Font size
WorksheetsUH Bab 1 & 2 Kelas 9 Semester Ganjil
Total questions: 50
Worksheet time: 4hrs 10mins
Garwane Prabu Dasarata ana telu yaiku, Dewi Kosalya, Dewi Kekeyi, lan Dewi Sumitra. Raden Rama iku putrane….
Dewi Kekeyi
Dewi Sumitra
Dewi Sinta
Dewi Kosalya
Dasamuka lelana ngambah dirgantara liwat ing sadhuwure pertapan Sonyapringga. Dheweke….
tiba ing lemah, kapidara, ditambani Resi Subali
tiba ing lemah, tangi maneh
tiba ing lemah, eling karepe dhewe banjur nantang Resi Subali
tiba ing lemah, eling banjur nyembah Resi Subali
Apa sedyane Prabu dasamuka gelem nungkul (ngaku kalah) lan suwita (ngenger) marang Resi Subali?
kepengin diwenehi aji-aji kang njalari ora bisa kalis ing pati dening Resi Subali.
kepengin diwenehi aji-aji kang njalari bisa kalis ing pati dening Resi Subali.
kepengin menehi aji-aji kang njalari ora bisa kalis ing pati marang Resi Subali
kepengin menehi aji-aji kang njalari bisa kalis ing pati marang Resi Subali
Resi Subali salah sawijining pandhita wanara ingkang masanggarh ana ing pretapan Wukir Sonyapringga. Tembung Wukir tegese padha karo... .
alas
segara
gunung
kraton
Garwane Prabu Dasarata ana telu yaiku, Dewi Kosalya, Dewi Kekeyi, lan Dewi Sumitra. Raden Barata iku putrane….
Dewi Kekeyi
Dewi Sumitra
Dewi Sinta
Dewi Kosalya
Garwane Prabu Dasarata ana telu yaiku, Dewi Kosalya, Dewi Kekeyi, lan Dewi Sumitra. Dewi Sumitra iku peputra….
Rama
Barata
Lesmana tuwin Satrugna
Sinta
Dewi Sinta tansah bekti dhateng Raden Rama. Ing pundi kamawon tindakipun ingkang garwa, Piyambakipun tansah tut wingking. Makaten ugi ingkang rayi, Raden Lesmana, ugi tansah ndherek tindakipun Raden Rama nalika kedah mlebet wana.
Wewatekane Dewi Sinta iku ….
setya bekti, tuhu tresna asih
setya, nistha, tresna asih
setya, tresna asih, kaningaya
setya, brangasan, welas asih
Dumugi wana Dhandaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados kidang kencana, kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elami, ngengreg merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga. Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah kepingin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manah punika.
Kang cocog karo isine pethikan wacan ing dhuwur yaiku … .
Prabu Rama ora kersa nuruti panyuwune garwane, Dewi Sinta.
Dewi Sinta matur marang Prabu Rama yen kepengin ngingu kidang kencana kang ulese lan solahe merak ati
Kidang kencana iku sejatine dudu malihane Kala Marica
Dewi Sinta kepengin ngingu kidang kencana kang ulese lan solahe merak ati, nanging ora wani matur marang Prabu Rama
Pak Guru sadurunge bali, ngomong karo ketua kelas, ngakon ngumumake kelas liyane yen minggu ngarep garapan nyalin tulisan Jawa dibiji. Ukara iku kurang trep unggah-ungguhe, kudune tembung-tembunge sing digaris ngisore diowahi ….
dugi, sanjang, ngaken
dhateng, sanjang, ngutus
rawuh, sanjang, ngutus
kondur, ngendika, ngutus
Eyang : Kejaba sregep lan pinter, Pakdhemu ora neka-neka. Yen didhawuhi guru lan wong tuwa mituhu.
Mituhu tegese ... .
ora nurut
ora manut
mbantah
manut (nurut, patuh)
Pak Danu dadi repot lan susah atine amarga putrane sing lulus SMK ora gelem nerusake kuliah, malah kenceng tekade arep dadi TKI neng luar negeri. Iki padha karo paribasan “Didhadhunga medhot dapalangana mlumpat,” tegese ... .
kekarepane kendho kenceng, ora ajeg
Wis ora kena diendhakake (dipenggak) kekakarepane.
anak sing gawe senenge wong tuwane amarga duweni gegayuhan sing dhuwur
tansah gawe susahe wong tuwa
Bapak tau ngendika yen wong iku aja gampang kena pengaruh karo tumindake wong liya. yen ana kancane sing tumindak ala ya dielingake, yen ora kena ya wis ben. Ala becik disangga dhewe akibate. Iki padha karo paribasan “becik ketitik ala ketara,” tegese ... .
tumindak bener utawa salah ora ana bedane
tumindak bener utawa salah iku gumantung karo kahanane
tumindak bener utawa salah tembe mburine mesthi bakal ana undhuh-undhuhe
tumindak salah nanging ora bisa mareni nganti tumekaning pati
“Nalika padha jejagongan lan guyonan, Lik Yono banjur muring-muring merga diece kancane jare “dianggep/dipadhakake kaya bocah cilik” kok wis wani ngandhan-ngandhani wong supaya tumindak apik akeh ngamal shaleh. Iki cocog karo paribasan ... .
kadang konang
Durung ilang pupuk lempuyange
Durung pecus keselak besus
Bapa kesulah anak kepolah
Saben dina Yuliana sinau kareben pinter. Kang nglungguhi gatra wasesa yaiku... .
saben dina
yuliana
sinau
kareben pinter
Ukara ing ngisor iki kang mawa katrangan karana yaiku... .
