wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tes diagnostik awal Bab Jinising Teks Wacan

Total questions: 25

Worksheet time: 36mins

Name
Class
Date
1.

Saben jinis wacana iku duweni titikan

lan ancas dhewe-dhewe kang

mangaribawani pemilihan tembung kalebu

ing topik utawa irah-irahane. Dadi saka

topik utawa irah-irahan bisa menehi

gambaran jinising wacana. Ing ngisor iki,

sing ora kalebu topik wacana deskripsi yaiku

....

a)

kahanane pasar sakwise kobongan

b)

cita-citaku dadi presiden

c)

endahe Desa Kemuning

d)

ruang komputer ing sekolahku

2.

Kang kalebu titikane wacan deskriptif

yaiku...

a)

nggunakake pancaindriya

b)

menehi pawarta

c)

nengenake urutan wektu

d)

nyritakake lelakon

3.

Klepon iku bentuke bunder, wernane ijo, lan ing pinggire akeh klopone kang sumeber rata. Nalika dicokot empuk lan lumer amergo njerone ana isi gula jawa. Gedhene udakara meh pada karo setin.


Paragrap ing dhuwur kalebu jinis ...

a)

deskripsi narasi

b)

deskripsi spasial

c)

deskripsi objektif

d)

deskripsi subjektif

4.

Jinis wacan deskripsi yaiku...

a)

Deskripsi objektif lan subjektif

b)

Deskripsi luas lan sempit

c)

Deskripsi umum lan khusus

d)

Deskripsi spasial lan deskripsi naratif

5.

Wacan Deskripsi yaiku ...

a)

wacan kang menehi gegambaran sawijining kahanan

b)

wacan kang menehi penjelasan aluring cerita

c)

wacan kang menehi contoh-contoh tuladha ingkang becik

d)

wacan kang menehi informasi babagan peristiwa

6.

Hawa kang adhem campur kaliyan angin sumilir ing wayah sore.

Ukara ing ndhuwur kaya-kaya bisa nggambarake...

a)

apa kang dirungokake

b)

apa kang dideleng

c)

apa kang dirasakake

d)

apa kang diambu

7.

Gunung Bromo salah sijine gunung sing kanthi sesawangan endah ing laladan kabupaten Probolinggo. Ana ing sakiwa tengene gunung, kabut kumebul sumundhul. Manuk-manuk pating sliwer nang sisihe gunung. Akeh wit-witan ana ing sakiwa tengene pereng. Ana klai gumrujug iline banter. Saking bantere nganti nyiprat marang godhong-godhongan. Hawane adhem. Wong nang kana pada sibuk karo pegaweane dhwek-dhwek. Nandur woh-wohan lan janganan.

Wacan iki kalebu wacan...

a)

Deskripsi spasial

b)

Deskripsi objektif

c)

Deskripsi subjektif

d)

Deskripsi narasi

8.

Urutane ke siji gawe teks deskripsi yaitu...

a)

Nemtokake tema sing arep dibahas

b)

Ngumpulake materi

c)

Tujuan penulisan sing arep disampekna marang pamaca

d)

Nulis karangan kanthi lengkang lan ora ana sing kececer .

9.

STRUKTUR TEKS DESKRIPSI sing bener yaiku...

1. Irah-irahan

2. Deskripsi bagean

3. Identifikasi

4. Dudutan/ Simpulan

a)

1-3-2-4

b)

4-1-2-3

c)

2-3-1-4

d)

1-2-3-4

10.

Tujuan/ ancase nulis teks deskripsi yakuwe...

a)

pamaca nindkaen apa sing dikarepna penulis

b)

pamaca seneng karo apa sing ditindakna dening penulis

c)

narik kawigaten

d)

pamaca kaya-kaya weruh, krungu, lan ngrasakake apa sing ditulis

11.

Sebutno jenise wacan deskripsi

(a)  

12.

Sebutno langkah-langkah gawe wacan deskripsi panganan tradisional Jawa

(a)  

13.

Wacana deskripsi yaiku wacana  kang ngandharake sawijining objek kanthi peperincen kang cetha, saengga pamaca kaya -kaya weruh dhewe objek kang digambarake.

a)

BENAR

b)

SALAH

14.

Ancase wacana eksposisi yaiku supaya pamaca kaya ngalami dhewe prastawa utawa kedadean kasebut

a)

BENAR

b)

SALAH

15.

Pariwara kalebu jinis wacana persuasi amarga nggawe pamaca supaya gelem nglakoni apa kang dikarepake penulise.

a)

BENAR

b)

SALAH

16.

Titikane wacana narasi iku isine arupa panemu saka panulis babagan sawijining perkara.

a)

BENAR

b)

SALAH

17.

Pawarta iku kalebu tuladha wacana eksposisi amarga aweh informasi kang bisa njembarake kaweruh pamaca.

a)

BENAR

b)

SALAH

18.

Deskripsi impresionatis/ deskripsi subjektif iku deskripsi kang nggambarake objek dikantheni kesan penulis marang objek kang digambarake.

a)

BENAR

b)

SALAH

19.

Cerpen, novel, dongeng iku kalebu teks narasi non fiksi.

a)

BENAR

b)

SALAH

20.

Struktur orientasi ing wacana narasi ngandharake paraga, panggonan, wektu, lan watake paraga kanggo bebukane crita kang ngandharake apa kang lagi kedadeyan

a)

BENAR

b)

SALAH

21.

Ancase wacana persuasi lan argumentasi iku padha yaiku ngajak pamaca supaya nglakokake apa kang dikarepake panulis.

a)

BENAR

b)

SALAH

22.

Titikane wacana persuasi yaiku anane ukara utawa tetembungan pangajak.

a)

BENAR

b)

SALAH

23.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Nalika nyawang busana adat iku aja mung disawang blegere wae, nanging kudu ngerteni lan mahami apa kang sejatine. Amarga saben busana kang digawe dening leluhur biyen mesthi duwe karep lan pitutur kang luhur. Upamane tata cara panganggone keris, ana kang dumunung ing mburi uga dumunung ing ngarep. Panggonane keris kang ana ing ngarep iku ora nandhakake yen wong Jawa iku seneng gelut utawa padudon. Nanging iku minangka pratandha yen wong Jawa iku kebak ing pangati-ati. Mula pusakane dumunung ing ngarep.

Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacana ...

a)

NARASI

b)

DESKRIPSI

c)

EKSPOSISI

d)

ARGUMENTASI

e)

PERSUASI

24.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Nalika nyawang busana adat iku aja mung disawang blegere wae, nanging kudu ngerteni lan mahami apa kang sejatine. Amarga saben busana kang digawe dening leluhur biyen mesthi duwe karep lan pitutur kang luhur. Upamane tata cara panganggone keris, ana kang dumunung ing mburi uga dumunung ing ngarep. Panggonane keris kang ana ing ngarep iku ora nandhakake yen wong Jawa iku seneng gelut utawa padudon. Nanging iku minangka pratandha yen wong Jawa iku kebak ing pangati-ati. Mula pusakane dumunung ing ngarep.

Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacana ...

a)

NARASI

b)

DESKRIPSI

c)

EKSPOSISI

d)

ARGUMENTASI

e)

PERSUASI

25.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Udeng basa ngokone iket utawa diarani blangkon (menawa wis dadi kari nganggo) dene basa kramane dhestar. Udheng iku arupa panganggo kang dianggo kanggo nutupi mustaka. Udheng lumrahe kagawe saka kain bathik awujud persegi kang banjur dilempit, ditata kanthi njlimet supaya hiasan utawa rerenggan ing sisih kiwa lan tengen bisa padha, banjur dijait miturut ukurane mustaka kang ngersakake.

Manut struktur wacan ing ndhuwur, wacan kasebut kalebu jinis teks deskripsi amarga …

a)

Wacan kasebut nggambarake bab udheng kanthi laras

b)

Ana ing wacan kasebut diandharake kanthi basa kang naratif bab udheng

c)

Menehi pamanggih kang mligi sawijining bab kanthi logis lan nalar

d)

Ngajak para paamaca supaya padha nggunakake udheng

e)

Nggambarake bab kabudayan kanggo pamaos suapaya gelem nglestarikake udheng