Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA

Total questions: 20

Worksheet time: 1hrs 12mins

Name
Class
Date
1.

Serat Tripama amung dumadi saka sapupuh tembang macapat, yaiku tembang...

a)

Pangkur

b)

Sinom

c)

Gambuh

d)

Kinanthi

e)

Dhandhanggula

2.

Paugerane tembang Dhandhanggula yaiku ....

a)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b)

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

e)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

3.

Ana ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula, pada kang nyeritakake Patih Suwanda yaiku pada ......

a)

1 lan 2

b)

2 lan 3

c)

3 lan 4

d)

4 lan 5

e)

5 lan 6

4.

Piwulang Serat Tripama iku ngenani ….

a)

bela keluarga

b)

bela penguwasa

c)

bela pemimpin

d)

bela negara

e)

bela kabecikan

5.

Ing cerita Lakon, ngandharake anane sawijining satriya kang siap perang tandhing, ditohi nyawa dibelani pati, nalika negarane diserang dening bala wanara. Sang Satriya maju perang tanding dudu mbelani Sang Prabu angkara murka, ananging merga ora lila negarane diabul-abul dening bala wanara. Satriya iku aran ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Patih Suwanda

c)

Kumbakarna

d)

Adipati Karna

e)

Arjuna Sasrabau

6.

Ing cerita lakon, ngandharake anane sawijining satriya kang perang tandhing nglawan sedulure nunggal ibu. Bab kuwi, dudu amarga Sang Satriya ora bekti marang ibune utawa ora tresna marang sedulure. Sang Satriya tetep mbelani negarane kang nerima dheweke, uga negara kang ngangkat drajade. Satriya iku aran ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Patih Suwanda

c)

Kumbakarna

d)

Adipati Karna

e)

Arjuna Sasrabau

7.

cacahe pada ing serat tripama yaiku. . .

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

e)

11

8.

Adedhasar serat tripama pupuh dhandhanggula pada 1, ingkang dados patih ing Maespati yaiku. . . .

a)

Arjuna

b)

Sasrabau

c)

Suwanda

d)

Senapati

e)

Kumbakarna

9.

Tuladha tokoh kang mbelani negara tinimbang sedulure ing perang Bharatayuda, yaiku . . . .

a)

Arjuna Sasrabau

b)

Adipati Karna

c)

Patih Suwanda

d)

Kumbakarna

e)

Sumantri

10.

Ing piwilange Lakon Sumantri Ngenger, Patih Suwanda asung piwulang menawa satriya iku kudu duwe sipat guna, kaya, purun. Guna tegese ….

a)

ahli, pinter, mumpuni, trampil, lan tansah ngabdi marang negara

b)

kasil nglakoni dhawuh lan tansah aweh untung marang negara

c)

kendel, tangguh, wani mati kanggo negara

d)

mbelani pemimpin, mbelani sedulur, mbelani andhahan

e)

tresna marang keluarga, negara lan bangsa

11.

Telung tokoh kang dadi patuladhan utama ing Serat Tripama, yaiku ….

a)

Arjuna Sasra, Mahabharata, Ramayana

b)

Patih Suwanda, Kumbakarna, Adipati Karna

c)

Bambang Sumantri, Adipati Karna, Arjuna Sasrabau

d)

Sukrasana, Bambang Sumantri, Arjuna Sasra

e)

Rahwana, Kumbakarna, Dewi Shinta

12.

Pada 1 lan 2 Serat Tripama nyeritakake lakon Wayang ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Adipati Karna

d)

Sukrasana

e)

Rahwana

13.

Ing piwilange Lakon Sumantri Ngenger, Patih Suwanda asung piwulang menawa satriya iku kudu duwe sipat guna, kaya, purun. Purun tegese ….

a)

ahli, pinter, mumpuni, trampil, lan tansah ngabdi marang negara

b)

kasil nglakoni dhawuh lan tansah aweh untung marang negara

c)

kendel, tangguh, wani mati kanggo negara

d)

mbelani pemimpin, mbelani sedulur, mbaleni andhahan

e)

tresna marang keluarga, negara lan bangsa

14.

Ing cerita lakon, ngandharake anane sawijining satriya kang perang tandhing nglawan sedulure nunggal ibu. Bab kuwi, dudu amarga Sang Satriya ora bekti marang ibune utawa ora tresna marang sedulure. Sang Satriya tetep mbelani negarane kang nerima dheweke, uga negara kang ngangkat drajade. Satriya iku aran ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Patih Suwanda

c)

Kumbakarna

d)

Adipati Karna

e)

Arjuna Sasrabau

15.

Menika tokoh sinten?

a)

Karno

b)

Suryaputra

c)

Patih Suwanda

d)

Kumbakarna

e)

Dasamuka

16.

Menika tokoh sinten?

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Rahwana

d)

Duryudana

e)

Bathara Surya

17.

Yogyanira kang para prajurit,

Lamun bisa samya anulada,

Kadya nguni caritane,

.....................

Gatra saklajenge tembang samenika yaiku . . . .

a)

Sasrabau ing Maespati,

b)

Aran Patih Suwanda,

c)

Guna kaya purunne kang denantepi,

d)

Andelira sang Prabu,

e)

Kang ginelung tri prakara,

18.

Yogyanira kang para prajurit

Lamun bisa sira anuladha

Duk ing nguni caritane

Andelira sang prabu

Sasrabahu ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung triprakara

Guna kaya purune kang den antepi

Nuhoni Trah utama

Ing pada kasebut ngemot piwulang apa...

a)

sawijining satriya kudu kendel mbelani negarane supaya subur makmur

b)

satriya kang njunjung bebener lan nyirnakae durangkara lan nyingkirake bebaya

c)

Satriya agung kang gelem ngorbanake jiwa raga marang negarane tanpa ngarep2 pamrih

d)

satriya kang tansah ngumbar kasektene kanggo numpes durangkara

e)

satriya luhur kang urmat marang pangarsa negarane lan ngudi kautaman

19.

Apa kang bisa dituladhani saka Karna ....

a)

Nasionalisme

b)

Bekti marang wong kang wis ngopeni

c)

Kepinteran lan bekti marang Rajane

d)

Seneng perang

e)

Kekuasaane

20.

Apa sebabe Kumbakarna dianggep dadi patuladhan senajan tetep perang lumawan Sri Rama ?

a)

Merga dheweke perang kanggo mbela kakange

b)

Merga dheweke perang kanggo mbela negarane

c)

Merga dheweke perang kanggo ngurmati kakange

d)

Merga dheweke perang kanggo nggolek matine satria utama

e)

Merga dheweke perang kanggo awakke dewe