wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

kuis geguritan

Total questions: 25

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.

salah sawijining karya sastra Jawa kang karipta minangka wujud saka wedharan rasa pangrasa panyerat yaiku ...

a)

sesorah

b)

deskripsi

c)

geguritan

d)

pacelathon

2.

kang kalebu titikane geguritan tradisional yaiku ....

a)

kaserat panganggit

b)

kawiwitan sun gegurit

c)

kaserat irah-irahan

d)

nggunakake bahasa endah

3.

Geguritan kabagi dadi 2 yaiku ....

a)

geguritan tembang lan geguritan tradisional

b)

geguritan moderen lan geguritan tradisional

c)

geguritan tembang lan geguritan moderen

d)

geguritan tembang lan geguritan macapat

4.

kinanthi

Dadiya lakunireku,
Cegah dahar lawan guling,
Lan aja asukan-sukan,
Anganggowa sawatawis,
Ala watege wong suka,
Nyuda prayitna ing bathin.

Geguritan kasebut kalebu ing geguritan ....

a)

tradisional

b)

moderen

c)

tembang

d)

puisi

5.

AJA NGRANGKUL REMBULAN
Dening: Bambang Hermanto (Larangan, Gayam, Sukoharjo)

Nimas wong ayu aja pengin ngrangkul rembulan.
Rembulan kuwi ana sing duwe wong ayu duweke joko umbaran.
Ing jaba obor mobat mabit katiyup angin aku lan sliramu.
Ing wengi iki nyambung katresnan nyuntake rasa kangen.
Nimas wong ayu sigaring nyawa ingsun nganti kapan
wae aku setyo tuhu marang sliramu wong ayu.

Geguritan kasebut kalebu geguritan ...

a)

tradisional

b)

klasik

c)

moderen

d)

tembang

6.

Sun Ngegurit

Watake wong kampung Sima

Perawane padha siap sedia

Tangi esuk padha lunga

Nggendhong tenggok nyangking keba

Ngempit kendhi isi toya

Ngetut bibi lan si bapa

Arsa mbiyantu makarya

Lan wong tuwa ngupaboga

Geguritan kasebut kalebu geguritan ...

a)

moderen

b)

tembang

c)

tradisional

d)

purwakanthi

7.

Perkara pokok ing geguritan yaiku ...

a)

dhiksi

b)

tema

c)

lelewaning basa

d)

purwakanthi

8.

pamilihan tembung yaiku ....

a)

tema

b)

dhiksi

c)

lelewaning basa

d)

purwakanthi

9.

ing ngisor iki kalebu dhiksi ing geguritan kajaba ....

a)

rinengga

b)

plutan

c)

wancahan

d)

purwakanthi

10.

Le tuku buku gambar kuwi le ing koprasi!

ukara kasebut kalebu dhiksi ...

a)

dasanama

b)

rinengga

c)

plutan

d)

wancahan

11.

Sang bayu angin ngamuk, omah lan tanduran dadi korban.

tembung bayu angin kalebu dhiksi ...

a)

rinengga

b)

plutan

c)

wancahan

d)

dasanama

12.

Gumagus

Tembung kasebut kalebu rinengga amarga ...

a)

pikantuk ater-ater

b)

pikantuk seselan

c)

pikantuk panambang

d)

pikantuk plutan

13.

Ing ngisor iki kalebu purwakanthi, kajaba ...

a)

guru sastra

b)

guru basa

c)

guru swara

d)

guru lagu

14.

Asah asih asuh

kalebu ing purwakanthi ...

a)

guru sastra

b)

guru swara

c)

guru basa

d)

guru lagu

15.

Ing ngisor iki kalebu purwakanthi sastra yaiku...

a)

babat bibit bebet

b)

Tari tuku tahu

c)

sluman slumun slamet

d)

alon-alon waton klakon

16.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara purwakanthi guru basa yaiku ...

a)

jaranan, jaranan

b)

Aku lunga, lunga ing Purworejo

c)

cublak-cublak suweng

d)

asah asih asuh

17.

Aku tuku roti, rotine roti tawar.

ukara kasebut kalebu purwakanthi ...

a)

guru basa

b)

guru sastra

c)

guru lagu

d)

guru swara

18.

Ani gawa buku 3 lan pulpen 4.

ukara kasebut kalebu lelewaning basa ...

a)

hiperbola

b)

sarkasme

c)

klimaks

d)

metonimia

19.

Bocah kok gumagus banget.

gumagus kalebu rinengga amarga pikanthuk ...

a)

ater-ater

b)

seselan

c)

panambang

d)

plutan

20.

Aku lunga mring sekolah.

Ukara kasebut kalebu dhiksi apa ...

a)

rinengga

b)

dasanama

c)

plutan

d)

wancahan

21.

Bocah kok sregep tenan, jam 8 nembe mangkat sekolah.

Ukara kasebut kalebu lelewaning basa....

a)

Metonimia

b)

Ironi

c)

Hiperbola

d)

Sarkasme

22.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu lelewaning basa metonimia yaitu....

a)

Aku mangkat sekolah numpak honda

b)

Bal bunder mak bleng mlebu gawang

c)

Sapa sing ora kepingin dadi pinter?

d)

Ngeong ngeong suara kucing njaluk pangan

23.

Ing ngisor iki kang kalebu unsur ekstrinsik geguritan, kajaba....

a)

Biografi

b)

LelewaningLelewaning basa

c)

Piwulang

d)

Sosial

24.

Maca geguritan iku kudu nggatekake? Kajaba......

a)

Pada

b)

Wirasa

c)

Wirama

d)

Wiraga

25.

Gancaran geguritan wujude.....

a)

Pada

b)

Gatra

c)

Paragraf

d)

Wanda