Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pretes Upacara Adat

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Pasang tarub diwiwiti kanthi pasang....dening ingkang kagungan kersa. 

a)

Tuwuhan

b)

Geber

c)

Bleketepe

d)

Kembang Sritaman

e)

Kain Mori

2.

Kembang sritaman menika salah satunggaling uba rampe ing prosesi ....

a)

Tarub

b)

Midodareni

c)

Sungkeman

d)

Siraman

e)

Kacar-kucur

3.

Salah satunggaling rerangkening upacara adat manten, yaiku upacara panggih tegesipun panggih inggih menika…

a)

Temuning pinanganten kaliyan besan

b)

Temuning pinanganten kakung lan putri

c)

Temuning pinanganten kekalih kaliyan para tamu

d)

Temuning besan

e)

Temuning kulawarga kakung lan putri

4.

Pecahing wiji priya lan wanita kang bakal mbabarake turun, kalebet werdinipun…

a)

Balang-balangan gantal

b)

kanthen asta

c)

Tampa kaya

d)

dhahar walimah

e)

Mecah antiga

5.

Minangka kakung kedah paring nafkah dhateng estrinipun. Werdi menika jumbuh kaliyan tata upacara...

a)

Balangan gantal

b)

Kacar-kucur

c)

Mijiki suku

d)

Dhahar klimah

e)

Mecah antiga

6.

Adicara ing upacara tingkeban menika maneka warni. Wonten ngandhap menika ingkang boten kalebet adicara ing upacara tingkeban inggih menika...

a)

Dhahar klimah

b)

Pecah pamor

c)

Siraman

d)

Sungkeman

e)

Nyampingan

7.

Adicara nyamping ing upacara tingkeban menika katindakaken kanthi gantos jarit kaping 7. Ing ngandhap menika ingkang boten kaginakaken ing adicara nyamping inggih menika...

a)

Sidaluhur

b)

Sidamukti

c)

Sidamulya

d)

Udan riris

e)

Wahyu tumurun

8.

Lampahing upacara tingkeban ingkang ginakaken cengkir gadhing cacah kalih lajeng cengkir menika dipungendhong dening calon simbah putri kawastanan adicara...

a)

Sigaran

b)

Wiyosan

c)

Kudangan

d)

Kukuban

e)

Brojolan

9.

Ubarampe ing upacara tingkeban ingkang kadamel saking glepung beras, santen, gendhis jawi, tuwin sarem sekedhik. Sedaya dipuncampur lajeng dipunbuntel mawi janur. Salajengipun dipunmasak kanthi cara dipunkukus, kawastanan....

a)

Tigan penyon

b)

Jenang Plorot

c)

Clorot

d)

Pasung

e)

Apem

10.

Ubarampe ing upacara tingkeban ngginakaken maneka warni tumpeng. Satunggalipun inggih menika tumpeng damar. Ingkang kawastanan tumpeng damar inggih menika....

a)

Tumpeng cacahipun 7 kadhapuk saking 1 tumpeng ageng, lajeng kaubengi tumpeng alit cacah 6.

b)

Tumpeng ingkang sakupenging tumpeng dipunparingi ron pisang ingkang dipunsuwir-suwir.

c)

Tumpeng ingkang boten diparingi rerenggan menapa-menapa, namung gundhul.

d)

Tumpeng ingkang kadamel saking kanji ingkang dipunkukus lajeng kadamel tumpeng ingkang ing pucukipun dipunparingi werni abrit minangka lambang geni.

e)

Tumpeng ingkang ing sakiwatengenipun dipunparingi kuluban saha maneka warni lawuh.