wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS Basa Jawa 8 Ganjil 24/25

Total questions: 20

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!

Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.

Manut wacan ing ndhuwur, kang dadi paraga utama yaiku ....

a)

Ibu

b)

Bapak

c)

Adhik

d)

Aku

2.

Crita cekak duweni saperangan titikan utawa ciri-ciri. Kang kalebu titikane crita cekak yaiku ....

a)

Critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dimangerteni

b)

Critane dawa, isine padhet, basane gampang dimangerteni

c)

Critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basa dimangerteni

d)

Critane saklepasan, isine padhet, basane endah

3.

Cerkak kasusun saka unsur intrinsik lan ekstrinsik. Kang ora kalebu perangane unsur intrinsik yaiku ...

a)

Alur

b)

Tema

c)

Pasulayan

d)

Tokoh

4.

Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!

Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.

Sudut pandang kang digunakake sajrone crita cekak kasebut, yaiku ....

a)

Wong katelu paraga utama

b)

Wong kapisan paraga utama

c)

Wong katelu paraga tambahan

d)

Wong kapisan paraga tambahan

5.

Kang ora kalebu titikane (ciri-ciri) cerkak yaiku...

a)

Critane Cekak

b)

Perkara kang dicritakake mung siji

c)

Cacahe paraga mung sethithik

d)

Basane krama inggil

6.

Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) kang sumbere bisa crita kasunyatan. Ing crita cekak ngandhut unsur instrinsik lan ekstrinsik. Kang kalebu unsur intrinsik crita cekak, yaiku...

a)

Kabudayan

b)

Pendidikan

c)

Setting

d)

Pariwisata

7.

Bageyan struktur teks cerkak kang ngandharake prakara kang lagi diadhepi dening paraga utama, klebu intine crita, lan kudu ana sajrone crita diarani …

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Resolusi

d)

Pamecahe masalah

8.

Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ....

a)

Panguripan saben dina

b)

Prastawa sejarah

c)

Kedadean sajerone kraton

d)

Kedadean apa anane

9.

Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis!

Dhompet sing ditemu Tono ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansah ngganggu pikirane. Ing ngarepe Tono lungguh mau ana bapak-bapak kang rupane isih dieling banget dening Tono.

“Dhompet iki yen takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahne marang sing nduwe? Dhompet iki rak isine dhuwit akeh?”

Tono dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Kejujuran iku nomer siji, dhawuhe bapake. Wong dianggep luhur drajate yen jujur tumindake.

Watak kang digambarake paraga Tono ing crita kasebut, yaiku ...

a)

Bungah

b)

Susah

c)

Jujur

d)

Curiga

10.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara ora langsung yaiku... .

a)

Shafira takon, “Dina iki awakmu arep ing ngendhi?”

b)

"Coba njaluk tulung Bapak,” kandha ibu, “Panjenegane mesti bisa bantu awakmu.”

c)

Nia takon marang ibu yen dheweke kelangan dhuwit sewu.

d)

“Mau menyang endi ?” takon Arya marang Feni.

11.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara langsung yaiku ... .

a)

“Pancen Gita kuwi bocah sing sregep,” jare budhe Sita.

b)

Dheweke mangan sate wae cukup jarene Galuh marang Dika.

c)

Aji ngomong yen dheweke ketemu idolane.

d)

Rini kandha yen dheweke dhek wingi oleh sepedha.

12.

Jare Shafira, “Aku mengko sore arep menyang omahe Dita.”

Ukara ora langsung saka ukara langsung ing dhuwur yaiku ... .

a)

Shafira ngomong yen aku mengko sore arep menyang omahe Dita.

b)

Shafira ngomong, aku mengko sore arep menyang omahe Dita.

c)

Shafira ngomong yen dheweke mengko sore arep menyang omahe Dita.

d)

Aku arep menyang omahe Dita mengko sore, kandha Shafira.

13.

Kandhane Dea,dheweke ngrasa wis ora kuwat dadi ketua kelas. Ukara kasebut mujudake ukara ...

a)

Langsung

b)

Ora langsung

c)

Tanduk

d)

Tanggap

14.

Sedaya kemawon saget rawuh sakmenika.

Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu yaiku ....

a)

Kabeh wae bisa mulih saiki

b)

Kabeh wae bisa teka saiki

c)

Kabeh wae bisa lunga saiki

d)

Kabeh mawon saget dugi saiki

15.

Kanca-kanca, dina iki bu Susi ora rawuh.

Ukara ing dhuwur kalebu basa Jawa ragam... .

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

16.

Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....


Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Dhahar, nedha

b)

Nedha, nedha

c)

Nedha, mangan

d)

Nedha, dhahar

17.

Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama lugu

b)

Krama inggil

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

18.

Diwaca apa?

a)

toko paku

b)

toko buku

c)

tuku paku

d)

tuku buku

19.

Kepiye macane?

a)

aku duwe

b)

aku suwe

c)

aku luwe

d)

aku kowe

20.

Ayo diwaos!

a)

Ngendhelaken kebat mlumpatipun

b)

Ngendhelaken kebat lumpatipun

c)

Ngendelaken kebat lumpatipun

d)

Ngendelaken kebat mlumpatipun