wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASTS Bahasa Jawa Kelas 9

Total questions: 30

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Gambar ing ngisor iki kang minangka gambar pentas kethoprak yaiku...

a)

b)

c)

d)

2.

Drama tradisional Jawa Timur...

a)

Reyog

b)

Wayang

c)

Kethoprak

d)

Ludrug

3.

Istilah ludrug dijupuk saka tarian sajrone pagelaran kang nduweni ciri khas...

a)

Para penari lanang kabeh

b)

Para penari padha nembang bebarengan

c)

Sirahe penari gela-gelo lan sikile gedrak-gedruk

d)

Penari manggon ing buri pagelaran

4.

Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!


Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh


Saka pacelathon drama ing nduwur judhul drama sing trep yaiku ...

a)

Jaka kendhil

b)

jaka tarub

c)

keong mas

d)

andhe-andhe lumut

5.

Pesen utawa nila-nilai moral kang disampekake marang pamiarsa kalebu salah sawijining unsur intrinsik teks drama ...

a)

tema

b)

amanat

c)

dudutan

d)

epilog

6.

Kethoprak lan ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga....

a)

Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdika

b)

Mung bisa nggelarake crita panguripane bangsawan kraton.

c)

Digelar kanthi migunakake alat musik tradhisional, busana tradhisional, diiringi kanthi tetembangan, lan nggelar crita jaman kawuri.

d)

Digelar migunakake musik modern, busana modern lan nggelar crita modern.

7.

Mbok Randha: ”Putraku si Andhe-Andhe Lumut, Tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi. Putrine kang ayu rupane. Kleting abang iku kang dadi asmane.’’

Andhe-andhe lumut:” bu sibu kula boten mudun, bu sibu kula boten purun senajan ayu sisane si yuyu kangkang”

Mbok Randha: ”Putraku si Andhe-Andhe Lumut, Tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi. Putrine kang ala rupane. Kleting kuning iku kang dadi arane.’’

Andhe-andhe lumut:” bu sibu kula badhe mudun, bu sibu kula ingih purun, putri niku pancen ingkang kula suwu.” Amanat saka teks drama ANDHE-ANDHE LUMUT …

a)

Biji wong kudu saka prilakune ora mung penampilane

Ngugemi/ setya janji karo pasangane

b)

Biji wong kudu saka penampilane ora mung prilakun

c)

Kita kudu duweni watak ksatria lan tanggungjawab

d)

Budi luhur, adhap asor kunci laku urip utama

8.

Ukara iki kang nggunakke ragam basa ngoko alus, yaiku....

a)

Panjenengan dipunpundhutken sekul geprek saking peken

b)

Sampeyan ditumbasaken sekul geprek saking peken

c)

Panjenengan dipundutake sega geprek saka pasar

d)

Kowe ditukokake sega geprek saka pasar

9.

Ra Kembar : “Oh...Gusti Prabu, nyuwun gunging samudra pangaksami, sedaya kala wau awit seriking manah kula mirengaken ature Gajah Mada.”

a)

Krama lugu

b)

Krama alus

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

10.

Menawa gawe dialog ing sandiwara basa Jawa kudu mangerteni....

a)

Unggah ungguh

b)

Pilihane kalimat

c)

Pilihane tembung

d)

Gedhe cilike artine

11.

ing crita drama utawa sandiwara kudu ana sing diarani ... supaya crita sandiwara mau bisa urip.

a)

Tragedi

b)

Urutan

c)

Alur

d)

Konflik

12.

Ing sandiwara , pengarang kudu menehi pesan moral marang wong sing maca crita drama. Pesan moral mau kasebut.....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Amanat

d)

Setting

13.

Paraga Utama sandiwara "Andhe-andhe Lumut", yaiku....

a)

Yuyu Kangkang

b)

Mbok Randha Dhadhapan

c)

Andhe-Andhe lumut

d)

Klenthing Kuning

14.

Paraga Andhe-Andhe Lumut didadekake putra angkat dening....

a)

Mbok Randha Dhadhapan

b)

Klenthing Kuning

c)

Mbok Randha Klenthing

d)

Pangeran

15.

Paraga kang ora duweni watak ala/jahat ing teks sandiwara Andhe-andhe lumut. yaiku....

a)

Klenthing Abang

b)

Mbok Randha Klenthing

c)

Klenthing Ijo

d)

Klenthing Kuning

16.

Perangan awal saka sawijining sandiwara sing biasane digunakake kangge nyeritakake gambaran sandiwara sing arep dimainke kanthi cara umume diarani....

a)

Prolog

b)

Dialog

c)

Epilog

d)

Monolog

17.

Seni drama tradhisional ludruk mujudake asil budaya saka Jawa Tengah.

a)

Bener

b)

Salah

18.

Gatekna teks drama tradisional ing ngisor iki !

 

Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan ndhingkik para Nawang sing lagi adus.

Jaka Tarub : Wah,sapa kuwi? Ya Jagad Dewa Bathara, ayu-ayu

Tenan rupane.”

Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah siji slendhange para Nawang. Tujuane supaya bisa tetepungan karo salah sijine utawa kabeh para Nawang.

Jaka Tarub : “Wah...slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae

wis!”

Rada sauntara, para Nawang banjur padha mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhange dhewe-dhewe.

