NEW
Font size
WorksheetsRemidial Unggah-Ungguh
Total questions: 35
Worksheet time: 31mins
Unggah-ungguh basa yaiku…
Piranti kanggo kicara
Ngoko, ngoko lugu, krama lan krama inggil
Trap-trapane basa sing ngemu surasa pakurmatan
Undhakane basa sing jinise ngoko la krama
Basa padinan
Basa krama ora kena kanggo dhewe amarga….
Ngurmati mitra wicara
Ngisin-ngisinke mitra wicara
Mbasakake uwong liya
Mbasakake awake dhewe
Ngurmati awake dhewe
Basa ngoko nggambarake sesambungan olehe kekancan….
Raket
Adoh
Sedhengan
Adoh banget
Rada adoh
Mas Rudi nyampingi adhiku. Tembung sing kacithak kandhel kuwi supaya trep diowahi dadi…
Nyedhaki
Nglambeni
Njariki
Ngathoki
Nyepaki
Manawa Raja dhawuh karo Patih sing umure luwih tuwa lumrahe nganggo basa…
Ngoko lugu
Ngoko alus
Ngoko inggil
Ngoko madya
Ngoko kasar
Panganggone unggah-ungguh basa adhedhasar saka…
Sesambungan sing raket
Patrap santun pamicara lan mitra wicara
Pamicara lan panutur
Sesambungan sing ora pati raket
Uwong sing ora kenal
Unggah-ungguh basa ragam ngoko lumrahe kanggo….
Uwong enom ngurmati sing luwih tuwa
Uwong tuwa ngurmati uwong sing luwih enom
Uwong wanuh sapadha-padha
Uwong ora wanuh sapadha-padha
Uwong sing lagi wae ditemoni
Bapak: "Ayo wing wengi, padha turu sesuk mangkat esuk!" Anak: "….." Lumrahe anak mangsuli nganggo ukara….
Iya Pak
Ora Pak
Inggih Pak
Boten Pak
Siap Pak
Kancaku mau (ngendika) Manawa garapane bisa dikumpulkake ana ing kantor guru. Tembung njero kurung supaya trep unggah-ungguhe diganti…
Ngomong
Sanjang
Matur
Ngandhani
Ngaturi uninga
Badhe ngaturi pirsa menawi benjing wonten kempalan RT.
Yen diowahi ngoko lugu yaiku…
Ajeng ngaturi pirsa menawa benjing wonten kempalan RT
Ajeng menehi pirsa manawa benjing ana kempalan RT
Arep menehi ngerti manawa benjing ana kempalan RT
Arep menehi ngerti manawa sesuk ana kumpulan RT
Arep wenehi ngerti manawa suk ana kumpulan RT
Aku (dicaosi) wajik karo gedhang. Tembung njero kurung supaya trep unggah-ungguh diganti…
Dikeki
Diwenehi
Diaturi
Diawehi
Dicepaki
Mbok kowe nyare kene wae. Tembung sing kurang trep yaiku…
Kowe
Nyare
Kene
Wae
Mbok
Manawa murid mangsuli pitakone guru kudu nganggo basa…
Krama inggil
Krama lugu
Ngoko lugu
Ngoko alus
Ngoko madya
Ngoko alus kadhapuk saka…
Ngoko lan krama
Ngoko lan krama andhap
Ngoko, krama, lan krama inggil
Ngoko, krama madya, lan krama
Ngoko, netra, lan krama inggil
Panganggone basa ngoko alus yaiku kanggo guneman…
Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur derajate
Sedulur tuwa marang sedulur enom
Wong wadon marang wong lanang
Wong kang durung kenal
Priyayi marang priyayi sing durung kulina
"Pak, kae lho kopine wis (takcawisake) ana meja. Enggal panjenengan unjuk." Tembung sing kacethak kandel kuwi tegese…
Dicepakake
Diparingake
Digawekake
Digawakake
Diwenehake
"Lha panjenengan wae durong siram. Iki wis jam pitu lho Pak. Panjenengan arep tindak jam pira? Ngendikane ana undangan rapat."
