Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

POST-TES UNDHA USUK BASA KLS XII

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

minangka pribadhi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran ...

a)

ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.

b)

panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.

c)

bocah sekolah, bocah kuliahan, para penggawe, yen jagongan basane padha wae.

d)

para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae.

e)

beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa.

2.

miturun gunane, basa kaperang dadi telung golongan, yaiku ...

a)

basa ibu, basa ilmu, lan basa budaya.

b)

basa ibu, basa ilmu, lan basa pergaulan.

c)

basa ibu, basa kulawarga, lan basa masarakat.

d)

basa ibu, basa komunikasi, lan basa budaya.

e)

basa ibu, basa ilmiah, lan basa sastra.

3.

basa jawa minangka basa ilmu, yaiku ...

a)

basa kang digunakake kanggo rembugan ing adicara kulawarga.

b)

basa kang digunakake kanggo rembugan ing adicara pahargyan adat.

c)

basa kang digunakake kanggo medharake rasa pangrasa.

d)

basa kang digunakake kanggo medharake sawenehe kawruh.

e)

basa kang digunakake kanggo guneman ing pasrawungan.

4.

undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku ....

a)

ragam ngoko alus alus lan ragam krama inggil

b)

ragam basa ngoko lan ragam krama

c)

ragam krama lugu lan ragam krama inggil

d)

ragam ngoko lan krama inggil

e)

ragam krama alus lan krama inggil

5.

basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing pandinan lan watake ...

a)

ngajeni

b)

rumaket

c)

guyonan

d)

penting

e)

mirunggan

6.

basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolong basa ...

a)

ngoko lugu

b)

krama

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

e)

krama inggil

7.

yen kabandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ....

a)

alus lan nduweni surasa luwih ngajeni

b)

kasar rumaket

c)

luwih gampang cak-cakane

d)

lugu lan kurang ngajeni liyan

e)

endhek tataran undha-usuk basa

8.

wong yen lagi nesu lumrahe migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama

9.

Ibu : "Bapak wis dhahar?"

Bapak : "wis, ngenteni Ibu kesuwen. dakkira durung kondur?"

basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama

10.

Ibu : "Aja kesusu turu, solat isyak dhisi, rin!"

Rina : "Inggih, Buk. Kula sampun solat. Menawi ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin!"

ing punggelan teks kasebut, ibu migunbakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama