Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASESMEN FORMATIF AWAL KELAS 7B

Total questions: 10

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

“Wah, kebeneran ngelih-ngelih diajak mangan.” Ngendhika ngono Bapak karo menerake lenggahe. Nalika arep mangan, aku ditawani lawuhe apa. “ Milih sayur lodheh, apa urap?” Budhe nawani aku.

             Aku milih ulam sebabe wis suwe ora mangan iwak. Kaya ngapa enake yen weteng ngelih mangane lawuh iwak. Ora let suwe piring isi sega putih kemebul isih panas ketambah sakepel ramban-rambanan wis ana ngarepku. Embuh rambanan godhong apa aku ora ngerti. Aku mung meneng wae karo milang-miling nggoleki lawuh sing jenenge iwak.

             Bapak ngendhika, “ Arep njupuk apa?

             Aku noleh Bapakku karo matur lirih-lirih,”Pak, ulame pundi?”

             Bapakku midhanget aturku mau ngguyu nganti arep keselak banjur               ngendhika, “O dadi kowe ora ndang mangan kuwi ngenteni lawuh ulam sing di ngendhikake Budhe mau ta?. Budhemu kuwi mau nawani urap, dudu ulam. Lha, ya ora bakal ketemu. Makane nek diajak ngomong wong tuwa iku, dimirengke sing temen, aja malah dolanan HP.” ngendhikane Bapak. Mbah kakung karo Budhe ngguyu kepingkel-pingkel. Aku isin banget.

Crita pengalaman kasebut ngenani pengalaman pribadhi kang sifate ....

a)

kisinan

b)

bungah

c)

kuciwa

d)

sedhih

2.

Urutan kedadeyan kang dilakoni paraga saka babak kepisan nganti babak akir jenenge (a)  

3.

Apa sing kudu dilakoni nalika nulis crita pengalaman pribadi?

a)
  • Nggunakna tembung kang mbingungake.

b)

Nggambarake kejadian kanthi cetha lan runtut.

c)
  • Ngapusi bab kejadian kang ora tau kelakon.

d)

Nulis kanthi bahasa kang angel dipahami.

4.

Crita rakyat kang tokohe para dewa-dewa utawa lelembut kang kedadeyan ing donya liyane lan dianggep bener kedadeyan marang sing nganggit crita utawa penganute diarani (a)  

5.

“...Mbok Randha bungah penggalihe amarga penjaluke kepengin kagungan putra wis kelaksanan. Mbok Randha ngucapake sukur marang Gusthi Allah amarga dongane wis kinabulake. Bayi iku mau wadon, pakulitane alus resik kaya kulit timun amarga lair saka timun sing kuning kaya emas. Bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine karo Buta Ijo manawa arep menehake timun. Atine Mbok Randha dadi susah atine, rina wengi nyuwun marang Gusthi Allah supaya oleh pitulungan. Salah sawijining wengi, Mbok Randha ngimpi ketemu pertapa/resi ing Gunung Gandhul. Pertapa kuwi mau kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo....”

  Bayine Mbok Randha arane ....

a)

Timun Mbak

b)

Timun Sawah

c)

Timun Mas

d)

Rujak Timun

6.

.........................................

“…. Asmawikana raja ing kraton Nggambar Arum ngrasa sedih jalaran Prameswarine nglairake putra kang cacat. Laire putra Prameswari kang cacat jalaran teluh saka garwane prabu kang asma Dursilawati sing ngrasa iri. Bocah mau banjur dijenengi Jaka Kendil merga sirahe sing kaya tutup kendhil. Raja banjur paring dawuh supaya putrane mau diungsikake ana ing alas minangka syarat saka pertapa supaya ilang teluhe….”

 Irah-irahan wacan kang trep yaiku ....

a)

Jaka Bodho

b)

Jaka Kendhil

c)

Jaka Tarub

d)

Jaka Tingkir

7.

Crita kang ditindakake ing sajroning wektu tetengere wacan (a)  

8.

aksara jawa cacahe ana (a)  

9.

Aksara jawa iki yen diwaca dadi aksara latin unine (a)  

10.

yen ditulis dadi aksara latin unine (a)