wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

unggah ungguh bahasa jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 9mins

Name
Class
Date
1.

Ibu ... peken nitih sepedha.

a)

kesah

b)

tindak

2.

Panganggone krama lugu kang trep ing ngisor iki yaiku …

a)

Wong enom marang wong tuwa

b)

Priyayi marang sedulur tuwa kang luwih cendhek drajate

c)

Garwani priyayi marang sing kakung

d)

Murid marang gurune

e)

Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate

3.

Omahmu wis diresiki apa durung?

Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu, yaiku …

a)

Dalemipun panjenengan sampun diresiki napa dereng?

b)

Dalemipun sampeyan wis diresiki apa durung?

c)

Griyanipun panjenengan sampun dipunresiki punapa dereng?

d)

Griyanipun sampeyan sampun dipunresiki punapa dereng?

e)

Daleme panjenengan wis diresiki punapa dereng?

4.

Mas, sampeyan mangke dipundhawuhi bapak dhateng dalemipun pakdhe. Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku …

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama

d)

Krama lugu

e)

Krama alus

5.

Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu….medang jahe.

a)

Ngombe

b)

Ngunjuk

c)

Nyruput

d)

Minum

e)

Ngeglak

6.

Ukara-ukara ing ngisor iki luput unggah-ungguhing basa, kajaba …

a)

Eyang sakit waja sampun tigang dinten

b)

Putranipun Bu Nanik dipuntampi wonten UGM

c)

Kula badhe tindak dhateng Ponorogo

d)

Ageman kula sampun kathah

e)

Adek dhahar pisang goreng

7.

Kula sampun….menawi mboten saget nderek.

Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku …

a)

ngomong

b)

kandha

c)

matur

d)

ngendika

e)

ngucap

8.

Yen cecaturan antarane sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate, nggunakake ragam basa …

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

krama

d)

ngoko lugu

e)

ngoko alus

9.

Sore-sore arep tindhak ngendi, Dhe?

ukara iku nudhuhake basa...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama

10.

Tetembungan ing ngisor iki kalebu basa ngoko alus yaiku …

a)

Kula

b)

dipunandharaken

c)

sampeyan

d)

diasta

e)

dipundhutaken

11.

Unggah-ungguh basa Jawa kuwi kaperang dadi loro, yaiku …

a)

basa ngoko lugu lan ngoko alus

b)

basa ngoko lan basa krama

c)

basa krama lan krama alus

d)

basa krama alus lan ngoko alus

e)

basa ngoko alus lan krama lugu

12.

Guru Basa Jawaku asmane Pak Afif. Basa krama alus kang pener yaiku ...

a)

Dwija Basa Jawa kula asmanipun Pak Afif

b)

Dwija Basa Jawaku asmanipun Pak Afif

c)

Guru Basa Jawa kula asmanipun Pak Afif

d)

Dwija Basa Jawa kula asmane Pak Afif

e)

Guru Basa Jawaku asmanipun Pak Afif

13.

Menawi Panjenenegan nitih pit montor, sampun supe ngasta ngagem helem. Ukara kasebut migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko andhap

d)

krama alus

e)

krama lugu

14.

Nyuwun tulung Panjenengan pundhutaken dhaharan kagem adicara rapat mbenjang enjang. Ukara kasebut kalebu basa ...

a)

ngoko lagu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko biyasa

15.

sawise rampung anggone mangan, para tamu banjur dikon padha mlebu ruangan rapat. Ukara kasebut migunakake basa ...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

basa resmi

16.

Simbah saweg sare, ukara kasebut kalebu ukara...

a)

krama lugu

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

basa kedhaton

e)

krama alus

17.

Simbah saweg tilem, ukara kasebut kalebu ukara...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

ngoko desa

18.

Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit, ukara kasebut gunakake unggah-ungguh basa...

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

basa kedhaton

e)

ngoko lugu

19.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

kramantara

20.

Mas, menawi sampeyan kondur betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama alus

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama lugu

e)

basa kedhaton

21.

Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake Bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

kedhaton

22.

Pak dhokter mau dhawuh karo Simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

e)

kramantara

23.

Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

ngoko lugu

e)

krama desa

24.

Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

ngoko desa

25.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan pirepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama desa

b)

Krama alus

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama lugu