wayground logo

Lembar Kerja Gratis yang Dapat Dicetak

BARU

Ukuran huruf

S
M
L
XL
Lembar kerja

Undha-usuk Basa Kelas 10

Total soal: 20

Worksheet time: 40mins

Nama
Kelas
Tanggal
1.

Sawise maghrib aku ngaji ing musola. Ukara iku nggunakake undha - usuk .....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

2.

Wau enjing Pak Tarno Tindak dhateng sabin, ukara kasebut ngginakake basa ....

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

3.

Anis : mengko sore sido latihan ora san?

Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.


Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Madya

e)

Krama Alus

4.

Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....


Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Dhahar, dhahar

b)

Nedha, nedha

c)

Nedha, mangan

d)

Nedha, dhahar

e)

Dhahar, nedha

5.

Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!

Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.


Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

Ngoko dan krama

6.

Ibu : Bapak wis ...... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

7.

" Aku mau weruh Pak Lurah tindak liwat kulon umahku"


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

8.

Pasangan kang padha umure/bocah sabarakan migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama lugu

e)

krama alus

9.

Siti maem roti ing umahku. Tembung "maem" miturut unda usuk basa ngoko alus dadi ....

a)

makan

b)

mangan

c)

dhahar

d)

nedha

e)

pangan

10.

Wekdal Bapak ...., kula ....

Tembung kanggo njangkepi supaya tepat kanggo Unggah-ungguhe yaiku .....

a)

dhahar - siram

b)

dhahar - adus

c)

nedha - siram

d)

mangan - adus

e)

mangan - siram

11.

Ing ngsior iki tuladha basa krama inggil kang trep yaiku ,,,,

a)

Pak dhe kula dereng wangsul saking kelurahan.

b)

Pak Dhe kula wis kondur saking kecamatan

c)

Pak dhe nembe kemawon tindak dateng kantoripun.

d)

Pak dhe durung sare amarga ngrampungake tugase

e)

Pak dhe taksih dhahar karo Ibu wonten warung.

12.

Basa Krama Alus digunakake kanggo, kajaba......

a)

Bocah marang wong tuwa

b)

Murid marang gurune

c)

Wong kang wis dhewasa marang wong dhewasa liyane kang durung akrab

d)

Simbah marang putune

e)

Lare kaliyan bpk/ibu

13.

Tembung "gumantung" kalebu tembung adhahan amarga ....

a)

seselen 'um'

b)

ater- ater 'an'

c)

seselan 'in'

d)

panambang 'um'

e)

imbuhan 'ng'

14.

"Ibuku wis balik saka pasar numpak pit motor', Tembung kasebut minangka dadi basa krama Alus .....

a)

Ibu kula sampun kondur saking peken nitih sepedha motor.

b)

Ibu kula wis kondur saking peken nitih sepedha motor.

c)

Ibuku sampun kondur saking peken nitih sepedha motor.

d)

Ibu kula sampun kondur saka pasar nitih sepedha motor.

e)

Ibu kula wis wangsul saka pasar nitih sepedha motor.

15.

Wuwuhan kang dumunung ing sangarepe tembung lingga, yaiku .....

a)

Ater-ater

b)

Seselan

c)

Panambang

d)

Lingga

e)

Andhahan

16.

Sukarni mundhut gula 1/2kg karo beras 1 kg, tembung kasebut miturut unggah ungguh basa klebu ......

a)

Krama Lugu

b)

Krama Alus

c)

Krama Inggil

d)

Ngoko Alus

e)

Ngoko Lugu

17.

Tembung kang wis owah saka asale tuladha tembung 'tukua' yaiku ......

a)

Tembung Andhahan

b)

Tembung Lingga

c)

Tembung Wod

d)

Tembung Dasar

e)

Unda Usuk Basa

18.

Kagatosna  pacelathon menika!

Farrel              :”Kula nuwun”

Bu Dwi            :”E, Mas Farrel. Kadingaren sore-sore mrene. Mangga lenggah!”

Farrel               :”….”

Bu Dwi            :”Ora dadi ngapa, rak ya padha slamet ta?”

Wangsulanipun Farrel ingkang trep miturut unggah-ungguh basa, inggih menika ….

a)

“Nyuwun pangapunten sowan wonten griyanipun ibu.”

b)

Nyuwun pangapunten sowan wonten dalemipun ibu.”

c)

“Nyuwun ngapura sowan wonten dalemipun ibu.”

d)

“Nyuwun ngapura sowan wonten griyanipun ibu.”

e)

“Nyuwun pangapunten tindak dalemipun ibu”.

19.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Anak : “………………………………......................................................................

Ibu : “iki, arep nyang pasar, arep melu apa piye Nang?”

a)

Bu arep tindak ngendi?

b)

Bu ajeng tindak pundi?

c)

Bu badhe tindak pundi?

d)

Bu badhe lunga pundi?

e)

Bu arep lunga ning ngendi?

20.

Kepiye anggonmu omong marang Bapakmu, ngandhani menawa Bapak kon mulih sedhela karo Simbah?

a)

Bapak kon mulih sedhela karo Simbah.

b)

Bapak dipundhawuhi Simbah kondur sekedhap.

c)

Bapak diaturi Simbah kondur sekedhap.

d)

Bapak didhawuhi Simbah wangsul sekedhap.

e)

Bapak didhawuhi mulih sedhela karo Simbah.