wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Crita Gancaran

Total questions: 50

Worksheet time: 51mins

Name
Class
Date
1.

Novel kuwi salah sawijining karya sastra kang awujud ….

a)

gancaran

b)

puisi

c)

tembang

d)

wangsalan

e)

geguritan

2.

sing diarani novel yaiku

a)

karya sastra awujud prosa kang misuwur, nyritakake lelakone paraga kanthi cetha

b)

crita cekak kang misuwur, isine ngemot crita kang rinakit

c)

karya sastra awujud prosa kang dicritakke kanthi ke dawa-dawa

d)

karya sastra kang awujud kidung

e)

karya sastra sing critane ora bakal iso tamat

3.

novel kang isine ana gegayutane karo bab kang nengsemake lan ngguyokake, kalebu jinishing novel

a)

mite

b)

horor

c)

detektif

d)

komedi

e)

kriminal

4.

Satunggal dinten wonten oto mogok ing satunggaling bulak, kaprenah sangandhaping dhusun Kledung. Wonten 3 priyayi ing salebeting oto wau. Raden Bei asisten, Raden Ayu Asisten saha Raden Ajeng Tien. Sawatawis radi dangu nengga pitulungan lajeng wonten oto sanes mandheg ing sawingkingipun ingkang dipun sopiri dening Rapingun. Boten let suwe oto wau sampun saged dipunstater malih.

Cekakipun cariyos Rapingun ingkang waunipun dados sopiripun Nyonyah Hien, lajeng piyambakipun dados sopir Raden Bei Asisten ing ndalem ngasistenan Ngadirejo. Mlampah setunggal wulan anggenipun Rapingun tumut Raden Bei Asisten. Rapingun dipun anggep kadosta putranipun kiyambak dening Raden Bei.

Sejatosipun Rapingun menika turunan saking tiyang ingkang mulya. nama aslinipun R.M Sutanto. Ananging piyambakipun ngulandara wonten ing pundi pundi.


Saka pethikan novel ing dhuwur ,nilai kang kinandhut yaiku ...

a)

nilai ekonomi

b)

nilai pendidikan

c)

nilai sosial

d)

nilai agama

e)

nilai moral

5.

"bareng nembe oleh setahun, ibuku anjar malih sipate. Katresnane menyang aku ilang, malih dadi sengit, lan kadangkala wani nangani aku"

tema kang kakandhut sajroning pethikan novel yaiku....

a)

katresnan

b)

kulawarga

c)

pendhidhikan

d)

sosial

e)

ekonomi

6.

"weruh kahanan kang kurang ajar mau, sakala langsung muntab nepsuku. Tanganku terus ngepel marani. ora saranta tanganku terus kumlawe nibani raine nomnoman mau."

wewatak paraga sajroning teks ing dhuwur yaiku ....

a)

jirih

b)

sabar

c)

wani

d)

sangar

e)

pinter

7.

Ing ngisor iki kang ora kalebu jinising novel yaiku …

a)

roman

b)

kinanthi

c)

inspiratif

d)

misteri

e)

komedi

8.

Perangan novel kang minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, yaiku …

a)

tema

b)

alur

c)

latar

d)

sudut pandang

e)

amanat

9.

Sardi entuk peran maragakake dadi anake wong mlarat, nanging duwe patrap kalem, seneng tetulung, prasaja, yen guneman alus. Pratelan kasebut ing perangan novel kang diarani …

a)

tema

b)

alur

c)

setting

d)

penokohan

e)

amanat

10.

Nilai ing novel kang ana gegayutane karo babagan adat masyarakat diarani …

a)

nilai religius

b)

nilai moral

c)

nilai sosial

d)

nilai politik

e)

nilai budaya

11.

pethikan novel ing ngisor iki nggambarake kahanan kang ...

a)

nrenyuhake

b)

nengsemake

c)

semrawut

d)

nggegirisi

e)

nyamarake

12.

saben babak (bagian-bagian) ing novel nduweni surasa (isi) kang ...

a)

padha

b)

beda-beda

c)

apa anane

d)

nyenengake

e)

cetha

13.

unsur intrinsik awujud lelakone paraga saka wiwitan nganti tekan pungkasan yaiku ...

a)

tema

b)

setting

c)

alur

d)

penokohan

e)

sudut pandang

14.

