NEW
Font size
WorksheetsKelas 9_Asesmen Akhir Materi Wulangan 1
Total questions: 20
Worksheet time: 18mins
Dewi Sinta sampun kadhusta dening Prabu Rahwana kebekta dhateng kraton Alengkadiraja, dipunpapanaken ing taman keputren. Dewi Sinta boten kersa dhahar lan ngunjuk ngantos badanipun kuru aking, rikmanipun panjang nggimbal boten dipungelung amargi sampun dangu boten siram. Sedaya menika katindakaken supados Rahwana boten kersa nyaket kaliyan Dewi Shinta, kangge njagi kesucianipun. Dhateng pundi kemawon Dewi Sinta tansah mbekta cudrik/keris cilik, supados nalika Prabu Rahwana badhe ngrudapeksa, piyambakipun saged ngancam badhe nganyut tuwuh utawi bunuh diri.
Wosipun teks ing inggil inggih menika ...
Badhanipun Dewi Sinta kuru aking nalika dipunbekta Rahwana ing Alengka.
Dewi Sinta kasil kadhusta Rahwana lan kabekta wonten ing Alengka
Upayanipun Dewi Sinta kangge njagi kasucian saking Rahwana.
Dewi Sinta tansah mbekta cudrik kangge njagi dhirinipun.
Dewi Sinta sampun kadhusta dening Prabu Rahwana kebekta dhateng kraton Alengkadiraja, dipunpapanaken ing taman keputren. Dewi Sinta boten kersa dhahar lan ngunjuk ngantos badanipun kuru aking, rikmanipun panjang nggimbal boten dipungelung amargi sampun dangu boten siram. Sedaya menika katindakaken supados Rahwana boten kersa nyaket kaliyan Dewi Shinta, kangge njagi kesucianipun. Dhateng pundi kemawon Dewi Sinta tansah mbekta cudrik/keris cilik, supados nalika Prabu Rahwana badhe ngrudapeksa, piyambakipun saged ngancam badhe nganyut tuwuh utawi bunuh diri.
Watak protagonis ingkang kagambar wonten teks ing inggil inggih menika ...
Setya dhateng garwa
Remen tetulung dhateng sesami
Tanggel jawab tumrah kuwajiban
Sabar ngadhepi pacoban
Boten saged kacariyosaken lara lapanipun Dewi Sinta ing regeman astanipun Prabu Rahwana. Dene Sri Ramawijaya sampun kasil pikantuk pambiyantu ratu kethek saking kraton Guwa Kiskenda inggih menika Sugriwa. Sawijining dinten Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dipunduta Sri Ramawijaya supados pados sisik melik wonten pundi lan kadospundi kawontenanipun Dewi Sinta.
Dudutan teks ing inggil inggih menika......
Ramawijaya pados sisik melik kawontenanipun Dewi Sinta
Rahwana kasil ndhusta Dewi Sinta lan kabekta ing Alengka
Anoman kasil mbiyantu Rahwana kangge ndhusta Dewi Sinta
Anoman dados dutanipun Ramawijaya kangge madosi Dewi Sinta
Boten saged kacariyosaken lara lapanipun Dewi Sinta ing regeman astanipun Prabu Rahwana. Dene Sri Ramawijaya sampun kasil pikantuk pambiyantu ratu kethek saking kraton Guwa Kiskenda inggih menika Sugriwa. Sawijining dinten Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dipunduta Sri Ramawijaya supados pados sisik melik wonten pundi lan kadospundi kawontenanipun Dewi Sinta.
Manut teks ing inggil tumindakipun Anoman leres amargi ...
nolak dhawuhipun Prabu Rama kangge madosi Sinta
mbiyantu Ramawijaya kangge madosi Dewi Sinta
ngrebut Dewi Sinta kangge mbiyantu Rahwana
saged nemoni Dewi Sinta ing Negari Alengka
Anoman nglajengaken lampah. Dereng dumugi panggenan ingkang dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil Kathaksini, raseksa ingkang nguwaosi samodra ingkang tumuju dhateng Nagari Ngalengkadiraja. Uwal saking regemaning ditya samodra, Anoman kasil tumuju Taman Asoka ing Nagari Ngalengkadiraja, papanipun Dewi Shinta kasingidaken.
Tumindak ingkang saged dipuntuladhani saking Anoman inggih menika....
ngupaya sekuat tenaga lan boten gampil pasrah dhateng mungsuhipun
ajrih dhateng mungsuhipun lan
nyuwun pamrih dhateng Ramawijaya amargi sampun mbiyantu
boten kiyat nahan sakit wonten ing madyaning samodra
Pasangan paraga lan watak ingkang trep inggih menika….
1 - C
2 - A
1 - B
3 - C
Anoman dados dutanipun Ramawijaya, lajeng tindak dhateng Taman Keputren. Wonten ing ngrika Anoman saged manggihaken Dewi Sinta lan Dewi Trijatha, malah saged ngaturaken kalpikanipun Ramawijaya dhumateng Dewi Sinta. Sasampunipun pikantuk sisik melik saha kahanan sanesipun, Anoman nggih Rewanda Seta lajeng wangsul. Ananging nalika badhe pamit wangsul, kadenangan dening prajurit Alengkadiraja lan dipunrangket lajeng dipunsowanaken dhateng Prabu Rahwana. Anoman kapatrapan paukuman inggih menika badhe dipunbesmi ing alun-alun Alengka. Mangertosi kahanan kados mekaten, Rewanda Seta tatag tanggon tanpa miris, tanpa gigrig manahipun. Ing batinipun sedaya prakara kang bener, bakal pener lan prakara kang salah bakal seleh. Menika minangka watak ksatriya ingkang kedah dipuntuladha.
Setting (latar) swasana ing pethikan teks ing nginggil ....
nrenyuhaken, nggegirisi
nelangsa, ngremenaken
nengsemaken, mongkog
nggegirisi, nglingsemaken
Anoman dados dutanipun Ramawijaya, lajeng tindak dhateng Taman Keputren. Wonten ing ngrika Anoman saged manggihaken Dewi Sinta lan Dewi Trijatha, malah saged ngaturaken kalpikanipun Ramawijaya dhumateng Dewi Sinta. Sasampunipun pikantuk sisik melik saha kahanan sanesipun, Anoman nggih Rewanda Seta lajeng wangsul. Ananging nalika badhe pamit wangsul, kadenangan dening prajurit Alengkadiraja lan dipunrangket lajeng dipunsowanaken dhateng Prabu Rahwana. Anoman kapatrapan paukuman inggih menika badhe dipunbesmi ing alun-alun Alengka. Mangertosi kahanan kados mekaten, Rewanda Seta tatag tanggon tanpa miris, tanpa gigrig manahipun. Ing batinipun sedaya prakara kang bener, bakal pener lan prakara kang salah bakal seleh. Menika minangka watak ksatriya ingkang kedah dipuntuladha.
Pitutur luhur (amanat) saking teks ing nginggil inggih menika ....
Dados tiyang ingkang kedah nggadhahi gegayuhan
Dadosa tiyang ingkang remen pados sisik melikipun
Dadosa tiyang ingkang tansah nggadhahi watak ksatriya
Dadosa tiyang ingkang gadhah pamrih menawi pikantuk tugas
Sasampunipun pikantuk sisik melik saha kahanan sanesipun, Anoman nggih Rewanda Seta lajeng wangsul. Tembung ingkang kacithak kandel tegesipun ....
Satriya agung
Raseksa
Kethek abang
Kethek putih
Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman banjur bali.
Sisik melik tegesipun ....
utusan
petunjuk/pratanda
ancas
prajurit
Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman banjur bali. Nanging nalika arep pamit bali, konangan para prajurit Alengkadiraja, lan dirangket nuli disowanake marang Prabu Rahwana. Dening Rahwana, Anoman kapatrapan paukuman yaiku bakal diobong ing alun-alun Ngalengka. Ngadhepi kaanan kaya mengkono Anoman ora wedi. Sanajan diobong Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna, malah mencolot sandhuwuring kraton.
