NEW
Font size
WorksheetsWulangan 1 Geguritan Kelas 4
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Salah siji tetengere geguritan yaiku cacahe gatra.....
ganjil
ora ajeg
cajeg
genep
Sun nggurit iku tembung sing dianggo miwiti geguritan gagrag
anyar
modern
bebas
lawas
Ing bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan kajaba.....
mangerteni isine geguritan sing arep diwaca
nggatekake pocapan lan wiramane
ngrasakake isi lan kekarepan geguritan
bisa mragakake kanthi mimik lan ekspresi kanthi trep
Kegiyatan nyemak kanthi tumemen lan konsentrasi diarani nyemak.....
ekstensif
intensif
eksklusif
implusif
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu....
mangerteni isine
mangerteni tulisane
mangerteni wujude
mangerteni macane
Wong sing ngasilake karya sastra wujud geguritan, diarani .....
panggurit
niyaga
komposer
penyanyi
Saka ilham utawa bisa mujudake geguritan.
sasmita
angen-angen
impen
tema
Nggatekake obahing awak nalika maca geguritan diarani
wirasa
wicara
wiraga
wirama
Geguritan iku mujudake karya kang sipate
kelompok
pribadi
kolektif
anonim
Dheg-dhegan lakune pocapan sajerone maca geguritan kang ditemtokake dening gantining gatra yaiku
intonasi
patrap
jeda
titik
Ing ngisor iki sing dudu titikane geguritan gagrag lawas yaiku
diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
guru lagu pinathok
ora kaiket paugeran
Geguritan ing kanggo mangsuli pitakonan angka 12 lan 13!
Murid Tumemen
(Dening: Rangga Aditama)
Saben esuk cengkelak ninggalake klasa
bantal
Lempit-lempit nuli adus
Kosokan resik
Tan ana perangan kang ketinggalan
Cukat trengginas
Sarapan banjur budhal ing pamulangan
Setiti mirengake
Wani micara sajerone pasinaon
Pancen kuwi murid kang tumemen
Geguritan "Murid Tumemen" dianggit dening
Rangga Aditama
Sendang Mulyana
R. Tantiningsih
Mahardhika Dwi W
Ing ngisor iki sing dudu ciri murid kang tumemen yaiku....
setiti mirengake
grusa-grusu
wani micara ing sajerone pasi-naon
cukat trengginas
Geguritan iki kanggo pitakonan angka 14-16!
Pepeling (Dening: Sendang Mulyana)
Aku ngugemi ngendikamu ibu
Nalika arep budhal sekolah
Nyangking tas kebak buku
Ngger ngendikane pujangga winasis
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pedhot sinau
Dadia wong pinter nanging
Aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih nanging
Aja sumugih
Dadia petinggi nanging
Aja ngapusi lan korupsi
Geguritan "Pepeling" nggambarake
siswa kang patuh lan percaya marang ibune
babagan ngelmu kang kelakone kanthi lagku
wong sugih nanging sumugih
siswa kang adigang adigung adiguna
Geguritan "Pepeling" iku ngusung tema babagan....
ekonomi
kajujuran
kabudayan
pendhidhikan
Tembung pepeling tegese ....
pasinaon
pangajap
wejangan
perlu dieling
Geguritan iki kanggo pitakonan angka 17-201
Ibu
(Dening: Mahardhika Dwi W) Ibu
Aku ora bisa apa-apa tanpa awakmu
Aku dudu apa-apa tanpa awakmu
Matur nuwun
Sanajan amung tembung
Nanging tembung iku tumeka saka sajeroning ati
Amarga awakmu,
aku bisa dadi kaya saiki
Matur nuwun Ibu
Aku sayang Ibu
Panganggite geguritan ing dhuwur yaiku...
ibu
anak
ibu lan anak
Mahardhika
Geguritan "Ibu" nyritakake yen ibu iku kang....
tansah tumandhang gawe kanggo anake
duweni pangajap marang anake
dadekake awake dewe kaya ngene
duweni surga ana ing ngisor sikile
Marang ibune paganggit duweni rasa....
kangen
matur nuwun
anyel marang
ora kelingan
Geguritan ing dhuwur menehi gegambaran rasa anak marang ibune.
tresna
trenyuh
mongkog
kuciwa
