Font size
WorksheetsKuis Basa Jawi
Total questions: 25
Worksheet time: 15mins
Sejatine Pak Sulis iku ora pati pinter lan isih durung pengalaman babagan nernak sapi perah. Kena saben-saben ketemu wong mesthi crita ngayawara, kamangka ora ana sing takon. Nanging yagene kok tansah kepingin ditakoni liyan wae. Mangkene iki rak kena ingaranan…
Keplok ora tombok
Mikul dhuwur mendhem jero
Gong lumaku tinabuh
Bathok bolu isis madu
Kementhus ora pecus
Aku mangan sega rawon lan ibuku mangan sega pecel. Yen didadekake basa krama alus…
Kula nedha sekul rawon lan ibu kula nedha sekul pecel
Kula dhahar sekul rawon lan ibu kula dhahar sekul pecel
Kula dhahar sekul rawon lan ibu kula nedha sekul pecel
Kula mangan sekul rawon lan ibu kula nedha sekul pecel
Kula nedha sekul rawon lan ibu kula dhahar sekul pecel
“Saiki Bapak durung mulih: Kalimat kasebut yen didadekake basa krama lugu dadi…
Sakmenika bapak dereng wangsul
Sapunika bapak dereng kondur
Saiki bapak durung mulih
Saiki bapak durung kondur
Saiki bapak dereng wangsul
“Podho kanca seng rukun, ojo tansah tukar padu.” Ukara iki yen dibenerake panulisane…
Pada kanca seng rukun, aja tansah tukar padhu
Padha kanca sing rukun, aja tansah tukar padu
Padha kanca seng rukun, aja tansah tukar padhu
Podho konco sing rukun, ojo tansah tukar padhu
Podho konco sing rukun, ojo tansah tukar padu
Saben-saben mahasiswa kudu mangerteni lan paham Tri Dharma Perguruan Tinggi. Modal dasar mahasiswa supaya bisa sukses lan bisa ngamalake ilmu ana ing masyarakat.Tuntutan lan tujuan dunia pendidikan kang luhur dituangake ing falsafah iku. Tri Dharma Perguruan Tinggi ngemu teges…
Telung kewajiban Perguruan Tinggi
Telung materi Perguruan Tinggi
Telung kegiatan Perguruan Tinggi
Telung kebutuhan Perguruan Tinggi
Telung dosen Perguruan Tinggi
Cara maca tembung “Goro-goro gunem goro dadi growah” Panulisan sing bener…
Goro-goro gunem goroh dadi growah
Gara-gara gunem garah dadi growah
Gara-gara gunem garah dadi growah
Gara-gara gunem goroh dadi growah
Gara-gara gunem goro dadi grawah
Perhatiake lelagon dolanan iki:
Gethuk asale saka tela
Mata ngantuk iku tambane apa
Gethuk asale saka tela
Yen ra pethuk atine rada gela …….
Lelagon kasebut migunakake purwakanthi…
Guru wilangan
Guru lague.
Guru swara
Guru satra
Guru basa
Coba perhatiake lelagon dolanan iki: Tri ala gotri naga sari, ri, Ri wul ewal ewul jenang gendul, dul, Dolan awan-awan ndelok manten, ten, ….. Lelagon dolanan kasebut migunakake purwakanthi…
Guru wilangan
Guru lagu
Guru swara
Guru basa
Guru satra
Telu pisan mati sampyoh Tegese tembung ing ndhuwur…
katelune mati dhewe-dhewe
katelune mati alon-alon banget
katelune ana sing mati ana sing ora
katelune mati bebarengan
katelune padha setengah mati
Aku sakluwarga nalika lelungan menyang Yogja bingung, amarga papan dunung alamat sing bakal diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong kang ngreti papan iku.
Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku…
Krama
Ngoko lugu
Krama alus
Ngoko alus
Krama andhap
Aku duwe niyat, yen ing kelas sepuluh iki kudu bisa antuk prestasi kang nyenengake bapak lan ibu.
Pretelan iku nggunakake basa …
Krama
Ngoko lugu
Krama alus
Ngoko alus
Krama andhap
“…. cundhuk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila.”
Kuncara nunggal teges klawan…
Arum, wangi
Kerta, Raharja
Guyub Rukun
Aman, tentrem
Kondhang, kaloka
Putri wuragile bude diparingi asma Candra Respati Kasih. Iki ngemu teges yen laire mbakyuku ing dina…
Sabtu Kliwon
Jum’at Legi
Selasa Paing
Kemis Kliwon
Kemis Legi
Tembunagan "Luhuring drajat gumantung saka ilat." duweni teges...
kaluhuran drajating manungsa iku gumantung marang pangucape.
kaluhuran drajate manungsa iku gumantung marang wong liya utawa masyarakat olehe padha mbiji.
kaluhuran drajate manungsa iku gumantung marang asil pangucape manungsa sing gelem nyawang.
dhiri pribadine manungsa drajate bisa dadi dhuwur jalaran saka akeh manungsa sing gelem ngucapake.
dhiri pribadine manungsa iku drajate dhuwur merga diajeni dening wong liya ya merga saka pangucape.
Unen-unen "Ajining diri dumunung ana ing lathi." tegese...
dhiri pribadine manunbgsa bakal diajeni dening wong liya ya merga saka pangucape.
dhiri pribadine manungsa iku bakal bisa luhur merga saka pengaji-ajine wong liya.
dhiri pribadine manungsa iku bakal dadi kembange lathi merga saka tumindhake dhewe.
kaluhuran drajat saben-saben dhiri pribadine manungsa gumantung pangucape liyan.
kaluhuran diri pribadine manungsa dumunung marang obahe lathi wong sing nyawang.
Miturut gunane, basa iku kaperang dadi telung golongan, yaiku basa ibu, basa ilmu, lan basa budaya. Basa Jawa minangka dadi basa ibu tegese...
Basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair, awit saka sesambungane kulawarga utawa masyarakat sakiwa tengene.
Basa sing digunakake kanggo medharake sawenehing ngelmu lan kawruh kang bisa awujud basa lisan apadene basa tulis
Basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair banjur kena pengaruh saka kulawarga kang digunakake saben dinane.
Basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair kanggo ngonceki sawenehing ngelmu kang isih ana magepokan karo kulawargane.
Basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair kang minangka dadi prodhuk utawa asile sawijine bangsa.
Sawijine tataran basa kang mujudake basa lumrah utawa umum kang digunakake ing padinan, watake rumaket ora perlu anane ajen ingajenan diarani basa
ngoko lugu
ngoko akus
krama lugu
krama alus
ngoko krama
Ibu : "Aja kesusu turu, sholat isyak dhisik, Rin!" Rina : "Inggih, Buk. Kula sampun sholat. Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin." Ing Punggelan teks kasebut, Ibu mugunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa...
ngoko lugu
ngoko akus
krama lugu
krama alus
ngoko krama
Tataran basa Jawa sing digunakake kanggo ngajeni wong sing diajak guneman nanging ora sepira kurmat diarani basa...
ngoko lugu
ngoko akus
krama lugu
krama alus
ngoko krama
“Sapa sing ora ngormati lathi, ora bakal dihargai.” Ukara iki ngandhut teges...
Wong sing ora ngajeni lathi ora bakal dihargai dening wong liya.
Wong sing ora ngajeni lathi bakal entuk akibat sing ora apik.
Wong sing ora ngajeni lathi bakal ora dihargai ing masyarakat.
Wong sing ora ngajeni lathi ora bakal entuk pangajenan.
Wong sing ora ngajeni lathi bakal ora dianggep ana ing masyarakat.
“Aja nganti kowe lali marang asal-usulmu.” Tembung iki ngandhut maksud...
Ngajeni asal-usul iku penting kanggo identitas.
Asal-usul ora penting, sing penting prestasi.
Asal-usul kudu dilalekake supaya bisa maju.
Asal-usul ora dadi penghalang kanggo sukses.
Asal-usul kudu dianggep remeh.
“Sapa sing nandur, bakal ngundhuh.” Tembung iki ngandhut teges...
Yen kowe kerja keras, kowe bakal entuk hasil.
Yen kowe ora kerja keras, kowe ora bakal entuk apa-apa.
Yen kowe nandur, kowe kudu sabar ngenteni.
Yen kowe nandur, kowe kudu ngurus tanemanmu.
Yen kowe nandur, kowe kudu siap kanggo gagal.
Coba jodohno panyandrane perangane awak ing isor iki
Nanggal sepisan
Alise
Nduren sakjuring
pipine
Miji timun
untune
Ngundup melati
irunge
Nraju mas
pundhake
Panyandra solah bawa sing bener yaiku...
Jogete
mucang kanginan
Pait madu
eseme
Lembehane
mblarak sempal
Surake
mbata rubuh
Ngombak banyu
swarane
Penganggone basa Jawa krama alus ing isor iki sing paling trep yaiku...
Sedaya kemawon mangga kula aturi pinarak wonten lebet, sakmenika kula taksih badhe ados rumiyin
Sedaya kemawon mangga kula aturi pinarak wonten lebet, sakmenika kula taksih badhe siram rumiyin
Sedaya kemawon mangga kula aturi lenggah wonten lebet, sakmenika kula taksih badhe siram rumiyin
Panjengan rak sampun midhanetaken menapa ingkang sampun kula dhawuhaken wonten ngajeng wau.
Kain menika anggen kula mundhut saking Pak Hadi, ingkang dalemipun boten tebih kaliyan dalem kula.
