wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Wawancara Kelas 8

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Anggone nyusun pitakonan kanggo wawancara kudu nggatekne bab-bab ing ngisor, kejaba...

a)

ngandhut unsur 5W 1H

b)

runtut pitakonane

c)

nggunakake unggah-ungguh basa

d)

ora kaiket aturan

2.

Napa mawon jinis-jinis rasa kripik gedhang ingkang Panjenengan kembangaken?

a)

Idhentifikasi

b)

Klasifikasi/ Dheskripsi bagean

c)

Dheskripsi manfaat

d)

Dhefinisi umum

3.

Wawancara bisa uga diarani...

a)

Wawanrembug

b)

Atur pambagya

c)

Sesulih

d)

Pranatacara

4.

Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude...

a)

Dhaftar pitakonan sing kanggo takon

b)

Tape recorder kanggo ngrekam

c)

Ringkesan materi sing arep ditakokake

d)

Dheskripsi sing arep ditakokake

5.

Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kejaba...

a)

supaya ora ana pitakonan kang kliwatan

b)

supaya wawancara ora lumaku suwe

c)

supaya anggone nindakake wawancara runtut lan ganep

d)

supaya wawancara lumaku nganti bengi

6.

Sawise nindakake wawancara, becike nggawe utawa nyusun...

a)

Daftar pitakon

b)

Identitas narasumber

c)

Papan lan waktu

d)

Asil palapuran

7.

Tujuan kegiyatan wawancara yaiku....

a)

golek pawarta

b)

golek masalah

c)

golek dhuwit

d)

golek narasumber

8.

Ing ngisor iki kang bisa dadi piranti kegiyatan wawancara, kajaba...

a)

Kamera

b)

Buku lan pulpen

c)

LCD lan proyektor

d)

Kaset rekaman

9.

Nindakake wawancara kanthi sopan/andhap asor iku tegese....

a)

Nimpali pitakon ora ana enteke

b)

Nindakake wawancara kanthi akrab kaya karo kanca dhewe

c)

Ngritik marang narasumber ora nganggo basa krama

d)

Aja nganti nyinggung rasa pangrasane narasumber

10.

Nalika arep nindakake wawancara, becike netepake bab-bab kang wigati kaya ing ngisor iki, kajaba...

a)

Netepake tujuan wawancara

b)

Netepake dina lan papan kanggo wawancara

c)

Netepake narasumber

d)

Ora prelu nyusun dhaftar pitakon

11.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki! 1. Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing ditulis utawa direkam nalika wawancara 2. Teks wawancara ditulis sawise nindakake wawancara 3. Dhata ditulis kanthi runtut lan ganep manut asil wawancara 4. Carane nulis sing takon minangka paraga pewawancara, sing mangsuli dadi paraga narasumber Urutane kanggo nyusun laporan asil wawancara yaiku....

a)

1, 2, 4, 3

b)

2, 3, 1, 4

c)

1, 3, 2, 4

d)

2, 4, 1, 3

12.

Sakwise nindakake wawancara kudu ana laporan asil wawancara. Carane nglaporake asil wawancara kuwi ana loro, yaiku....

a)

Ditulis kanthi nggunakake ukara cerita lan ukara pitakon

b)

Ditulis kanthi wujud teks dhialog lan ditulis kanthi model narasi.

c)

Ditulis kanthi wujud dhialog lan dilaporake nggunakake lisan

d)

Dilaporake gawe lisan lan ditulis

13.

Unggah-ungguh basa jroning wawancara ana kalane nggunakake krama alus lan krama lugu. Ukara ing ngisor iki sing kelebu basa krama alus yaiku....

a)

Nuwun sewu, sowan kula dateng ngriki kalawau badhe nyuwun pirsa panjenengan

b)

Kalawau kula kasupen mboten mbekta buku kaliyan pulpen, amargi radi kasesa

c)

Sesampunipun menika, aku mengko nyuwun pamit langsung wangsul

d)

Nuwun sewu, bab menika kula pancen dereg semerap saestu

14.

Yen arep nindakake wawancara, sing kudu disiyagakake paling ndisik yaiku....

a)

Nemtokake topik wawancara

b)

Nemtokake narasumber

c)

Ndapuk sawetara/daftar pitakonan

d)

Nemtokake dina lan papan kanggo wawancara

15.

Sedurunge nindakake wawancara luwih ndisik kudu nyiapake daftar pitakonan minangka pedoman nalika nindakake wawancara. Pedoman wawancara ditulis lelandesan 5W+1H, yaiku....

a)

Apa, sapa, kapan, neng, endi, sing endi, lan kepriye

b)

Apa, sapa, kapan, geneya, seng endi, lan kepriye

c)

Apa, sapa, kapan, kenapa, endi, lan ya’apa

d)

Apa, sapa, kapan, geneya, neng endi, lan kepriye

16.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki 1. Kepriye carane ngembangake usaha batik “Sekar Jagad” punika pak? 2. Kados pundi caranipun ngembangake batik “Sekar Jagad” punika pak? 3. Kenging punapa kok opah buruh awis pak ? 4. Sinten ingkang paring bantuan ? Ukara pitakon ing nduwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer....

a)

1 lan 3

b)

2 lan 4

c)

3 lan 4

d)

1 lan 2

17.

Jroning struktur teks wawancara ana basa kang digunakake, yaiku basa kang tansah nggatekake unggah-ungguh basa. Apa basa kang trep digunakake kanggo wawancara ?

a)

Ngoko lugub

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

18.

Struktur teks wawancara dumadi saka carane ngandharake, isine wawancara, lan basa sing digunakake kanggo wawancara. Carane ngandharake teks wawancara yaiku....

a)

Ditulis kanthi wujud teks dhialog sarana nggunakake ukara langsung, ukara andharan, lan ukara pitakon.

b)

Isine wawancara gumantung marang masalah apa sing dirembug lan ditakokake marang narasumber

c)

Nggunakake tembung penggandheng kanggo nggandheng antarane tembung lan tembung, frase lan frase, ukara lan ukara.

d)

Basa kang digunakake lumrahe nganggo basa krama alus tumrap pitakonan marang narasumber

19.

Joning kegiatan wawancara ana pawongan sing golek informasi lan ana wong sing dadi punjering pitakonan. apa jenenge wong sing dadi punjering pitakonan?

a)

Narasumber

b)

Informasi

c)

Pewawancara

d)

Tujuwan

20.

Kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber, diarani....

a)

Wawancara

b)

Dhialog

c)

Observasi

d)

Penelitian