Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL BAHASA JAWA KELAS 5

Total questions: 30

Worksheet time: 8hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki kang kalebu piranti tradisional yaiku ...

a)

traktor

b)

handphone

c)

cowek

d)

graji mesin

2.

Handa duwe sepatu anyar. kosok baline anyar yaiku ...

a)

gedhe

b)

lawas

c)

modern

d)

banter

3.

Ukara kang mbutuhake wangsulan diarani ukara ....

a)

pakon

b)

andharan

c)

tanduk

d)

pitakon

4.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara pitakon yaiku ....

a)

Sesok ulangan Basa Jawa

b)

Ojo lali sinau Basa Jawa

c)

Sapa sing ngulang Basa Jawa?

d)

Aku sinauni Basa Jawa!

5.

…. jumlahe sapine pak Ali?

Tembung pitakon sing cocok kanggo ukara iku yaiku ....

a)

Nangdi

b)

Pira

c)

Kapan

d)

Sapa

6.

…. sing dipangan adik?

Tembung sing bener kanggo ukara pitakon yaiku ....

a)

Sapa

b)

Apa

c)

Kapan

d)

Kepriye

7.

Ani bocah sing teliti. Kosok balene teliti yaiku ...

a)

sembrono

b)

ulet

c)

sregep

d)

asor

8.

Yen hawane panas koyok ngene terus, kembang melathi iku sesuk mesthi bakal alum.

Tembung alum kosok balene ....

a)

seger

b)

bosok

c)

alus

d)

wangi

9.

nalika biyen jaman kuno, para penggedhe negara yen padha lelungan adoh pada nitih...

a)

sapi

b)

kebo

c)

wedhus

d)

jaran

10.

kabeh piranti sing bisa menehi paedah nggampangake gawean diarani...

a)

modern

b)

alat

c)

teknologi

d)

budaya

11.

salah sawijining keuntungane piranti modern yaiku...

a)

Murah

b)

cepet rampung

c)

hasile sitik

d)

suwe

12.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

13.

Geguritan iku nang basa Indonesia diarani

a)

pantun

b)

puisi

c)

lagu

d)

sajak

14.

cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...

a)

diwaca alon kanthi iramane trep

b)

maca karo kesuh-kesuh

c)

macane aja gemrungsung

d)

dhuwur cendheke swara manut ukara

15.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu...

a)

Mangerteni isine

b)

Mangerteni wujude

c)

Mangerteni tulisane

d)

Mangerteni macane

16.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

17.

Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....

a)

Ngatur mlebu metune napas

b)

Kudu ngepasake marang isine geguritan

c)

Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen

d)

Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng

18.

Wirama yaiku ....

a)

Kumpulan larik kang selaras

b)

Tujuane penulis gawe geguritan

c)

Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake

d)

Tembung seng ora sebenere

19.

Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....

a)

Geguritan

b)

Paribasan

c)

Pantun

d)

Tembung

20.

“... ya, aku wis kokwenehi ngerti babagan tata krama mara tamu,” pangucape Bagas.

Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku ....

a)

Nyuwun pangapunten

b)

Ndherek langkung

c)

Matur nuwun

d)

Nuwun pirsa

21.

Menawa kowe arep mlebu omah, kudu ....

a)

Nyuwun sewu

b)

Ndherek langkung

c)

Matur nuwun

d)

Kula nuwun

22.

Menawa matur marang wong tuwa, becike ....

a)

matur nganggo basa krama alus

b)

matur nganggo basa ngoko

c)

matur kanti murang tata

d)

matur nuwun

23.

Ukara ing ngisor kang migunakake basa ngoko lugu yaiku ....

a)

Kowe wingi neng ngendi?

b)

Mbak, aku nyuwun jajan meneh.

c)

Ibu kesah nyambut damel.

d)

Ibu tindak nyambut damel.

24.

Mangana dhisik wae!

Yen diowahi basa krama lugu yaiku. . .

a)

Panjenengan dhahar rumiyin mawon.

b)

Sampeyan nedha rumiyin mawon.

c)

Panjenengan dhahar dhisik wae!

d)

Sampeyan nedha dhisik wae!

25.

Ayam punika sampeyan tumbas kemawon regi seket ewu.

Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .

a)

Ayam punika panjenengan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.

b)

Pitik iki tukunen wae rega seket ewu.

c)

Ayam punika sampeyan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.

d)

Pitik iki panjenengan pundhut wae rega seket ewu.

26.

Kowe digawakake obat saka godhong suruh.

Basa krama aluse yaiku. . . .

a)

Panjenengan diastakake obat saka godhong suruh.

b)

Sampeyan dipunbektakaken jampi saking ron suruh.

c)

Panjenengan dipunastakaken jampi saking ron suruh.

d)

Sampeyan dipunastakaken jampi saking ron suruh.

27.

Omahmu wis disapu apa durung?

Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku. . .

a)

Dalemipun panjenengan sampun dipunsapu punapa dereng?

b)

Griyanipun sampeyan sampun dipunsapu punapa dereng?

c)

Dalemipun panjenengan wus disapu apa durung?

d)

Griyanipun panjenengan wis disapu apa durung?

28.

Ing ngisor iki titikane basa krama alus yaiku. . .

a)

Tembung kowe diganti panjenengan

b)

Digunakake kanggo wong sing umure luwih tuwa lan duweni drajat pangkat luwih dhuwur saka awake dhewe

c)

Migunakake tembung ngoko.

d)

Tembung panambah di- lan -ake diganti dipun- lan -aken.

29.

Pilihen endi wae ukara kang nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki!

a)

Bapak mau tindak menyang Solo nitih sepur.

b)

Mbak Sari tumbas bakso wonten peken Bungkal.

c)

Pakdhe mundhut jeruk, pelem lan manggis.

d)

Mas Pras dhahar sega pecel ing warung Cak Man.

30.

‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....

a)

Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor

b)

Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor

c)

Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor

d)

Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor