wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Assessment SESORAH

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

ing ngisor iki kang kalebu pangetene sesorah ingkang trep, yaiku....

a)

micara nglairake gagasan ing mburine wong akeh kanthi ancas tinamtu

b)

micara nglairake gagasan ing sakiwane wong akeh kanthi ancas tinamtu

c)

micara nglairake gagasan ing satengene wong akeh kanthi ancas tinamtu

d)

micara nglairake gagasan ing sadhuwure wong akeh kanthi ancas tinamtu

e)

micara nglairake gagasan ing sangerepe wong akeh kanthi ancas tinamtu

2.

Naskah, apalan, impromtu/ dadakan, ekstemporan, menika kalebu.....sesorah

a)

Jinis

b)

ancas

c)

methode

d)

pangeten

e)

struktur teks

3.

Sabdatama, pambagyaharja, tanggap wacana, kalebu....sesorah

a)

Jinis

b)

Ancas

c)

Methode

d)

Pangerten

e)

Struktur teks

4.

Salam pambuka, pambuka (purwaka), isi (surasa), panutup (wasana), salam panutup, kalebu.....sesorah

a)

Jinis

b)

Ancas

c)

Metodhe

d)

pangerten

e)

Struktur teks

5.

"Patrapipun piyayi ingkang sesorah menika kedah ngapurancang".

Tegesipun tembung ingkang kacithak kandhel inggih menika....

a)

Pitedah (petunjuk)

b)

Solah bawa (tumindak)

c)

Paugeran (tengeran)

d)

Winasis (kapinteran)

e)

Andhap asor

6.

"Sumangga kita ngonjukaken puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih saengga kula tuwin panjenengan sami saged kempal manunggal ing adicara menika".

Pethikan atur pranata adicara kasebut kalebu perangan....

a)

purwaka basa

b)

surasa basa

c)

wasana basa

d)

atur pambagyaharja

e)

panutup

7.

Pak Maulana nalika kajibah dadi pranata adicara kanthi nggawa cathethan cilik. Methode kang dienggo Pak Maulana yaiku....

a)

Apalan

b)

Maca Teks

c)

Impromtu

d)

Eksposisi

e)

Ekstemporan

8.

Panyandraning manungsa! Gathukna!

drijine

mucuk eri

alise

ngombak banyu

rambute

ngudhup mlathi

untune

miji timun

irunge

nanggal sepisa

9.

Gatekna struktur sesorah ing ngisor iki!

(1) Purwaka basa, (2) Wasana basa, (3) Surasa basa, (4) Salam pambuka, (5) Salam panutup

Urutan struktur teks pidhato sing bener yaiku....

a)

1, 3, 2, 4, 5

b)

4, 1, 3, 2, 5

c)

4, 5, 1, 3, 2

d)

5, 4, 1, 3, 2

e)

4, 3, 2, 1, 5

10.

"Nuwun, matur nuwun, lan wassallamuallaikum warahmatullahi wabarakatuh"

Pethilan sesorah ing nginggil kalebu perangan.....

a)

pambuka

b)

panutup

c)

isi

d)

salam pambuka

e)

salam panutup

11.

Gatekna wacan iki!

Mugi-mugi kita sedaya saget istiqomah njaga kebersihan lingkungan sekolah iki kanthi telaten, saengga lingkungan sekolah sing dienggo sinau bisa nyaman amargi lingkungan resik.

Miturut struktur, cuplikan teks pidato kasebut kalebu…

a)

Pambuka

b)

Panyapa

c)

Panutup

d)

Pangarep-arep

e)

Panyaruwe

12.

Pangapunten, dasanamanipun yaikuu

(a)  

13.

Talanging atur, dasanamanipun (a)  

14.

Kula minangka .................. saking keluwarga bapa Maulana nyuwun samudra pangaksami awit klenta-klentuning atur saha tata trapsila ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya.

Tembung kang trep kanggo jangkepi ukara ing nginggil, yaiku.....

(a)  

15.

Dhumateng Bapak Slamet ingkang kula (1).............., saha para kadang ingkang kula tresnani, langkung rumiyin sumangga kita sesarengan (2)................... raos puji sukur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun maringi (3)......................... satemah kita sedaya saged (4)......................... wonten papan punika kanthi boten wonten (5).................... satunggal punapa.

a)

(1) tresnani, (2) matur, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan

b)

(1) tresnani, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) karaharjan

c)

(1) kurmati, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) karaharjan

d)

(1) kurmati, (2) matur, (3) panuwun, (4) kempal, (5) alangan

e)

(1) kurmati, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan

16.

Sesorah iku nggadahi perangan-perangan yaiku saking pambuka dumugi panutup. Perangan sesorah kang isine menehi dudutan lan ngaturaken pangapunten dhumateng pamireng kalebu perangan.....

a)

purwaka

b)

surasa basa

c)

panutup

d)

pangarep-arep

e)

salam panutup

17.

Pak Kades badhe pidhato ing kempalan wulanan desa. Pak Kades sampun nyiapaken naskah kang badhe diwedharaken ing pidhatone yaiku babagan dana bantuan desa. Metode kang dingge Pak Kades yaiku metode….

a)

apalan

b)

naskah

c)

impromtu

d)

ekstemporan

e)

persuasi

18.

Ing sajroning sesorah ana tata cara sikep nalika sesorah utawa pidhato. Nalika lagi sesorah sikep kang patrap yaiku.....

a)

Dhoyong lan ora semangat

b)

Ngadeg jejeg lan ora mbungkuk

c)

Ora nggatekake tamu

d)

Tansah mbesengut

e)

Tansah ndingkluk

19.

Ing desaku bapak kulina kadhapuk dadi sesulih piyayi kang duwe gawe, pakaryan iku atur pambagyaharja. Nalika pasamuwan ing desa bapak ngageme jas nasional, nanging nalika ana ing karaton ngagem kejawen jangkep. Perangan iki bab-bab wigati amrih prayogane wedharan kang diarani….

a)

Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana

b)

Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake

c)

Busana kang jumbuh karo swasana

d)

Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana

e)

Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara

20.

Ukara ngandhap menika kalebet perangan menapa ?

 

”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”.

a)

atur pakurmatan

b)

atur pangarep-arep

c)

atur puji sukur

d)

atur pangapunten

e)

atur pambagyharja