NEW
Font size
Worksheetsbasa Jawa Sesorah & Perangane Layang
Total questions: 45
Worksheet time: 2hrs 15mins
Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih. Tembung penggalih iku padha tegese karo tembung ing ngisor iki, yaiku ...
ati
asta
rikma
soca
Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.
Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah
pangajeng - ajeng
panutup
isi
pambuka
" Saking asiling pirembagan wulan kepengker katetepaken benjing enjing badhe kerja bakti. "
Wulan kepengker tegese ...
sasi ngarep
sasi mburi
sasi wingi
sasi sukmben
Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih puniko ...
adigang - adigung adiguna
rawe - rawe rantas malang - malang putung
kutuk marani sunduk
rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...
loh kang tinandur
loh jinawi
ayem tentrem
kreta raharja
Maca sesorah iku kudu nggatekake babagan ...
intonasi saben ukoro kudu bener
intonasi ukoro ora kudu bener
tempo anggone maca ora kudu bener
pamedhote ukoro ora kudu bener
Tembung wilujeng tegese ing Bahasa Indonesia yaiku ...
Selamat
Sengsara
Suka - suka
Mandiri
Sepisa sumannga kita sadaya ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat saengga kita saged makempal ing adicara perpisahan kelas VI.Kula siswa kls VI ingkang tinanggenah guru, makili kanca-kanca ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak ubu guru, ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil ,saengg a cita-cita kula lan rencang-rencang saged kawuju.Aamiin. Pidhato kaya paragraph ing ndhuwur diarani....
purwaka basa
salam pambuka
wigatining atur
wasana basa
Ingakng sepisan sumangga kita sadaya ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat saengga kita saged makempal ing adicara perpisahan kelas VI.Kula siswa kls VI. Kula ingkang tinanggenah guru, makili kanca-kanca ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak ibu guru, ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil ,saengg a cita-cita kula lan rencang-rencang saged kawujud kanthi lancar.
Isi sesorah ing ndhuwur yaiku....
pamitan arep lunga
perpisahan kelas VI
persiapan ngarepake ujian
pengumuman ujian
Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang inggil. Tembung pawiyatan tegese....
sanggar
sekolah
panggonan
padhepokan
Kula ngaturaken matur nuwun bapak ibu guru sampun kersa nggulawentah kula sakanca. Tembung nggulawentah tegese....
nyinauni
ngopeni
ngancani
ndukani
Sakdurunge gawe lan nulis sesorah , luwih dhisik gawe....
cengkorongan
irah-irahan
surasa
wasana
Khanti puja puji raharja miwah kairing jatining pakurmatan, keparenga kula ngaturaken sugeng rawuh katur panjenengan sadaya.
Pratelan ing ndhuwur minangka perangan sesorah sing diarani....
wasana basa
purwaka basa
salam pambuka
salam panutup
Kula sakanca namung saged ndongakaken mugi sedaya amal lan kasaenan Bapak Ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan saged nggulawentah kulo ngantos paripurna.
Tembung paripurna tegese....
disik
lekas
wiwit
wutuh / rampung
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten , awit kula sakanca asring ndadosaken Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking solah bawa kula ingkang mboten mranani penggalih.
Paragraph ing ndhuwur sing pidhato nyuwun....
donga pangestu
lulus sekolah
pangapunten
sekolah sing apik
Bapak saha Ibu Guru ingkang kinabekten, Bapak Ibu ingkang kula kurmati, para kadang lan adhi-adhi kula, saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya. Sesorah ing dhuwur iki urutan sesorah bab….
Atur pakurmatan
Pambuka
Surasa
panutup
Dasanamane sesorah yaiku ....
Medhar sabda
tanggap warsa
ambal warsa
medhar wacana
Tujuane sesorah sing nyritakake utawa nglapurake sawijine bab yaiku ...
pangajak
atur panglipur
atur pambagya
Atur Pawarta/Atur Kabar
(1) Isi/Suroso
(2) Purwaka/pambuka
(3) Panutup
(4) Salam Panutup
(5) Salam Pambuka
Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...