ing ngisor iki kang ora klebu carane mangerteni watak paraga yaiku ...

a)

lingkungane

b)

tumindake

c)

ciri fisike

d)

jenenge

e)

pacelathone

15.

tahapan alur sabubare orientasi yaiku ...

a)

klimaks

b)

pitepangan

c)

dredah

d)

ngrampungi perkara

e)

tuwuh konflik

16.

ringkesan saka sawijining crita diaranii ...

a)

sinopsis

b)

gancaran

c)

irah-irahan

d)

cengkorongan

e)

abstrak

17.

cacahe tembung sajroning novel lumrahe  luwih saka .... tembung.

a)

sewu

b)

limang ewu

c)

sepuluh ewu

d)

satus ewu

e)

rongpuluh ewu

18.

penganggit nggunakake tembung sesulih aku, nyritakake apa kang dilakoni. tegese penganggit nggunakake sudut pandang ...

a)

protagonis

b)

paraga tambahan

c)

wong katelu

d)

wong kapindho

e)

wong kapisan

19.

agama, budaya, politik ekonomi, biografi pengarang iku kalebu unsur ing cerita yaiku ...

a)

internal

b)

eksternal

c)

intrinsik

d)

ekstrinsik

e)

futuristik

20.

Nggunakake alur apa menawa cerkak anggone crita nyritakake kahanan saiki terus ngandharake kahanan sing wis kepungkur diarani...

a)

maju

b)

campuran

c)

mundur

d)

tambahan

e)

maju mundur

21.

Nilai jroning cerkak kang ana gegayutane karo sipat-sipate manungsa, tumindak ala lan becik diarani nilai …

a)

religius

b)

sosial

c)

budaya

d)

moral

e)

kamanungsan

22.

Ing ngisor iki pakaryan kang kudu ditindakake nalika arep gawe sinopsis novel yaiku …

a)

nemtokake tema

b)

nulis unsur intrinsik

c)

gawe gancaran

d)

gawe cengkorongan

e)

maca crita

23.

latar panggonan lan wektu pethikan crita ing ngisor iki yaiku ...

a)

kantin - awan

b)

kantin - sore

c)

warung kopi - sore

d)

warung kopi - awan

e)

sekolahan - sore

24.

unsur intrinsik kang ana ing pethikan crita kasebut yaiku...

a)

latar

b)

tema

c)

amanat

d)

alur

e)

penokohan

25.

unsur intrinsik kang kinandhut ing crita kasebut yaiku...

a)

tema

b)

alur

c)

sudut pandang

d)

amanat

e)

latar

26.

"... judheg aku!" mangkono angluhipun satunggaling priyantun ing ngiringanipun mesin oto ingkang sampun kabikak tutupipun. wironipun jarik kablesekaken manginggil, jasipun sampun kabikak ngantos katingal rangkepanipun. nering pandulu tansah ngemataken mesining oto. sajak migatosaken sanget dhumateng kawontenanaipun oto punika. nitik saking tetesing kringet ing bathuk lan gulu, ugi telesing rangkepanipun ingkang wingking, cetha menawi priyantun menika sampun kepara dangu anggenipun tumandang damel awrat."

Saka pethikan teks kasebut, si priya lagi nyambut gawe abot amarga ....

a)

ndandani oto kang mogok

b)

nganggo klambi /jas kandel

c)

lagi usung-usung barang ing oto

d)

ngresiki oto kang reged

e)

lagi olahraga

27.

"wis pirang-pirang jam oto mau mandheg ing tengahing bulak. rasa susah lan bingung amarga kinepung pepeteng, gremis, lang angin sumribit. nalika ngancik jam sepuluh wengi, dumadakan kacane oto sing mburi mak byar. katon ana oto liya kang mandheg ing samburine oto kang mogok."

Latar kahanan/swasana kang ora jumbuh karo pethikan crita kasebut yaiku ...

a)

sumribit

b)

peteng

c)

gremis

d)

ing mbulak

e)

bingung

28.

