Font size
Worksheetsbahasa jawa
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Tembung suka bagya iku tegese ...
seneng banget
lancar
sedih
rekasa
" Saking asiling pirembagan wulan kepengker katetepaken benjing enjing badhe kerja bakti. "
Wulan kepengker tegese ...
sasi ngarep
sasi mburi
sasi wingi
sasi sukmben
" Sedaya warga sami gumregut anggenipun gotong - royong kanthi raosing manah ingkang remen lan ikhlas"
Tegesipun tembung gumregut inggih punika ...
cekat - ceket
alon - alon
gumregah
gumebrug
Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih puniko ...
adigang - adigung adiguna
rawe - rawe rantas malang - malang putung
kutuk marani sunduk
rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...
loh kang tinandur
loh jinawi
ayem tentrem
kreta raharja
Tembung wilujeng tegese ing Bahasa Indonesia yaiku ...
Selamat
Sengsara
Suka - suka
Mandiri
Tembung Entar yaiku tembung ...
A. Saroja
B. Ungkapan/kiasan
C. Lingga
D. camboran
Bagyo iku gedhe endhase dumeh anake wong sugih , gedhe endhase tegese ...
A. Sirahe gedhe
B. Seneng nyolong
C. Sombong, gumedhe
D. ngelu
Aja glethak-glethek yen ndheleh barang, amarga Marsiyem iku dawa tangane, tegese seneng ...
A. tuku
B. nyilih
C. nyolong
D. dolan
Mas Fatah ngangsu kawruh kuliyah ing Jogya, ngangsu kawruh, tegese golek ...
A. Dhuwit
B. Gaweyan
C. Ilmu
D. kanca
Menawa nonton TV aja nganti wengi, amarga sesuk kepancal sepur anggone sekolah.Kepancal sepur tegese ...
A. kecelakaan
B. telat/kaseb
C. ditabrak sepur
D. kesed
Suryani iku pancen ati dhondhong tenan, karo kancane cengkiling/seneng nggepuk. Ati dhondhong, tegese elek ...
A. omahe
B. bijine
C. atine
D. klambine
Tugino dikandhani ngono wae abang kupinge. Abang kupinge tegese ...
A. kupinge wernane abang
B. nesu / ngamuk
C. kupinge lara
D. nangis
Dina pancen bocahe ayu lan lurus atine. Lurus atine tegese ...
A. elek atine
B. nakal
C. jujur
D. loma
Si Gombloh kae pancen doyan mangan, menyang endi-endi mesthi nggawa panganan. Tembung entare bocah sing panganane akeh, yaiku weteng ...
A. plastik
B. wakul
C. karung
D. kadhut/karet
Indri karo Runi sabendina nggosip utawa ngrasani kancane. Seneng nyatur/ nggosip tembung entare ...........ilate
A. dawa
B. putih
C. gatel
D. lunyu
Kanggo nyukupi kebutuhan urip ...
Cagak Urip
Mangku Tangan
Adus Kringet
Cagak Lek
Ora temenan, mung lelamisan ....
abang raine
abang kupinge
abang-abang lambe
abang-abang raine
dadi wong pangkat/panguwasane
dawa tangane
dawa rambute
dhuwur pangkate
dhuwur atine
Omongan tansah kelakon ...
idu emas
idu uyah
idu geni
idu banyu
Criwis/akeh omonge ...
lambe turah
lambe abang
lambe tipis
lambe ati
Kelakuane becik/apik...
luhur drajate
luhur budine
luhur pikire
luhur dadane
Nganggur ora nyambut gawe ...
ngekep rai
ngekep kayu
ngemut driji
ngekep dhengkul
Ora gampang golek rejeki ...
seret mlakune
sesak dhadhane
seret rejekine
seret ilate