Supaya kasil lulus kanthi biji apik, kowe kudu sregep sinau.
Gita ngonceki pelem nganggo peso.
Mario ora mlebu sekolah amarga lara untu.
Bulik kholisoh dodolan sembako ing pasar.
Yen kepingin ngerteni sampurnane uripmu kudu... .
sinaua dhewe
nggoleka ngelmune/mergurua
ora usah sinau
nggolek kanca yen arep merguru
1. menawi kepareng kula badhe wangsul rumiyyin pak?.
2. mangga, panjenengan kula aturi pinarak ing griya kula sekedhap!.
3. kala dalu eyang nyare ing dalemipun pak dhe jana, kula nyipeng ing Solo.
4. kondur saking yogya kula nitih bis sedayu putra.
Ukara ing dhuwur kang bener unggah-ungguhe nomer... .
1,2,3
2,4
1,3
4
Parto iku kepriye ta, tuku sepedha montor wis diwenehi murah kok isih njaluk supaya luwih dimurahi maneh, iki rak bebasan... .
nyempal nyambi mancal
kerot ora duwe untu
nampel puluk
diwenehi ati ngrogoh rempela
bebasan iku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. tembung entar tegese... .
semesthine
ora semesthine (kiasan)
pepindhan
bebasan
Bayu iku senengane adu-adu. merga wadulane, Sony ora isda nuku montore Akbar, kamangka wis dipanjeri. Tumindake Bayu iku dibebasakake "nampel puluk", tegese... .
dumdum awake dhewe ora keduman
nandhang kapitunan rangkep
murungake rejekine wong sing arep ditampa
duwe seja la ethok-ethok dadi kanca
Naika ngaso, bocah-bocah padha dolanan neker ing lapangan. Ana salah sijine bocah sing rumangsa dijaili kancane banjur tukaran rame. Bayu misah sing padha tukaran, kandhane, "mung perkara neker wae kok dadi tukaran gegete ora karuwan, apa ora ngisin-isini." Iki cocog untuk bebasan... .
adol lenga kari busike
madu balung tanpa isi
kerot tanpa untu
nggeret pring saka pucuk
"Menawi ngaten, sampeyan asring kekesahan, prasasat saben dinten". Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus yaiku... .
menawi mekaten panjenengan asring tindakan, prasasat saben dinten
menawi mekaten panjenengan asring kekesahan, prasasat saben dinten
menawi mekaten sampeyan asring tindakan, prasasat saben dinten
menawi mekaten panjenengan asring lelungan, prasasat saben dinten
DHANDHANGGULA
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dhahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
Tembung sasmita ing gatra "mrih padhanging sasmita" tegese... .
pitutur/wewarah/kandha
ati
lambang/tandha/isyarat
dalan
DHANDHANGGULA
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dhahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
Anggone kepengin nglairake Isen-isene ati nganti direwangi... .
kumawani tumindak niru-niru kaya raja
ora wani tumindak niru-niru kaya pujangga
kumawani tumindak niru-niru ora kaya pujangga
kumawani tumindak niru-niru kaya pujangg
Bu Suminten kagungan putra loro, mbak Ayuk karo mbak Nila. Mbak Ayuk saben dina dipleter gawean dene mbak Nila dieman-eman ora entuk mergawe. Tumindake Bu Suminten ngene iki cocog karo bebasan... .
emban cindhe emban siladan
lambe satumang kari samerang
diwenehi ati ngrogoh rempela
kumrisik tanpa kanginan
Nalika dina Minggu bocah-bocah padha dolanan layangan ing lapangan. Ora sengaja layangane Joni nyenggol layangane Rama. Rama nesu banjur njotos Joni. Rama karo Joni banjur tukaran rame banget. Bima misah lan kandha, "Mung perkara layangan kang sepele wae kok dadi tukaran, ngisin- isini!" Iki cocog karo bebasan... .
madu balung tanpa isi
nampel puluk
nyempal nyambi mancal
nyempal nyambi mancal
Jroning Kur'an nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur.
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane sajroning badanireki,
sira anggegurua.