2-5-1-3-4
5-2-1-3-4
5-2-4-3-1
2-5-1-3-4
Salam utawa panyapa kanggo bapak-bapak kang rawuh ing pidhato lumrahe ....
ingkang kula pitados
ingkang kula kurmati
ingkang kula sayangi
ingkang kula percaya
Sesorah kudu ditindakake kanthi swara sing cetha kanthi tujuan ....
supaya pamiyarsa betah mirengake
supaya sing dingendikakake gampang ditampa
supaya katon bregas mrebawani
supaya padha seneng
Ngandaraken gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah
Sesorah
Wara-wara
Pambyawara
Pranatacara
Mugi-mugi kula lan panjenengan ditebihaken saking virus punika, lan virus punika enggal ical saking donya, Aamiin.
salam panutup
Surasa
Panutup
Pangajeng-ajeng
Nalika sesorah sesorah marang wong luwih tuwa nganggo basa…
ngoko
krama alus
krama lugu
ngoko andhap
Gatekna bab-bab ing ngisor iki!
(1) ndhingkluk
(2) tangan ngapurancang
(3) nyawang tamu
(4) nguwasani pemirsa
Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer…
(4)
(3)
(2)
(1)
Layang kang isine undangan kanggo mantu, sunatan, syukuran diarani layang ...
iber
lelayu
ulem
kitir
Unggah-ungguh tumrap sing ngirim lan sing ngirimi diarani ...
salam taklim
tapak asta
adhangiyah
titi mangsa
Ing ngisor iki tuladha ukara panutup ing layang, kang bener yaiku ...
Sesarengan serat menika kuila ngaturi kabar bilih kawomtenan kula sae-sae mawon
Budhe ing liburan semester 1 kula badhe sowan dateng dhalemipun ing Blitar
Kula sakeluwarga pinaringan rahayu wilujeng. Kula suwun semanten ugi keluwarganipun Pakdhe lan budhe
Wasana cekap semanten menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten
Manut jinise layang iku kaperang dadi...
3
4
5
6
Yen arep nulis surat kanggo wali kelas, amargo ora mlebu sekolah kalebu jenise layang...
ulem
resmi
ora resmi
tugas
Ing perangan layang kang isine kabar keslametan diarani...
isi
adhangiyah
bebuka
panutup
Surabaya 17 januari 2017 ing perangan layang diarani...
titi mangsa
bebuka
adhangiyah
panutup
Tapak asta yen ing Bahasa Indonesia diarani...
nama
cap jari
tanda tangan
atas nama
Nuwun ,kanthi puja-puji rahayu ugi kairing sagunging pakurmatan angantu-antu rawuh panjenengan benjeng :
Tuladha kasebut kalebu perangane apa ?
adhangiyah
bebuka
isi
titi mangsa
Layang kang digunakake kanggo ngundhang saperlu nekani ing sawijining adicara diarani ….
layang ulem
layang kitir
layang lelayu
layang kiriman
Wasana sangeting pangajeng-ngajeng rawuh panjenengan.
Tuladha kasebut kalebu perangane apa ?
adhangiyah
bebuka
isi
panutup
Katur
Panjenengan Bapak Drs. Tresno Sukendro Guru Bahasa Jawa SMP YP Trisila Surabaya
Jl. Undangan Kulon 57-59 Surabaya
Tuladha kasebut kalebu perangane apa ?
titi mangsa
adhangiyah
pambuka
isi
Piranti kanggo sesambungan karo wong liya sing awujud tulisan kanthi tujuwan menehi kabar tertamtu diarani....
layang
handphone
internet
Layang sing isine ngabarake kabar kesripahan diarani laying ....
layang ulem
layang iber
layang lelayu
layang dhawuh
Perangan layang sing isine aweh pawarta kabar keslametan diarani....
adhangiyah
isi
bebuka
panutup
" Wasana cekap semanten serat saking kula, menawi wonten klentune atur kula nyuwun agunge pangapunten" punggelan layang kasebut manggon ing perangan ....
surasa basa
bebuka
wasana basa
titi mangsa
"Surabaya, 28 Oktober 2014" pethikan layang kasebut kalebu perangan ....
papan lan titi mangsa
adhangiyah
surasa basa
wasana basa
Tuladha layang ing dhuwur, kagolong layang :
layang resmi
layang dawuh
layang kitir
layang ulem
Perangane layang kang ngandhut bab wigatining layang, diarani…..
adhangiyah
surasa basa
peprenah
wasana basa
Struktur teks layang sing urut yaiku ….
Adhangiyah, bebuka, surasa basa, wasana basa, papan titi mangsa, paprenah, tapak asma, asma terang.
Adhangiyah, papan titi mangsa, surasabasa, bebuka, wasana basa, paprenah, tapak asma, asma terang.
Adhangiyah, papan titi mangsa, bebuka, surasa basa, wasana basa, paprenah, asma terang, tapak asta.
Adhangiyah, papan titi mangsa, bebuka, surasa basa, wasana basa, paprenah, tapak asta, asma terang.
