Ukuran huruf
Lembar kerjaUH 1 Unggah-ungguh Basa
Total soal: 15
Worksheet time: 40mins
Gatekna pacelathon iki!
Pakdhe: “Ibu maeng wis dhahar lapis iki ta?” Budhe: “Wis Pak, lapis kuwi bageyane njenengan.”
Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku ...
Krama alus
Krama lugu
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama ngoko
Gatekna ukara iki!
“Bu Ida arep tuku gula lan endhog”.
Ukara kasebut yen disalin dadi basa krama alus yaiku ...
Bu Ida badhe mundhut gendhis kalihan tigan.
Bu Ida ajeng tumbas gendhis kalihan tigan.
Bu Ida arep mundhut gula lan endhog.
Bu Ida badhe tumbas gendhis lan tigan.
Bu Ida ajeng mundhut gendhis lan tigan.
Gatekna andharan iki!
Tina diutus bapake menyang daleme simbahe, nanging dheweke ora gelem amarga dheweke arep sinau klompok. Tina anggone matur ...
Wangsulan kang cocog kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ...
Sepurane Bu, aku arep kerkel karo kanca-kancaku!
Pangapunten Bu, aku arep budhal kerkel iki.
Sorry Bu, aku arep kerkel, tugase dikumpulke sesuk!
Nyuwun pangapunten Bu, kula badhe kerkel taksihan.
Piye ya Bu, aku arep kerkel tugase akeh banget lho!
Ukara ing ngisor sing nggunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku ...
Mas kula badhe kondur rumiyin amarga kula nembe gerah.
Ibu lan embah putri kula lara kadhasen lan panuen.
Kula badhe siram rumiyin, supados ora ngantukan.
Pak panjenengan badhe mulih jam pira?
Bapak nembe dhahar sakmenika maos koran wonten ngajeng.
Wacanen kang patitis!
Titikane Basa Lisan:
•Mbutuhake tekane wong sing ngomong (paham marang sing ngomong)
•Paramasastrane kurang jangkep
•Diwatesi anane empan papan (panggonan lan wektu)
•Ditemtokake cendhek dhuwure swara
Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane basa lisan yaiku ...
(Bisa milih loro wangsulan)
Kowe kuwi mbok aja kakean ngomong!
Pak Ari rumangsa kuatir marang nasibe anake.
Ibu sik panggah durung bisa paham karo perkara iku.
Muga-muga apa sing kokpengini bisa kasembadan.
Wenehna buku iki menyang Mbak Ratri, sesuk!
Gatekna pethikan pacelathon iki!
A: “Panjenengan rawuh kala punapa?”
B : “___________________”
Ukara sing trep kanggo mangsuli pitakon ing dhuwur yaiku ...
Kala wingi sonten anggen kula dugi
Nembe kemawon sembahyang kula wau.
Alhamdulillah sae, panjenengan pripun?
Sakbibaripun nedha, kula ajeng bidhal.
Kula kalih mbeta tigan nggih.
Wacanen kang patitis!
Pak Badri : “Nuwun sewu Pak, badhe taken.”
Pak Sukri : “O inggih.”
Pak Badri : “Omahe Bu Rintis menika ingkang pundi nggih?”
Pak Sukri : “Bu Rintis? Bu Rintis wonten kalih. Ingkang setunggal anggota DPRD, sanesipun perias manten.”
Pak Badri : “O, Bu Rintis ingkang anggota DPRD Sala.”
Pak Sukri : “O…, menika Panjenengan terus kemawon mangke wonten prapapat katuran nengen. Kirang langkung selangkung meter wonten pratelon mangke menggok ngiwa seket meter. Wonten tengen margi majeng ngilen.”
Pak Badri : “O inggih, matur nuwun Pak.”
Pak Sukri : “Inggih Pak, matur nuwun ugi.”
Tembung kang trep kanggo mbenerake tembung "omahe " yaiku ...
omahipun
griyanipun
griyaned
daleme
dalemipun
Wacanen kang premati!
Jarwanto : Badhe tindak pundi, Pak?
Darsono : Anu, badhe dhateng peken.
Jarwanto : Kok piyambakan?
Darsono : Inggih namung badhe mlampah-mlampah kemawon. Menapa rama wonten dalem?
Jarwanto : Wah, nembe kemawon tindak kaliyan ibu.
Darsono : Adhuh…menawi mekaten kula kepancal sepur.
Jarwanto : Anu kok, bapak namung sekedhap, namung ngeteraken ibu dhateng Dhokter Gunawan wonten Karangjati, mangke rak enggal kondur.
Darsono : Yen ngono, aku seba mengko sore wae. mulih dhisik.
Kanggo mbenerake ukara kang kacithak miring miturut unggah-ungguhe yaiku ...
Menawi mekaten, kula kondur mangke sonten kemawon, kondur rumiyin.
Menawi mekaten, kula sowan mangke sonten kemawon, pinarak rumiyin.
Menawi mekaten, kula seba mangke sonten mawon, pareng rumiyin,
Menawi mekaten, kula pinarak mangke sonten kemawon, pareng rumiyin.
Menawi mekaten, kula sowan mangke sonten kemawon, pareng rumiyin.
Pasangna ukara-ukara iki karo jinise unggah-ungguh basa sing bener!
Krama lugu
Sampeyan purun mbeta jajan niki?
Ngoko lugu
Karin arep dikongkon tuku beras.
Ngoko alus
Bapak sampun mirsani ringgit wacucal.
Krama alus
Njenengan sida diparingi jarit?
Gatekna ukara-ukara iki!
1) Mas Adi kesah mbeta jajan kathah.
2) Eyang wis kondur saka Jakarta.
3) Sampeyan sampun tilem nalika kula dugi.
4) Bu Fita tindak Solo ora kagungan arta.
5) Dinten menika, kula dereng tumbas wos.
6) Bapak kersa dhahar soto kalihan rawon.
Saka ukara-ukara kasebut, kang kalebu krama lugu yaiku ...
1, 2, 3
1, 3, 5
2, 3, 6
2, 3, 5
3, 5, 6
Gatekna ukara-ukara iki!
Gathukna wangsulan kang cocog kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut.
tindak
tumbas
dhahar
Gatekna pacelathon iki!
Bapak :"Kangmasmu maeng nyandi?"
Imam : “Mas kalawau ajeng nedha wonten wingking, menawi sakmenika boten ngertos kula.”
Bapak : “Lha Ibumu?”
Imam : “Ibu sampun tindak dhateng Bank, amargi ngantri jarene.”
Bapak : “Oh, ya wis terusna dhisik sinau daringmu!
Imam : Inggih Pak.”
Tembung 'jarene' menawa dibenerake manut unggah-ungguhe yaiku ...
ngendikanipun
jarenipun
ngendikane
sanjange
sanjangipun
Gatekna ukara-ukara iki!
Gathukna wangsulan kang cocog kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut.
rawuh
mirsani
mundhut
Gatekna ukara iki!
Ngendikanipun Ibu panjenengan gerah waja sampun dangu nggih?
Ukara kasebut menawa diowahi dadi ngoko lugu, yaiku....
Dhawuhe Ibumu lara untu wis suwi ya?
Jarene Ibumu lagi lara untu suwi ya?
Kabare Ibumu lara untu wis suwi ya?
Ngendikane Ibumu lara untu wis suwi ya?
Jarene Ibumu lara untu suwi ya?
Pasangna ukara-ukara iki karo jinise unggah-ungguh basa sing bener!
Krama alus
Pak Raden sida ngeterake blangkone.
Ngoko lugu
Bu Rani wis kagungan arta kanggo arisan.
Krama lugu
Mbak Lina dereng mbeta slendhang.
Ngoko alus
Budhe sampun matur menawi mboten rawuh.