"ngantos sawetawis dangu tiyang tetiga wau boten sami cecriyosan. bapakipun lenggah ing bak ngajeng sedhakep inggih karana atising hawa ugi karana judheg manahipun. ibunipun linggih sendhen ing bak wingking pasuryanipun katingal suntrut. namung ingkang putra ingkang katingal boten susah. sekedhap ningali redi sumbing lan sindoro ingkang katutup mega, sinambi ngolak-alik kacunipun sutra ingkang sinulam peni".

Ing paragraf kasebut, cacahing paraga ana pira ...

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

e)

lima

29.

"Dumadakan ana oto kang mandheg ing samburine oto kang mogok. banjur sopir metu lan nyedhaki saperlu aweh pitulungan. sawise didandani sawetara suwe, oto distater banjur mesine bisa murub maneh. minangka rasa panuwun, sing duwe oto mogok mau ngulungake dhuwit kanggo sopir kang wis nulungi mau. nanging si sopir ora gelem nampani. namung matur kanthi andhap asor, "matur nuwun ndara, sumangga panjenengan lajeng tindak kemawon amargi sampun dalu sanget".

Watake paraga sopir ing crita kasebut yaiku ...

a)

sumugih ora gelem nampa opah

b)

alus bebudene

c)

ora sopan tanpa taren ndandani mesin

d)

nulungi ora duwe niyat apa-apa

e)

murang tata marang piyayi tuwa

30.

"Dumadakan ana oto kang mandheg ing samburine oto kang mogok. banjur sopir metu lan nyedhaki saperlu aweh pitulungan. sawise didandani sawetara suwe, oto distater banjur mesine bisa murub maneh. minangka rasa panuwun, sing duwe oto mogok mau ngulungake dhuwit kanggo sopir kang wis nulungi mau. nanging si sopir ora gelem nampani. namung matur kanthi andhap asor, "matur nuwun ndara, sumangga panjenengan lajeng tindak kemawon amargi sampun dalu sanget".

Piwulang kang ora jumbuh klawan crita kasebut yaiku ....

a)

nampa pacoban kudu dilakoni kanthi sabar

b)

yen ana wong kasusahan kudu ditulungi

c)

tetulung kanthi rasa ikhlas

d)

watak andhap asor marang sapa wae

e)

yen diwenehi dhuwit ora sepiraa aja ditampa

31.

Pak hanif nulis asil panaliten ing babagan tata cara adat tingkeban. wiwit saka petungan dina, paraga kang nindakake, busana, lan tata upacarane. katrangan saka narasumber uga melu ditulis. tulisan mau banjur kapacak ing kalawarti djoko lodhang. tulisane pak hanif uga sinebut ....

a)

jurnal

b)

cerkak

c)

novel

d)

makalah

e)

artikel

32.

Bu dewi ngajak para siswa dolan menyang museum kraton. ing kono para siswa didhawuhi golek katrangan babagan kasusatran jawa kang mengkone bakal dadi sumber minangka isen-isene crita kang ditulis para siswa.

kegiatan kang dilakoni para siswa iku ing tataran ...

a)

nemtokake tema

b)

nyusun cengkorongan

c)

nglumpukake data

d)

observasi

e)

ngrembakakake crita

33.

novel iku salah sawijining wujud ksusastran jawa. kasusastran yaiku wohing pamikir kang awujud racikaning basa kang ngemu kaendahan. kasusastran dumadi saka tembung sastra kang ateges ...

a)

kawruh

b)

crita

c)

pikiran

d)

adiluhung

e)

geguritan

34.

"saiba bungahku upama bisa nerusake sinau menyang MULO, gek mondhok ing daleme priyayi sarta kabageyan kamar siji sing becik, kaya bocah wadon walanda kae". mangkono gagasane Mursiati, bocah wadon umur 14 taun kang nalika iku isih sekolah ing HIS pangkat pitu. isih kurang sawetara sasi anggone arep metu wis mikir banget perkara olehe arep nerusake sinau".

crita kasebut kapethik saka novel ...

a)

ngulandara

b)

mursiati

c)

ngumandhanging katresnan

d)

katresnan

e)

antebing tresna

35.

"anuju ing sawijining dina Mursiati ing pawiyatan ditakoni kancane menyang ngendi anggone bakal nerusake sinau. Mursiati banjur nglairake sing dadi krenteging atine yaiku nedya nerusake menyang MULO".

tembung ing dhuwur kang kacithak kandel nduweni teges ...

a)

omah

b)

pondhokan

c)

sekolahan

d)

kantoran

e)

kos-kosan

36.

salah sawijining pangertene novel yaiku rerengganing basa kang awujud gancaran. gancaran yaiku ....

a)

crita ngayawara

b)

tulisan

c)

tembang

d)

basa kang endah

e)

crita

37.

jaman mbiyen sadurunge dicithak lan disebarake, novel iku ditulis awujud crita sambung kang kapacak ana ing ....

a)

majalah

b)

media sosial

c)

koran

d)

ariwarti

e)

kasusatran jawa

38.

ing ngisor iki kang kalebu minangka titikane novel jawa yaiku ...

a)

nggunakake basa alus

b)

ditulis kanthi gaya narasi/deskripsi

c)

diwaca sepisan rampung

d)

paraga kang winates

e)

alur crita kompleks

39.

tema sajroning crita iku bisa maneka warna wujude, ing ngisor iki kang kalebu jinising tema fisik yaiku ...

a)

masyarakat

b)

lingkungan

c)

katresnan

d)

kulawarga

e)

ekonomi

40.

latar /seting yaiku katrangan ing sajroning crita kang nuduhake bab papan, wektu, swasana lan sosial. kang kalebu latar sosial jroning crita yaiku ....

a)

adat pakulinan

b)

kahanane ati

c)

wayahe nyambut gawe

d)

jroning omah-omah

e)

rasa panalangsa

41.

paraga kang watake ora malih saka wiwitaning crita nganti pungkasan diarani paraga kang ....

a)

paraga utama

b)

paraga tambahan

c)

protagonis

d)

antagonis

e)

paraga statis

42.

struktur novel kang njlentrehake ringkesan isining crita, njlentrehake wiwitaning crita / kahanan kang dilakoni dening paraga utama diarani ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

klimaks

d)

resolusi

e)

abstrak

43.

Ragam basa sing digunakake ing pethilan novel iki yaiku...

a)

ngoko kasar

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

e)

krama alus

44.

Unsur novel kang kang disinaoni saliyane babagan isi novel kasebut uga bisa magepokan karo panganggite/pengarange. Unsur ekstrinsik kang dikarepake saka katrangan kasebut yaiku...

a)

piwulang

b)

tema

c)

paraga

d)

alur

e)

otobiografi

45.

novel iku kalebu karya sastra ....

a)

jawa

b)

tradhisional

c)

modhern

d)

klasik

e)

kasusastran

46.

"Sri Endah Wahyuningsih ora tau lunga ubyang-ubyung yen ora perlu banget. dadi akeh ana ing ngomah, awit ngelingi bapake wis sepuh. ketambahan maneh wis ana sewulan iki bapake tansah gerah, kaworan watuke uga kumat".

Pethikan crita ing dhuwur nduweni nilai ....

a)

sosial

b)

budaya

c)

moral

d)

religius

e)

kulawarga

47.

salah sijine pengarang sing diarani begawan sastra jawa, amarga produktif anggone nyerat novel-novel jawa yaiku ....

a)

Susilo Ananta Toer

b)

Any Asmara

c)

Suparta Brata

d)

Sapardi Djoko Damono

e)

Basoeki Rachmat

48.

nilai jroning novel kang menehi rasa sengsem marang pamacane satemah kaya-kaya bisa katut ing sajroning crita yaiku ....

a)

nilai sosial

b)

nilai estetik

c)

nilai spirit

d)

nilai kaendahan

e)

nilai hedorik

49.

Novel kang surasane ngenani kedadean kang awujud investigasi perkara kadurjanan diarani ....

a)

roman

b)

detektif

c)

misteri

d)

klasik

e)

inspirasi

50.

Angin semilir nemahi pucuk pring, obah ngiwa obah nengen prasasat njoged nuting wirama. Wit tengah gesek lan kancane, swarane ngak ngik. Kapyarsa saking mandrawa yayah swarane suling. Ngumandhang ing awang-awang, ngimbuhi endahing karang padesan. Iku kabeh tandha murahing Gusti Kang Maha Kuwasa.

 

Unsur kang katon saka pethikan crita kasebut yaiku ....

a)

latar/seting

b)

alur

c)

tema

d)

amanat

e)

sudut pandang