Font size
WorksheetsWayang
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Tokoh wayang iki jenenge...
Yudhistira
Bima
Arjuna
Nakula
Sadewa
Tokoh wayang iki jenenge...
Yudhistira
Bima
Arjuna
Nakula
Sadewa
Bapake para pandawa yaiku ...
Prabu Dhsetrarasta
Prabu Pandudewanata
Resi Bima
Prabu Ramawijaya
Begawan Abyasa
Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tembung duhkita tegese ...
Seneng
Bungah
Isin
Lara
Sedhih
Dumadakan ana mega mangampak-ampak nglurupi praja Kuru Kancana. Ilanging mega bebarengan kalawan musnane praja Kuru Kancana kang pancen dumadi mung karana cipta. Kraton saisine bali kadya sakawit dadi ara-ara Kurusetra kang jembar hangilak-ilak. Pethilan crita wayang kasebut nuduhake unsur instrinsik latar...
Panggonan
Wektu
Kahananan
Sosial
Budaya
Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh karo Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire samodra. Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura. Bejane nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna lan Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali menyang Astina. Latar kahanan saka pethilan crita wayang kasebut yaiku...
Priatin
Seneng
Kuwatir
Tegang
Sedhih
Dewi Kunti, Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima supaya murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima. Watak paraga wayang Bima saka pethilan crita wayang kasebut yaiku...
Tumbak cucukan
Legawa
Tanggung jawab
Jujur
Triman
Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja. Pethilan crita wayang kasebut nuduhake unsur intrinsik babagan
Tema
Alur
Penokohan
Latar
Amanat
Minggu 8 Agustus2024, Budi mangkat menyang Semarang. Ukara ing dhuwur nduduhake latar/ setting....
Panggonan
Wektu
Alur
Swasana
Paraga
Paraga-paraga ing gambar wayang kasebut diarani ...
Pandhawa
Kurawa
Punakawan
Prajurit Kurawa
Wayang kulit
Prabu Pandhu Dewanata kagungan garwa ingkang asmane (a)
Unsur crita wayang kang nuduhake lakune crita ing sajroning wayang yaiku (a)
Kulawarga Kurawa kang cacahe 100, minangka dadi pambarepe Kurawa yaiku (a)
Prabu Pandhu lan Dewi Kunti nandang dhuhkita amarga jabang bayi lair kang awujud bungkus. Bathara Guru nimbali putrane kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. sapa asmane putra Bathara Guru ingkang saget mecah bungkuse jabang bayi mau (a)
ana ing crita Bima Bungkus Permadi nyuwun pituduh marang eyange kang mapan ing Wukir Retawu. Marang Permadi, eyange ngendika menawa bungkus kuwi lagi nglakoni karmane kang ing tembe bakal dadi satriya utama lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu sejati. Dening eyange, Permadi dijaluk supaya ora nguwatirake bungkus lan kabeh kaajab tansah nyenyuwun ana ngarsane Gusti Kang Maha Agung murih kahanane enggal luwar. Entuk dhawuh kang kaya mangkono bungah rasane Permadi tumuli enggal pamit bali menyang Astina.
Pethilan crita ing nginggil asma eyange Permadi yaiku (a)
gambar wayang kulit iku asmane (a)
Gathotkaca iku putrane Raden Werkudara. Nalika isih jabang bayi (jaman cilik) jenenge (a)
wayang kang diparagakake dening wong asli diarani (a)
Unsur crita wayang kang nuduhake panggonan, wayah, lan swasana sajroning crita diarani (a)
Bima, dheweke dikongkon menyang gua gunung Candramuka. Nning, banyu sing den upadi jebulna ora ana, nuli gua neng sakiwo tengene diobrak-abrik nganti nggawe kaget buta sing tinggal neng kana, yaiku Rukmuka lan Rukmakala. Banjur kedadean gelut antarane dekne kabeh lan nggawe loro raksaksa kesebut kalah ditendang, dibanting mendhuwur watu lan njeblok dadi lebu.
Bima durung bisa nemu banyu kauripan, akhire dheweke pasrah lan sandar nang siji wit beringin sing gede banget.
Ora suwe banjur, dheweke krungu suwara sing ora ana wujud e, "Hei putuku sing lagi sedhih, kowe nggoleki sawijining barang sing ora ana neng kene. Mustahil nggoleki banyu kauripan neng kene".
Suwara kuwi asale saka Batara Indra lan Bayu sing banjur ngandhani bima menawa loro buta sing dipateni mau lagi dihukum Batara Guru.
Buta kang ketemu kaliyan Bima asmane sinten (a)