Tembung sing ora trep yaiku…
Tindak
Ngendikane
Durong
Jam
Rapat
Ngoko alus bisa digunakake pacelathon…. Marang…..
Bapak, ibu
Bocah, simbah
Andhaha, pimpinan
Siswa, guru
Siswa, siswa
Dhek jaman biyen ing salah sijining desa, ing desa kasebut ana Mbok Randha sing urip dhewe ora ana putra utawa sedulur. Amarga urip dhewe Mbok Randha donga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diparingi putra. Dheweke yakin menawa penjaluke bakal dikabulake dening Gusti Hyang Widhi. Mbok Randha anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu buta sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buta Ijo banjur nyeluk Mbok Randha supaya metu saka omahe. Mbok Randha kaget ngerteni Buta Ijo ing ngarep omahe.
Crita kasebut nganggo basa apa?
Ngoko alus
Ngoko lugu
Krama lugu
Krama inggil
Krapa andhap
Kula badhe (dhahar) tela cilembu. Tembung sing kacithak kandhel kuwi supaya trep diowahi dadi…
Maem
Mangan
Nedha
Mimik
Ngunjuk
"Bubar siram ibu arep tindak pasar". Ukara iki kalebu ukara sing nggunakake basa…
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Karamantara
Eyang, kalawau tilem tabuh pinten?
Tembung krama alus kang durung trep ing ukara kasebut yaiku…
Eyang
Kalawau
Tilem
Tabuh
Pinten
"Rasukanipun ingkang pethak sampun kula asta." Ing ukara iki ana tembung kang durung trep, yaiku…
Pethak
Asta
Kula
Ingkang
Rasukanipun
Ing adicara pasrah panampi manten lumrahe nggunakake basa…
Wedha krama
Krama alus
Krama lugu
Ngoko alus
Ngoko andhap
Pak agus sampun nedha menapa dereng?
Tuturan kuwi mau nggunakake unggah-ungguh basa Jawa ragam…
Ngoko alus
Ngoko lugu
Krama alus
Krama lugu
Karamantara
Panjenengan sampun purna anggenipun dhahar? Ukara kasebut Manawa didadekake ngoko sing bener yaiku…
Njenengan sampun rampung anggone dhahar?
Sampeyan sampun rampung anggone mangan?
Kowe wis rampung anggone mangan?
Samang mpun rampung anggone mangan?
Panjenengan pun rampung mangan?
Kowe arep menyang ngendi?
Ukara kasebut gawenen nganggo ngoko alus!
Kowe arep tindak ngendi?
Kowe badhe tindak ngendi?
Sampeyan arep menyang ngendi?
Panjenengan arep tindak ngendi?
Panjenengan badhe tindak pundi?
Tembung sing kadhapuk krama lugu yaiku…
Ngoko alus, krama inggil
Ngoko lugu, krama andhap
Krama, krama madya, netral
Krama, krama madya, krama lugu
Krama alus, krama, krama inggil
Krama lugu bisa uga diarani…
Krama inggil
Krama madya
Krama alus
Krama asor
Krama kasar
Tembung (kowe) manawa ana ing krama lugu dadi…
Kowe
Samang
Sampeyan
Njenengan
Panjenengan
Uwong sing lagi kenal padatan nganggo basa…
Krama inggil
Krama lugu
Ngoko lugu
Ngoko alus
Ngoko madya
Bapak (menehi ngerti) Simbah.
Tembung njero kurung supaya trep unggah-ungguhe diganti…
Ngendikani
Sanjang
Matur
Ngandhani
Ngaturi pirsa
Ing ukara krama alus sing ora owah basane yaiku temung…
Ngoko lugu
Ngoko alus
Madya
Krama
Netral
Basa krama alus lumrahe digunakake kanggo pacelathon dening…
Anak marang wong tuwa
Anak marang wong enom
Anak marang sapdha-padha
Wong tuwa marang anak
Wong tuwa marang wong enom
Basa krama alus bisa uga kagunakake dening…
Atasan marang andhahane
Ibu marang bulik
Pakdhe marang bapak
Wong kang akrab
Wong kang lagi dikenal