Rasa sing bener iku anane ing sajroning Alquran, nanging ora kabeh wong paham isine. kajaba wong sing wis oleh pituduhe Pangeran/Gusti Allah. Ora kena diawur, ora ketemu malah kesasar. Mula yen kepengin ngerteni sampurnane uripmu kudu... .
sinaua dhewe
nggoleka ngelmune/megurua.
ora usah sinau
nggolek kanca yen arep meguru
1. Bocah wadon ayu sing pinter nulis Jawa.
2. Sinaua ing omahku!
3. Saben dina Senen lan Kemis.
4. Pitike Putri mangan jagung.
Kang kalebu ukara ora ganep / elip ukara nomer....
1,2,3
1,3
2,4
4
Ukara-ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara ganep yaiku....
Bu guru sing daleme Blora iku
Buku Basa Jawa
Lunga menyang Surabaya
Riko nonton bal-balan
Ngadege Kabupaten Blora iku taun 1749, yen ditulis nganggo sengkalan....
Catur Panca Trusing Tyas
Sapta Catur Wulang Janmi
Trus Kawarna Sabdaning Aji
Gapura Kawarna Sabdaning Nata
Sawise ingkang Rama seda, Jayanegara banjur sinengkakake ngaluhur jumuneng (didadekake raja) negara Majapahit taun 1233 Masehi kanthi sengkalan... .
Nembah Terus tataning Gusti
Dwi naga rasa tunggal
Tri Naga manjing bantala
Api-api tangan tunggal
Roni didukani Pak Guru amarga ora ngarap PR. Perangan kang digaris ngisor ing ukara iki minangka gatra katrangan... .
katemtuan
sebab/karana/lantaran
cacah/jumlah/wilangan
akibat
1.Anita ngirisi brambang nganggo peso.
2.Kowe pareng nyuwun sepedha anyar, anggere dadi juwara kelas.
3. Saben Minggu aku mlaku-mlaku ing alun-alun.
4.Heru sinau mempeng supaya pinter.
Ukara-ukara ing dhuwur kang duweni gatra katrangan sedya/maksud/kekarepan yaiku ukara nomer...
1
2
3
4
Sujono mecahake kaca cendhela kelase. Sanadyan ora ana sing ngerti lan ora ana sing ndakwa, atine Sujono tansah ora kepenak bebasan...
Suduk gunting tatu loro
Nampel puluk
Kumrisik tanpa kanginan
Kelacak kepathak
Tembang macapat iku cacahe ana 11, sebutna!
Gawea tuladha ukara ganep kang ayahane tembung J-W-L-K !
Gawea tuladha ukara ora ganep (elip) duwe Wasesa, Lesan, lan Katrangan, nanging ora duwe Jejer !
Ukara ing ngisor iki kramakna alus!
Pakdhe Surya anake eyang Darma saiki nyambut gawe dadi dokter.
Sebutna watak tembang macapat pupuh dhandhanggula!
Sebutna kabeh paraga ing crita "Resi Subali"!
Subali mertapa ana ing wukir?
Apa paribasane "Gelem melu ngrasakake senenge nanging ora melu ngetokake wragat (emoh kelangan ragat) ?
Ukara ing ngisor iki kramakna alus!
"Pakdhe Usada saiki mergawe dadi dhokter."
A
B
C
D
A
B
C
D
Sengkalan iki nuduhake taun pira?
Sirna ilang kertaning bumi
1400
Resi suci trus samadi
1947
Sapta catur wulang janmi
1747
Nembah terus tataning Gusti
1592
Tri naga manjing bantala
1983
Sengkalan iki nuduhake taun pira?
Dwi naga rasa tunggal
1682
Song-song gora candra (Serat Cemporet)
1799
Gegana muka matendhu (Gajahmada seda)
1290
Sanga kuda suddha candrama (Serat Bharatayudha)
1079
Api-api tangan tunggal (Jayanegara jumeneng nata)
1233
Sengkalan iki nuduhake taun pira?
Trus kawarna sabdaning aji (taun madege kab. Blora)
1749
Song-song gora candra (serat cemporet Ranggawasita)
1799
Putri tata trus manunggil
1953
Bebasan ing ngisor iki golekana tegese kang wis cumawis!
Madu balung tanppa isi
tukar padu mung marga barang remeh
Diwenehi ati ngrogoh rempala
diwenehi penak isih njaluk luwih kepenak
Kumrisik tanpa kanginan
ncen salah najan ra didakwa ati ra penak
Emban cindhe emban siladan
ora padha pangrengkuhe (ora adil)
Kerot ora duwe (tanpa) untu
nduweni niyat nanging ora duwe ragat
Bebasan ing ngisor iki golekana tegese kang wis cumawis!
nabok nyilih tangan
namakake panggawe ala sarana kongkonan
sandhing kirik gudhigen
srawung ro wong ala bakal ketularan ala
lambe satumang kari semerang
olehe nuturi wis bolabali ning ora gugu
mbalung usus
kekarepane kendho kenceng
suduk gunting tatu lara
kleru nindakake gawean, akhire kapitunan
