WorksheetsSTS 1 BAHASA JAWA (REMIDI)
Total questions: 45
Worksheet time: 1hrs 13mins
Geguritan utawa uritan asale saka tembung lingga gurit, tegese ....
kidung utawa tembang
tembang kanggo cah enom
kasusastraan Jawa kang nduweni pesen
pidhato ngaturake pirembangan
Sing kalebu jinise geguritan, yaiku ...
gagrang lawas lan tuladha
gagrang anyar lan pamilihing tembung
gagrang anyar lan gagrang lawas
gagrang lawas lan pamilihing tembung
Gotong Royong
dening Riska Melani
Nalikane padha prei
Para warga padha ngresiki
Dhusun lan desa sing ditresnani
Saka esuk wis diwiwiti
Gotong royong kudu dijaga
Supaya tentrem urip ing desa
Tansah rukun marang tangga
Mujudake desa kerta lan raharja
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ...
guyub rukun
gotong royong
jum'at asri
sapu sada
Dadi bocah kuwi aja sok seneng goroh. Dasanamane tembung goroh yaiku ...
dolanan
gumedhe
gawean
ngapusi
Maca geguritan iku klebu perangane maca ...
endah
batin
cepet
balapan
Lagu nalika maca geguritan klebu ing ...
wicara
wirasa
wiraga
wirama
Pangucape tembung nalika masa geguritan ing paugeran maca geguritan jenenge ...
wicara
wirama
wiraga
wirasa
Yen isine geguritan iku sedhih, polatan sing maca kudu ...
katon seneng supaya ngrungokake melu seneng
katon bungah supaya sing ngerungokake melu bungah
katon semangat supaya sing ngerungokake melu semangat
katon sedhih supaya sing ngerungokake melu sedhih
Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ...
ngatur mlebu metune napas
kudu ngepasake marang isine geguritan
nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng
nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng
Omong-omongan antarane wong loro utowo luwih babagan salah sawijine bab kang ditindakake kanthi langsung diarani ...
persuasi
eksposisi
pacelathon
narasi
Jeneng liyane pacelathon yaiku ...
pidhato
wara-wara
dhialog
pawarta
Wong kang diajak omongan ing pacelathon diarani ...
panutur
mitra tutur
tuturan
pamedhar sabda
Pacelathonn saka tembung celatu entuk ater-ater pa- lan panambang ...
-on
-un
-in
-an
Pacelathon kang nduweni tujuwan supaya mitra tuture gelem nindakake apa kang dikarepke diarani ...
menehi hiburan
menehi duka
menehi informasi
sarana pangajak
Ing ngisor iki klebu ancas pacelathon kajaba ....
menehi informasi
menehi hiburan
sarana pangajak
sarana ngapusi
Pacelathon iku ditindakake paling sithik ... wong
1
2
3
4
Nalikane omongan karo wong kang wis akrab banget migunakake ragam basa ...
krama lugu
ngoko lugu
krama alus
ngoko alus
Unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi ...
4
3
2
1
Kanggo nggampangake gawe pacelathon, diwiwiti saka nemtokake ...
jenenge paraga
tema pacelatho
tujuwane pacelathon
swasana pacelathon
Pacelathon bisa kalaksanan menawa ditindakake paling sithik wong cacah ...
lima
papat
telu
loro
Unggah-ungguh kang becik nalika tetepungan yaiku ...
bengak-bengok saka kadohan
nyedak karo meneng
nyedak karo ngajak salaman
mripate ngawaske wong liyo
Tuladha ukara kang becik kanggo tetepungan marang wong liya yaiku ...
"Halo, kenalan yo!"
"Eh, kenalan yok! Jenengmu sapa?''
"Mas, kowe wong ngendi?"
"Mbak, nderek nepangaken nama kula Jono, panjenengan?"
Semaken pacelathon ngisor iki!
Firdaus : "Coba padha nyedhak mrenea dakkandhani, omong-omong sinambi sinau. Listrik iku bisane murup kanthi tenaga kang nggegirisi banget, yaiku disel arane PLTD, banyu arane PLTA, lan uap arane PLTU."