Nawang Sari : “Ayo padha mentas, langit wis arep peteng”

Nawang Sekar : “Ayo bali, sesuk mrene maneh”

Nawang Wulan : “(bingung tolah-toleh) Lho... ana ngendi

slendhangku?”

 

Sapa Nawang sing dadi garwane karo Jaka Tarub ?

a)

Nawang sari

b)

Nawang wulan

c)

Nawang sekar

d)

Dewi nawang

19.

Wacanen teks carita rakyat iki kang patitis!

SAWUNGGALING

“Bedhug kenthang-kenthang, mulih saka dolan Jaka Berek atine mbedhegel, praupane abang mbranang ngempet kanepson. Jaka Berek muring-muring temenan, saben-saben dolan mesthi dienyek karo kanca-kancane amarga mlarat, diloke bocah karam ora duwe bapak.”


Paragraf kasebut yen katitik saka struktur teks carita rakyat kalebu bagean …

a)

Komplikasi

b)

Klimaks

c)

Orientasi

d)

Resolusi

20.

Struktur teks pelapuran asil observasi kaperang dadi telu, kajaba .....

a)

Dhefinisi umum

b)

Dheskripsi manfaat

c)

Dheskripsi bagian

d)

Dheskripsi umum

21.

Jodohkan berikut ini

a)

1.

Ta

b)

2.

Ha

c)

3.

Ra

d)

4.

Sa

22.

Jodohkan berikut ini

a)

1.

Wayang Wong

b)

2.

Wayang Golek

c)

3.

Wayang Kulit

d)

4.

Ludruk

e)

5.

Kethoprak

23.

Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

4 lines
24.

Wacaen kang premati wacan ing ngisor iki kanggo jawab soal !

Gawe Gas LPG Dhewe Bisa Murup 24 Jam Nonstop

Ing tangane priya saka Karanganyar iki, proses prodhuksi biogas digawe luwih prasaja, gampang, lan murah, nanging tetep efektif nalika digunakake. Kanthi inovasi lan eksperimen bolabali, ngasilake mesin prasaja kanggo ngolah sampah dadi gas sing efektif lan ramah lingkungan. Sanajan mung lagi skala omahan, nanging idhe kreatif iki uga bisa dadi peluang usaha sing menarik. ”Mesin iki dijenengi Albakos. Singkatan saka Alat Biogas Konsumsi Sampah,” ujare Budi (49), sing uga kondhang diundang bapak biofuel iki.

Sawise nemokake mesin ciptaane kuwi, priya iki uga mbukak pelatihan bab gawe biogas ing kantore sing arane Agro Makmur. Ora nyana peserta sing ndhaftar akeh lan teka saka wilayah saIndonesia. Kantor pelatihan Agro Makmur kuwi mapan ing desa Doplang, Karangpandan, Karanganyar, Jawa Tengah. Priya sing jeneng komplite Soelaiman Budi Sunarto iki ngandhakake, menawa mesin Albakos bisa ngolah sampah organik garing dadi gas sing bisa digunakake minangka bahan bakar. Bahan bakar kuwi, sawetara wektu iki bisa dianggo kanggo konsumsi ing skala omahan. Kanggo sampah garing 5 kg bisa ngasilake gas sing murup watara 2 jam.

Njur kepiye sistem kerjane piranti mesin iki? Lan sampah jinis apa wae sing bisa diolah dadi biogas skala omahan?

”Pisanan kita kudu duwe mesin Albakos dhisik,” imbuhe Rudi (21), sawijining instruktur pelatihan ing Agro Makmur.

Mesin Albakos iki dirancang dhewe dening Pak Budi. Perangan mesin ana 4 komponen utama. Yaiku tabung kanggo wadhah pembakaran (wujude kaya roket, kanthi tutup kerucut tumeng), ruang compres lan uga dadi pangadheme, blower (kipas angin), lan kompor kanggo metune murube gas. Saben komponen kuwi disambungake karo pipa.

Miturut Rudi, mesin kuwi ana 2 tipe, yaiku tipe cilik lan gedhe. Tipe cilik kanthi daya listrik watara 60 watt, lan bisa nampung sampah garing watara 5 kg. Bisa ngasilake gas murup tekan 2 jam. Albakos tipe cilik iki didol kanthi rega Rp. 4 juta sa-pakete, saengga wis dadi mesin komplit sakompore.

Urutan bagean ing mesin Albakos yaiku…

4 lines
25.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

4 lines
26.

Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.

sing disabda dadi patung nggo genepi 1000 candi yaiku....

4 lines
27.

Ludrug lan kethoprak kalebu drama ...

4 lines
28.

Orientasi yaiku sawijining struktur teks drama kang duwe teges ....

a)


Para paraga diadhepake ing prakara (konflik) dhewe-dhewe nganti klimaks.

b)

Para paraga dikenalake watake, uga dhapuke ing drama.

c)

Para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakarane (peleraian).

d)

Pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiarsa.

29.

Ukara miturut kalungguhane tembung-tembunge, perangan kang mratelakake tindakan utawa kaanane jejer diarani : ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Katrangan

30.

Sing diarani ukara andharan yaiku : ...

a)

Ukara kang mratelakake rasa pangrasa

b)

Ukara kang isine aweh pawarta

c)

Ukara kang isine ngongkon

d)

Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan