NEW
Font size
WorksheetsQUIZ BUSANA JAWA KELAS 11
Total questions: 20
Worksheet time: 26mins
Surjan ingkang asring kaginakaken Sampeyandalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengkubuwana ingkang jumeneng nata saha Sri Paduka Kangjeng Gusti Adipati Paku Alam ingkang jumeneng nata nalika adicara pawiwahan inggih menika...
Perangan busana jawa ingkang dipuntengeri hurup "B" inggih menika…
Kamus
Timang
Udheng
Cenela
Keris
Perangan busana jawa ingkang dipuntengeri hurup "C" inggih menika…
Atela
Timang
Udheng
Cenela
Keris
Wiron ing ngandhap menika asing kaginakaken abdi dalem karaton Ngayogyakarta nalika pinuju pisowanan wonten ing Kraton. Wiron kasebut inggih menika wiron…
Wiron sikepan
Wiron limrah
Wiron engkol
Wiron abdi
Wiron praja
Kebaya ing nginggil kaginakaken tiyang jawi ingkang dereng palakrama(dereng rabi). Kebaya menika dipunwastani…
Kebaya tangkeban/kartini
Kebaya kuthu baru
Kebaya brokat
Kebaya pranakan
Kebaya mataraman
Salah satunggaling sinjang/jarik motif awisan/larangan inggih menika sinjang motif Parang barong. Kenging menapa motif menika kalebet awisan?
Amargi namung kepareng kaginakaken dening Gusti Kanjeng Ratu Prameswari.
Amargi mligi kaginakaken Ngarsadalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan manawi pinuju pisowanan ageng.
Amargi namung pareng kaginakaken abdi dalem apangkat riya.
Amargi namung kepareng kaginakaken dening Gusti Pangeran.
Amargi namung pareng kaginakaken abdi dalem apangkat bupati.
Gambar menika mujudaken salah satunggaling perangan busana Jawa ingkang namanipun…
Wedges.
Patala.
Cenela.
Ladrang.
Atela.
Salah satunggaling perangan busana jawa inggih ingkang mengku piwulang bilih tiyang estri ingkang pinter nyimpen wadi (Wadi awakipun piyambak menapa dene wadinipun kulawarga). Perangan busana jawanipun inggih menika…
Stagen.
Kebaya.
Sanggul.
Cenela.
Lonthong.
Busana ing ngandhap menika mujudaken busana dhines tumrap abdi dalem karaton Ngayogyakarta Hadiningrat ingkang dipunwastani…
Atela.
Cenela.
Sikepan.
Pranakan biru telu papat.
Beskap.
Busana jawa kakung menika ngewrat piwulang luhur supados gesang manungsa saged tumata. Manungsa kedah saged nenimbang prakawis ingkang sae ingkang kedah dipunlammpahi menapa dene prakawis awon ingkang kedah dipunsingkiri menika wujud piwulang saking…
Surjan
Blangkon
Lonthong
Timang
Lerep
Perangan busana jawa putri menika kangge ngiket jarik/sinjang. Perangan busana jawa menika dipunwastani…
Wiron.
Nyamping.
Cenela.
Lonthong.
Stagen.
Pranyatan ingkang trep/cocog jumbuh kaliyan gambar busana jawa ing nginggil inggih menika…
Panganggening jarik lepat/kirang trep amargi jarik ing nginggil mujudaken jarik Ngayogyakarta, pramila seretipun kedah dipuntekuk mlebet.
Panganggening jarik leres amargi jarik ing nginggil mujudaken jarik Ngayogyakarta, pramila seretipun kedah dipuntekuk wonten njawi.
Panganggening jarik lepat/kirang trep amargi jarik ing nginggil mujudaken jarik Surakarta, pramila seretipun kedah dipuntekuk mlebet.
Panganggening jarik leres amargi jarik ing nginggil mujudaken jarik Surakarta, pramila seretipun kedah dipuntekuk wonten njawi
Panganggening jarik lepat amargi jarik ing nginggil mujudaken jarik Mangkunegaran, pramila seretipun kedah dipuntekuk wonten njawi
Pinten gunggungipun/jumlahipun wiron ingkang limrah nalika badhe miru jarik?
3,5,7,9,11
8,12,13,14,15
14,15,16,17,18
18,19,20,21,22
2,4,6,8,10
Benik ingkang wonten saking rasukan surjan punika dipunperang dados tigang (3) perangan, inggih punika ....
Dha-dha, lengen, lan weteng
Gulu, pundhak lan weteng
Gulu, Dha-dha, lan sikut
Gulu, dha-dha, lan weteng
Pundhak, lengen, lan weteng
Busana Jawa kagem tiyang putri antasiwisipun inggih menika .....
Tangkepan, Jarik, Stagen
Kendhit, Lerep, Jarik
Atèla, Sinjang, Selop
Jarik, Kutubaru, Iket
Iket, Stagén, Cenéla
Sanajan Yogyakarta kaliyan Surakarta menika meh sami ananging wonten sawatawis bedanipun caran ngangge busana, tuladhanipun cara damel wiru. Bedanipun inggih menika…
Penjawat/seretipun manawi gagrag Yogya katingal wonten ing njawi wondene ingkang gagrag Surakarta dipuntekuk mlebet.
Penjawat/seretipun manawi gagrag Surakarta katingal wonten ing njawi wondene ingkang gagrag Yogyakarta dipuntekuk mlebet.
Penjawat/seretipun manawi gagrag Surakarta diwiru sisih tengen wondene ingkang gagrag Yogyakarta diwiru sisih kiwa.
Penjawat/seretipun manawi gagrag Surakarta diwiru sisih kiwa wondene ingkang gagrag Yogyakarta ugi sisih tengen.
Penjawat/seretipun manawi gagrag Surakarta saha gagarag Yogyakarta dipuntekuk mlebet.
Gambar ing ngandhap menika ingkang mujudaken blangkon gagrag Surakarta inggih menika…
Wiyar (jembar) wiron kangge tiyang kakung/putra kirang langkung...
5 driji/nyari
4 driji/nyari
3 driji/nyari
2 driji/nyari
satlapak tangan
Busana Jawa menika pepak sanget kaliyan piwulang-piwulang luhur. Piwulang salebeting busana Jawa wonten gayutipun kaliyan tumindak manungsa ing ngalam donya. Salah satunggaling busana Jawa ingkang mengku piwulang supados manungsa saged ngiket raos gunggung dhiri/sombong inggih menika…
Surjan
Blangkon
Lonthong
Timang
Lerep
Menawi gagrag Ngayogyakarta menapa bedanipun corak/motif lonthong kangge abdi dalem ingkang apangkat riya kaliyan ingkang pangkatipun sangandhapipun/ tiyang limrah?
Manawi abdi apangkat riya lonthongipun ngginakaken ingkang mawi corak cindhe wondene ingkang pangkat sangandhapipun polos.
Manawi abdi apangkat riya lonthongipun polos wondene ingkang pangkat sangandhapipun ngginakaken ingkang mawi corak cindhe.
Manawi abdi apangkat riya lonthongipun sida mukti wondene ingkang pangkat sangandhapipun ngginakaken ingkang mawi corak kawung.
Manawi abdi apangkat riya lonthongipun corak parang barong wondene ingkang pangkat sangandhapipun ngginakaken ingkang mawi corak parang rusak.
Manawi abdi apangkat riya lonthongipun lereng wondene ingkang pangkat sangandhapipun ngginakaken ingkang mawi corak mega mendhung.