Nurwan : "Mas Firdaus, aku tau krungu saka berita TV kae, jare ana kang nganggo tenaga surya."
Ardi : "Surya sapa mas? Kancane budhe Anwar kae ya?"
Rembungane para paraga iki mau nggunakake setting ing ...
omah
sekolah
kantor
pinggir dalan
Ukara ing nduwur kang migunakake ragam ngoko lugu yaiku ....
Kowe wingi neng ngendi?
Mbak, aku nyuwun jajan meneh
Ibu kesah nyambut damel
Ibu tindak dhateng Surabaya
Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Ibu : Srengenge wes mletek, lampu kamar yen budhal sekolah aja lali dipateni
Arka : Inggih Bu, kula boten ngantos kesupan. Maturnuwun
Pacelathon kasebut ditindakake nalika wayah ...
isuk
awan
sore
bengi
Pacelathon kudu nggunakake ragam krama yen paragane antarane ...
bocah cilik marang wong tuwa
wong enom karo wong enom
wong tuwa karo wong enom
Tegese unggah-ungguh basa yaiku ...
sopan santune wong-wong Jawa
sopan-santun, tata susila, tata pranata
kebiasaane wong Jawa marang liyane
sopan-santun, tata susila, tata pranatane basa sing tujuwane kanggo ngajeni wong liya
Ragam krama alus saka tembung "turu" yaiku ...
siram
sare
unjuk
mundhut
Ketemu simbah wayah esuk kudu ngucapake ...
sugeng dalu
sugeng enjing
sugeng siyang
sungeng sonten
Geguritan minangka salah sawijine wujud karangan sing ora nggatekake pathokan ...
guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
basane endah, mentes lan mantes
basa rinengga, mestes lan mantes
purwakanthi, pepindhan, lan paribasan
Salah sawijine karya sastra kang awujud syair ing basa Jawa diarani ....
syair
paragrap
puisi
geguritan
Ing basa Indonesia, geguritan asring sinebut ...
puisi
paragrap
novel
sandiwara
Tembung gurit nduweni teges ...
parikan
parian
cangkriman
tulisan
Geguritan iku klebu karya sastra ...
Kalimantan
Papua
Sumatra
Jawa
POcapan cetha, bener, jelas, tegas, ora blero diarani ...
wirama
wicara
wirasa
wiraga
Ing ngisor iki pranyataan sing ngetrapake babagan wirama ing geguritan yaiku ...
Bagas maca geguritan kanthi sedhih lan nelangsa
Andi maca geguritan kanthi banter lan nggatekake munggah mudhune swara
Sari maca geguritan kanthi cetha, jelas lan ora blero
tangan lan awake Reza obah kanthi selaras karo geguritan sing diwaca
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ...
katon seneng supaya sing ngerungokake melu bahagia
katon bungah supaya sing ngerungokake melu bahagia
katon semangat supaya sing ngerungokake melu semangat
katon sedhih supaya sung ngerungokake melu sedhih
Nalika maca endah geguritan kang isine babagan bencana alam, wirasa sing ditampilake dening pamaca geguritan yaiku ...
bombong
bungah
duka
sedhih
Diwiwiti "sun gegurit" mujudake titikane ....
geguritan gagrang lawas
kakawin
kidung
tembang macapat
Guyub rukun bisa digambarake kaya barang, yaiku ....
pager
saka/cagak
genthong
sapu sada
Piweling utawa pesan ing sajrone geguritan diarani ...
alur
tema
amanat
latar
Guneman karo kanca utawa wong liya diarani ....
pacelathon
wara-wara
pawarta
pidhato
Teks pacelathon iku katulis kanthi wujud ...
imbal wacana (dhialog)
gancaran (prosa)
geguritan (puisi)
pada (bait)
Cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku ...
siji
loro utowo luwih
ora bisa dietung
akeh banget
Tandha waca kang digunakake kanggo misahake jeneng paraga lan pocapane yaiku ...
titik
petik
titik loro
koma