Setting papan lan swasana carita ing inggil inggih menika ....
taman keputren, sedhih sumelang
samodra Ngalengka, ribut nggegirisi
guwa Kiskendha, ayom ayem adhem
alun-alun Ngalengka, geger nggegirisi
Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman banjur bali. Nanging nalika arep pamit bali, konangan para prajurit Alengkadiraja, lan dirangket nuli disowanake marang Prabu Rahwana. Dening Rahwana, Anoman kapatrapan paukuman yaiku bakal diobong ing alun-alun Ngalengka. Ngadhepi kaanan kaya mengkono Anoman ora wedi. Sanajan diobong Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna, malah mencolot sandhuwuring kraton.
Pitutur luhur (amanat) carita ing inggil inggih menika ....
ampun dhusta anggenipun ucap tutur lan tumindak
kedah amanah lan tanggeljawab dhumateng kewajiban
ampun ajrih mbela bebener sanajan boten sekeca ing badan
sapa salah seleh, sinten ingkang laku lepat kedah pasrah dhiri
Rahwana ngumpulake para panggedhening praja. Golonging rembug bakal mbela praja naggulangi kurdaning mungsuh. Kabeh nayogyani kajaba Wibisana, adhine Rahwana dhewe. Wibisana iku satriya kang luhur ing budi. Dheweke ora condhong, nanging milih kang adil lan bener. Krungu pratelane adhine, Rahwana nesu. Adhine diuman-uman nganti entek amek kurang golek.
Watakipun Rahwana lan Wibisana inggih menika ....
dursila - adil mbela bebener
angkara murka - ala durjana
luhur ing budi - mulya luhung
sareh ing ati - dursila durjana
Kumbakarna menika putranipun ....
Prabu Danaraja lan Dewi Sukesi
Prabu Dasamuka lan Dewi Sinta
Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi
Prabu Sumali lan Dewi Kiswani
Kumbakarna nggadhahi sedulur tiga, ingkang awujud buta inggih menika ....
Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana
Gunawan Wibisana lan Dasamuka
Dasamuka lan Lesmana
Sarpakenaka lan Dasamuka
Wusananipun Kumbakarna maju perang nglawan para wanara kanthi niat ingsun ....
Maju perang mbela tanah kelairanne inggih bumi Alengka
Maju perang ngrebat Dewi Sinta
Maju perang mbelani kakange inggih Dasamuka
Maju perang amargi digugah nalika tapa nendra
Kumbakarna wegah maju perang. Akèh-akèh aturé marang Dasamuka kang wosé nyalahaké tumindaké kangmasé. Biyèn wis dièlikaké supaya mbalèkaké Dèwi Sinta marang Rama. Bareng saiki Alengka katekan bebaya, nagarané rusak, saiki mbingungi. Dasamuka nesu banget, nganti kawetu ucapé bab pangan sing dipangan Kumbakarna iku wuluwetu bumi Alengka, généya gelem mangan asil buminé teka ora gelem mbélani bumi wutah getihé kang wektu saiki diidak-idak mungsuh.
Miturut pratelan ing nginggil Kumbakarna nggadhahi watak ....
Angkara murka
Nesuan
Durjana
Bisa mbedaake kang bener lan salah
Gatosaken gambar paraga wayang ing ngandhap menika! Paraga wayang kasebut nggadhahi watak ....
Satriyatama
Wicaksana
Welas asih
Culika
Gatosaken gambar paraga wayang ing menika!
Paraga wayang kasebut nggadhahi watak ....
Wicaksana
Culika
Dursila
Angkara murka
Gatosaken gambar paraga wayang menika!
Paraga wayang kasebut nggadhahi watak ....
Satriyatama
Wicaksana
Welas asih
Dursila
