NEW
Font size
WorksheetsPH Wawancara kelas 8
Total questions: 20
Worksheet time: 15mins
Anggone nyusun pitakonan kanggo wawancara kudu nggatekne bab-bab ing ngisor, kejaba...
ngandhut unsur 5W 1H
nggunakake unggah-ungguh basa
runtut pitakonane
ora kaiket aturan
"Napa mawon jinis-jinis rasa kripik gedhang ingkang Panjenengan kembangaken?"
Ukara pitakon ing ndhuwur klebu ing perangan struktur...
Idhentifikasi
Klasifikasi/ Dheskripsi bagean
Dhefinisi umum
Dheskripsi manfaat
Wawancara bisa uga diarani...
Wawanrembug
Pranatacara
Atur pambagya
Sesulih
Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude...
Dheskripsi sing arep ditakokake
Dhaftar pitakonan sing kanggo takon
Tape recorder kanggo ngrekam
Ringkesan materi sing arep ditakokake
Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kejaba...
supaya anggone nindakake wawancara runtut lan ganep
supaya ora ana pitakonan kang kliwatan
supaya wawancara ora lumaku suwe
supaya wawancara lumaku nganti bengi
Sawise nindakake wawancara, becike nggawe utawa nyusun...
Daftar pitakon
Papan lan wektu
Asil palapuran
Identitas narasumber
Tujuan kegiyatan wawancara yaiku....
golek pawarta
golek dhuwit
golek masalah
golek narasumber
Ing ngisor iki kang bisa dadi piranti kegiyatan wawancara, kajaba...
Buku lan pulpen
Kamera
LCD lan proyektor
Kaset rekaman
Nindakake wawancara kanthi sopan/andhap asor iku tegese....
Nimpali pitakon ora ana enteke
Nindakake wawancara kanthi akrab kaya karo kanca dhewe
Ngritik marang narasumber ora nganggo basa krama
Aja nganti nyinggung rasa pangrasane narasumber
Nalika arep nindakake wawancara, becike netepake bab-bab kang wigati kaya ing ngisor iki, kajaba...
Netepake tujuan wawancara
Netepake dina lan papan kanggo wawancara
Ora prelu nyusun dhaftar pitakon
Netepake narasumber
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
1. Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing ditulis utawa direkam nalika wawancara
2. Teks wawancara ditulis sawise nindakake wawancara
3. Dhata ditulis kanthi runtut lan ganep manut asil wawancara
4. Carane nulis sing takon minangka paraga pewawancara, sing mangsuli dadi paraga narasumber
Urutane kanggo nyusun laporan asil wawancara yaiku....
1, 3, 2, 4
1, 2, 4, 3
2, 3, 1, 4
2, 4, 1, 3
Sakwise nindakake wawancara kudu ana laporan asil wawancara. Carane nglaporake asil wawancara kuwi ana loro, yaiku....
Dilaporake gawe lisan lan ditulis
Ditulis kanthi nggunakake ukara cerita lan ukara pitakon
Ditulis kanthi wujud teks dhialog lan ditulis kanthi model narasi.
Ditulis kanthi wujud dhialog lan dilaporake nggunakake lisan
Unggah-ungguh basa jroning wawancara ana kalane nggunakake krama alus lan krama lugu. Ukara ing ngisor iki sing kelebu basa krama alus yaiku....
Nuwun sewu, bab menika kula pancen dereg semerap saestu
Sesampunipun menika, aku mengko nyuwun pamit langsung wangsul
Kalawau kula kasupen mboten mbekta buku kaliyan pulpen, amargi radi kasesa
Nuwun sewu, sowan kula dateng ngriki kalawau badhe nyuwun pirsa panjenengan
Yen arep nindakake wawancara, sing kudu disiyagakake paling ndisik yaiku....
Nemtokake narasumber
Nemtokake topik wawancara
Ndapuk sawetara/daftar pitakonan
Nemtokake dina lan papan kanggo wawancara
Sedurunge nindakake wawancara luwih ndisik kudu nyiapake daftar pitakonan minangka pedoman nalika nindakake wawancara. Pedoman wawancara ditulis lelandesan 5W+1H, yaiku....
Apa, sapa, kapan, neng, endi, sing endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, geneya, neng endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, geneya, seng endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, kenapa, endi, lan ya’apa
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki
1. Kepriye carane ngembangake usaha batik “Sekar Jagad” punika pak?
2. Kados pundi caranipun ngembangake batik “Sekar Jagad” punika pak?
3. Kenging punapa kok opah buruh awis pak ?
4. Sinten ingkang paring bantuan ?
Ukara pitakon ing nduwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer....
1 lan 3
3 lan 4
1 lan 2
2 lan 4
Jroning struktur teks wawancara ana basa kang digunakake, yaiku basa kang tansah nggatekake unggah-ungguh basa. Apa basa kang trep digunakake kanggo wawancara ?
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko alus
Krama alus
Struktur teks wawancara dumadi saka carane ngandharake, isine wawancara, lan basa sing digunakake kanggo wawancara. Carane ngandharake teks wawancara yaiku....
Nggunakake tembung penggandheng kanggo nggandheng antarane tembung lan tembung, frase lan frase, ukara lan ukara.
Ditulis kanthi wujud teks dhialog sarana nggunakake ukara langsung, ukara andharan, lan ukara pitakon.
Isine wawancara gumantung marang masalah apa sing dirembug lan ditakokake marang narasumber
Basa kang digunakake lumrahe nganggo basa krama alus tumrap pitakonan marang narasumber
Joning kegiatan wawancara ana pawongan sing golek informasi lan ana wong sing dadi punjering pitakonan. apa jenenge wong sing dadi punjering pitakonan?
Tujuwan
Informasi
Narasumber
Pewawancara
Kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber, diarani....
Dhialog
Penelitian
Observasi
Wawancara
