Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 18

Worksheet time: 2hrs 59mins

Name
Class
Date
1-3.

Wacan kanggo mangsuli pitakon nomer 1 - 3 !

Sluku-sluku bathok, Bathoke ela-elo

Si Rama menyang Solo, Oleh-olehe payung motha

Mak jenthit lolo lobah, Wong mati ora obah

Nek obah medeni bocah, Nek urip goleka duwit

1.

Ira-irahane tembang ing dhuwur yaiku … .

a)

Si Rama menyang Solo

b)

Bathoke ela-elo

c)

Sluku-sluku Bathok

d)

Wong mati orah obah

2.

Tembang ing dhuwur dumadi saka … gatra (baris)

a)

7

b)

6

c)

5

d)

4

3.

Tembang dolanan kudu selaras karo … .

a)

keluargane bocah

b)

kahanane bocah

c)

cita-citane bocah

d)

 wong tuwane bocah

4.

“Wakul” iku arane … .

a)

wadahe sego

b)

wadahe banyu

c)

wadahe duwit

d)

wadahe piring

5-8.

Wacan kanggo mangsuli pitakon nomer 5 - 8 !

Lumbung Desa

Lumbung desa pra tani padha makarya

Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu

Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang

Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang

5.

Tembang ing dhuwur irah-irahane … .

a)

 Nutu pari

b)

Swara lesung

c)

Para Tani

d)

Lumbung Desa

6.

Tembang ing dhuwur dumadi saka. . . gatra (baris).

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

7.

Piranti kanggo ngolah pari dadi beras ing tembang dhuwur yaiku … .

a)

mesin selep

b)

mesin giling

c)

 lesung lan alu

d)

 lumpang watu

8.

Lumbung iku lumrahe kanggo wadhah … .

a)

 tela, kentang

b)

 jagung, pari

c)

wortel, buncis

d)

 kacang tanah, kedhele

9.

“Yen wes mateng nuli madhang”, tembung madhang basa krama aluse yaiku … .

a)

nedha

b)

nedhi

c)

mangan

d)

dhahar

10.

Sandhangan ing aksara Jawa dikelompokake dadi … .

a)

6

b)

5

c)

4

d)

3

11.

“Wulu” yaiku sandhangan swara … .

a)

 swara i

b)

swara u

c)

swara e

d)

swara o

12.

“Layar” yaiku sandhangan sigeg gantine aksara sigeg … .

a)

swara h

b)

swara ng

c)

swara r

d)

swara s

13.

Bapak unjuk wedang jahe abrit. Tembung sung digaris ngisore iku mathuke muni … .  

a)

ngunjuk

b)

diunjuk

c)

 kaunjuk

d)

unjukan

14.

Ibu nyawisake dhaharan kanggo bapak.

Tembung “nyawisake” yen diudhal manut  tembung linggane … .

a)

ater-ater ny – nyawis + panambang - ake.

b)

 ater-ater ny – cawis + panambang – ake.  

c)

ater-ater n – nyawis + panambang - ake.

d)

ater-ater n – cawis + panambang - ake.

15.

Adhiku dolanan masak-masakan karo kancane.

Tembung “dolanan” saka tembung lingga … .

a)

dolanan

b)

dolan

c)

dodolan

d)

 dodol

16.

Endhoge wes (goreng) dening Bu Lek.

Tembung goreng benere … .

(a)  

17.

”Wulu” yaiku sandhangan kanggo swara (a)  

18.

Pitikku ………. jagung karo dhedhek

(a)  

19.

Martabakku dakgambari pokemon nganggo coklat meses.

Tembung “dakgambari” ing  ukara iku asale saka tembung lingga … .

(a)  

20.

”Suku” yaiku sandhangan kanggo swara (a)  

21.

Sebutna tembang dolanan sing kokweruhi?

4 lines
22.

Coba tulisen tembang dolanan “gundul-gundul pacul”?

4 lines
23.

Ibu tuku gula ning pasar.

Basa kramane yaiku

4 lines