

2.

Maca kanthi nyuwara utawa dibatin nanging wektune cepet diarani maca ....

a)

ide

b)

endah

c)

batin

d)

cepet

3.

Yen ditulis latin dadine ....

a)

mangan nanas

b)

mangan panas

c)

mangan tales

d)

mangan kulkas

4.

Yen ditulis latin dadine ....

a)

paugeran

b)

pengeran

c)

padhepokan

d)

palemahan

5.

Tembung kebon duren menawa ditulis aksara Jawa yaiku ....

a)

b)

c)

d)

6.

Nandur kabecikan tegese ....

a)

nonton wong liya tumindak becik

b)

maculi lemah banjur ditanduri winih kabecikan

c)

seneng nindakake pakerti becik tanpa pamrih

d)

ngalang-alangi wong tumindak becik

7.

Prastawa alam kang disebabake manungsa-manungsa kang sembarangan bebuwang sampah saengga sampah ngebaki saluran-saluran banyu banjur mbludag diarani ....

a)

banjir

b)

longsor

c)

gunung jeblug

d)

tsunami

8.

Hawa kang panas banget bisa njalari prastawa alam yaiku ....

a)

banjir

b)

kobongan alas

c)

tsunami

d)

longsor

9.

Ing ngisor iki sing kalebu struktur teks deskriptip yaiku ....

a)

identifikasi

b)

reorientasi

c)

orientasi

d)

prastawa

10.

Ing ngisor iki sing kalebu ater-ater tripurusa yaiku ....

a)

tak

b)

dak

c)

ing

d)

um

11.

Pandawa sing nomer loro asmanipun Raden Werkudara, satriya ing Jodipati. Raden Werkudara gadhah pusaka jenenge ....

a)

Panah Pasopati

b)

Keris Pulanggeni

c)

Gada Rujakpala

d)

Payung Tunggul Naga

12.

Tembung tinulis nduweni tembung lingga ....

a)

nulis

b)

ditulis

c)

nulisi

d)

tulis

13.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung kriya yaiku ....

a)

ayu

b)

mangan

c)

adem

d)

panas

14.

Tembung sing nduweni swara a jejeg yaiku ....

a)

lara

b)

bapak

c)

sapa

d)

apa

15.

Pathokane tembang Pangkur yaiku ....

a)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

8u, 11u, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

c)

8i, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8u, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i

16.

Mingkar mingkure angkara. Tembung angkara tegese ....

a)

napsu ala

b)

dijarake

c)

ditutupi

d)

dikandhakake

17.

Tegese guru wilangan yaiku ....

a)

cacahe gatra saben sapada

b)

cacahing manda saben sapada

c)

cacahing wanda saben sagatra

d)

cacahing tembung saben sagatra

18.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

1) Maskumambang

2) Cublak-Cublak Suweng

3) Pocung

4) Ilir-Ilir

Kang kalebu tembang macapat yaiku ....

a)

1 lan 2

b)

3 lan 4

c)

1 lan 3

d)

2 lan 4

19.

Putrane Prabu Pandhu Dewanata sing kembar yaiku ....

a)

Pandhawa lan Kurawa

b)

Janaka lan Arjuna

c)

Nakula lan Janaka

d)

Nakula lan Sadewa

20.

Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja, lan Gunatalikrama iku dasanamane ....

a)

Nakula

b)

Werkudara

c)

Janaka

d)

Puntadewa

21.

Tembang Pangkur dumadi saka .... gatra.

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

22.

Pasangan ing nduwur yaiku pasangan aksara ....

a)

pa

b)

sa

c)

ta

d)

da

23.

Wujude pasangan la yaiku ....

a)

b)

c)

d)

24.

Simbah isih lara.

Yen digawe krama alus yaiku ....

a)

Simbah tasih senggang

b)

Simbah tasih sakit

c)

Simbah tasih seda

d)

Simbah tasih gerah

25.

Ibu mboten kersa dhahar sayur bayem.

Yen digawe basa ngoko yaiku ....

a)

Ibu ora mangan sayur bayem

b)

Ibu ora masak sayur bayem

c)

Ibu ora tuku sayur bayem

d)

Ibu ora doyan sayur bayem