WorksheetsTEMBANG MACAPAT
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Tembang macapat iku kaiket dening paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Gathukna tegese guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu ing ngisor iki!
1-2, 2-3, 3-1
1-3, 2-2, 3-1
1-2, 2-1, 3-3
1-3, 2-1, 3-2
1-1, 2-3, 3-2
Paugeran tembang Sinom ... .
sagatra = 9 wanda
sagatra = 9 wanda
sapada = 9 tembung
sapada = 9 wanda
sapada = 9 gatra
Guru wilangane tembang Mijil ... .
6 gatra =10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
i, o, e, i, i, u
10, 6, 10, 10, 6, 6
6 gatra
Watak tembang Durma yaiku ... .
nelangsa, prihatin banget
nepsu, sereng banget
asih asuh, manis
prihatin, getun
luwes, manis
Kanggo nggambarake rasa pangrasa kang sedhih kita bisa ngripta tembang macapat jinis … .
Asmaradana, Megatruh, Maskumambang
Asmaradana, Durma, Megatruh
Pangkur, Durma, Maskumambang
Kinanthi, Maskumambang, Pangkur
Dhandhanggula, Megatruh, Pocung
Gatosaken tembang wonten ngandhap puniki!
Musthikaning para putri
Ing sawjining wanodya
Ratu Mas Kambang asmane
Angujiwat esemannya
Tansaya gawe bungah
Udakara yen ketemu
Luhung budi lan sulistya
Tembang wonten nginggil dipunwastani tembang ... .
Durma
Asmaradana
Mijil
Pangkur
Sinom
Gatosaken tembang wonten ngandhap puniki!
Sekar gambuh ping catur/kang cinatur polah kang kalantur/tanpa tutur katula-tula katali/kadaluwarsa kapatuh/katutuh pan dadi awon//
Pranyatan kang bener mungguh Tembang Gambuh ing dhuwur yaiku … .
ing sapada dumadi saka 6 gatra lan 58 wanda
nggunakake tembung-tembung kawi ping, dadi, awon, polah
ana sengkalan kang unine kadaluwarsa kapatuh
nggunakake purwakanthi sastra k, l, t, r
guru wilangan lan guru lagune 8u, 12u, 12i, 8u, 8o
Gatosaken tembang wonten ngandhap puniki!
Siji maneh kembang nagri,
Sakera pahlawan bangsa,
Pasruan uga asale,
Uga sekti mandraguna,
Panjurung jiwa kula,
Saya sengkud ngudi ilmu,
Kanggo andhil mbangun bangsa.
Geneya gatra kapisan katulis nagri (dudu negari) … .
supaya trep karo guru lagune
supaya trep karo guru gatrane
supaya trep karo guru wilangane
supaya trep karo guru sastrane
supaya trep kari guru basane
Gatosaken tembang Dhandhanggula wonten ngandhap puniki!
Memanise ing urip ……………………,
Bisa gawe tentreme bebrayan,
Tumungkul lair batine,
Aja ladak gumunggung,
Sabar nrima ……………… ati,
Sumeh manis esemnya,
Saben dintenipun,
Ora gampang gawe cuwa,
Ati tentrem rinasa rina lan wengi,
Becik padha estokna.
Jangkepana gatra kaping gangsal tembang Dhandhanggula wonten nginggil menika miturut paugeranipun!
tulusing
tumus sajrone
tumekan ing
kudu tulusing
aneng
Ukara sing trep kanggo gatra pungkasane tembang Maskumambang ... .
aja padha mara mrana-mrana
becike cegah dhahar
ana sandhang pangan lan papan
mula ayo padha eling lan waspada
ana awan ana pangan
