Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ujian Tengah Semester I Bahasa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Karangan kang isine nyritakake sawijining rerangken kedadeyan kanthi runtut adhedhasar urutan wektu, ana paragane, lan ana latar utawa settinge diarani teks … .

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

2.

Karangan kang isine ngandharake sawijining objek kanthi njlimet utawa rinci, saengga sing maca kaya-kaya ngalami lan ngrasakake dhewe diarani teks … .

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

3.

Perangane crita kang mujudake kepriye anggone ngudhari reribet jroning kedadeyan, biasane mapan ing mburi, diarani … .

a)

eksposisi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

orientasi

4.

Perangane crita kang isine ngenalake para paraga(tokoh), wektu, lan papan panggonan diarani … .

a)

eksposisi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

orientasi

5.

Sapa wae sing plesiran menyang Kampung Coklat mesthi krasan. Tembung plesiran tegese … .

a)

blanja

b)

dodolan

c)

kemah

d)

rekreasi

6.

Dina Minggu, Yosi lan Rina dolanan ing latar omah. Dolanane yaiku dhakon. Jroning dolanan dhakon mbutuhake kerang utawa kecik kanggo isen-isene legokan, bisa uga nganggo krikil sing ukurane padha. Dhakon dimainake dening wong loro. Saben pemain mbutuhake kecik 49. Papan kanggo dhakon biasane digawe saka kayu sing dilegoki 16 legokan. Ana 7 legokan adhep-adhepan. Nalika main, Yosi lan Rina ngisi siji-siji saben legokan nganti kecik sing ana ing tangan entek. Pemain diwajibake “mbedhil” kecike mungsuh sing anan ing legokan iku. Dolanan dianggep rampung yen kecik sing ana ing legokan entek kabeh. Ketepakan pas dina Minggu iki, Yosi sing menang.

Yen dideleng saka jinise, wacan ing dhuwur kalebu jinise teks … .

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

persuasi

d)

argumentasi

7.

Jinis dolanan tradhisional jroning teks ing dhuwur jenenge … .

a)

bekelan

b)

dhakon

c)

nekeran

d)

jamuran

8.

Jinise dolanan jroning wacan iku dimainake kanthi cara … .

a)

dhewekan

b)

menengan

c)

gentenan

d)

bareng-bareng

9.

Panggonan sing digunakake kanggo dolanan ana ing … omah.

a)

njero

b)

ndhuwur

c)

pinggir

d)

latar

10.

Dolanan kang nggunakake aturan manut adat-istiadat lan kanthi cara turun-temurun diarani … tradhisional.

a)

dolanan

b)

dodolan

c)

tontonan

d)

ritual

11.

Palaporan ngenani sakabehing kedadeyan(prastawa) kang lagi wae dumadi kang kapacak ing medhiya cithak utawa digiyarake lumantar medhiya elektronik diarani … .

a)

geguritan

b)

tembang

c)

pawarta

d)

lelagon

12.

Pawarta kang diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara diarani pawarta … .

a)

tulisan

b)

lisan

c)

gagasan

d)

wacan

13.

Sing duwe tanggungjawab njaga karesikane lingkungan yaiku … .

a)

masyarakat sing wis duwe omah

b)

para pejabat sipil lan militer

c)

masyarakat sing ana ing kutha

d)

sakabehane warga masyarakat

14.

Pawarta sing durung dingerteni bener/lupute kedadeyan sing sabenere diarani kabar … .

a)

keluwarga

b)

manuk

c)

bungah/susah

d)

negara

15.

Adhedhasar sumbere, jinise pawarta bisa dumadi saka … .

a)

fakta

b)

wacan

c)

lisan

d)

apus-apusan

16.

Adhedhasar sumebare/wilayahe, jinise pawarta diperang dadi … .

a)

cithak lan elektronik

b)

lokal, regional, nasional, lan internasional

c)

ndinan, dadakan, lan crita

d)

politik, hukum, lan budaya

17.

Adhedhasar medhiya sing dienggo ngandharake jinise pawarta diperang dadi … .

a)

cithak lan elektronik

b)

lokal, regional, nasional, lan internasional

c)

ndinan, dadakan, lan crita

d)

politik, hukum, lan budaya

18.

Pitakon sing paling cocok kanggo nakokake ngeneni isine pawarta yaiku …

a)

Apa sing diarani pawarta lokal?

b)

Ing ngendi papan dununge prastawa kasebut?

c)

Apa wae jinise medhiya kanggo nulis pawarta?

d)

Geneya isine pawarta kui telat anggone nulis ing ariwarti?

19.

Tembung ing dhuwur yen diowahi dadi basa krama alus dadi … .

a)

Ibu menyang warung tumbas gula putih

b)

Ibu tindak dhateng wande mundhut gendhis pethak

c)

Ibu tindak wande tumbas gendhis pethak

d)

Ibu tindak dhateng warung mundhut gendhis putih

20.

Tembung "tumbas" ana ing unggah-ungguhing basa kalebu tembung … .

a)

ngoko lugu

b)

krama lugu

c)

krama inggil

d)

krama madya