Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS BHS JAWA KELAS XI

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Titikane geguritan gagrag anyar yaiku...

a)

Guru lagune wis pinathok

b)

Lumrahe dumadi saka patang gatra

c)

Diwiwiti kanthi ukara sun nggeguri

d)

Ngugemi anane guru wilangan

e)

Ora kaiket paugeran tartamtu



2.

Gatekna geguritan "Kangen" anggitane Edi Winarno iki!

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama Hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

Isi saka geguritan kasebut yaiku ... .

a)

Wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak.

b)

Bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali.

c)

Susahe Bapak dening tangise anak, sebab kangen Ibune kang lagi nyambutgawe ing Hongkong.

d)

Anak lagi kangen marang Bapak lan Ibune kang nyambutgawe ing lor kali.

e)

Ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambutgawe ing kana.

3.

Titir saka Desa

Dak rungu titir saka desa

Dudu titire eyang, paman, uga biyung

Kang nguda rasa jalaran

Jago-jago padha kluruk wayah sore

Dak rungu-rungu titir saka desa

Titir lawas saka sang pujangga

Menawa kali ilang kedhunge

Wong wadon ilang wirange

Pasar ilang kumandhang

Uga ha, na, ca, ra, ka kasusastran

Nate ngrenggani tanah Jawa

Bakal ilang sirna tanpa sabawa

Mitra, apa kita tetep ngelus jaja?!

Amanat kang trep saka geguritan kasebut yaiku...

a)

Jaman biyen ana titir

b)

ha na ca ra ka iku kasusastran Jawa

c)

Aja nglalekake budaya Jawa

d)

Jago kluruk wayah sore iku pratanda becik

e)

Kabudayan Jawa arep ilang

4.

Curuk Sewu

Rembulan kang singidan

Satengahe gegrumbulan

Jurang lan grojogan

Katon nyungging esem

Mrepegi kang lagi prapta

Latar wektu saka geguritan ing dhuwur yaiku....

a)

Esok

b)

Wengi

c)

Surup

d)

Awan

e)

Subuh

5.

Kang kalebu wiraga utawa penampilan ana ing maca endah geguritan yaiku....

a)

Wirama utawa vokal

b)

Gestur lan swara

c)

Wirasa

d)

Gestur lan Wirasa

e)

Gestur lan mimik

6.

Tembung-tembung kang endah ana ing geguritan, kaya dene...kejaba

a)

Ekspresi

b)

Penghayatan

c)

Patrap/solah bawa

d)

Obahing awak

e)

Pasemon

7.

Sawijine asil karya sastra kang basane cekak, mentes, lan endah yaiku....

a)

Pidato

b)

Drama

c)

Cerkak

d)

Geguritan

e)

Pewara

8.

supaya bisa mangerteni isi geguritan, mula kang kudu ditindakake yaiku....

a)

bisa gawe geguritan

b)

maca kanthi mimik kang trep

c)

negesi tembung-tembung

d)

pocapan kudu cetha

e)

nalikamaca kudu nduweni ekspresi

9.

Geguritan iku kangga gampange diarani uga ...

a)

tembang macapat

b)

Kidung jawa pertengahan

c)

kakawin jawa kuna

d)

puisi gagrag anyar

e)

tembang campursari

10.

Kalebu struktur batin geguritan yaiku ...

a)

Tema lan amanat

b)

Panyitro lan diksi

c)

Diksi lan tipografi

d)

Purwakanthi lan Wirasa

e)

enjambemen dan lelewaning basa

11.

"Dhumateng panjenenganipun Kepala SMKN 1 Pujon ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMKN 1 Pujon ingkang kula urmati. Kadang kula siswa-siswi SMKN 1 Pujon ingkang winantu ing karaharjan." Pratelan kasebut peranganipun sesorah ingkang dipunwastani ...

a)

Surasa basa

b)

Atur puji syukur

c)

Salam pambuka

d)

Atur nyuwun pangapunten

e)

Atur pakurmatan

12.

Sawijining paraga sing nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing sawijining adicara diarani...

a)

pambagyaharja

b)

orator

c)

pranata acara

d)

pamedharsabda

e)

pambiwara

13.

Keparenga kulaatur uninga rerangkening adicara ing wekdalpunika, pambuka, atur pambagya saking padhega karang taruna, sesorah saking Pangarsa/ Bapak Lurah Kelurahan Sumbermulya, pirembangan panitia pengetan Dinten Kamardikan RI, lan donga/Penutup. Perangan kasebut diarani....

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Wosing pranatacara

d)

penutup

e)

wusana

14.

Ing ngisor iki kang ora klebu bab sing kudu digatekake supaya basa kang digunakake komunikatif lan trep, yaiku...

a)

cacahe sing diajak guneman

b)

sapa sing diajak guneman

c)

swasana nalika guneman

d)

sapa sing digunemake

e)

kahanan nalika micara

15.

Busala lan ngadi sarira kudu salaras karo kahanan ing adicara, tujuwane, yaiku....

a)

Supaya ora asor prabawane

b)

supaya katon nengsemake marang para tamu

c)

amarga ana paribasan ajining raga saka busana

d)

busana kang endah ndadekake paragane takon sulistya

e)

amarga busana uga dadi punjering kawigaten marang tamu

16.

Atur panuwun marang para tamu/ rawuh, sarta atur pamuji syukur marang Gusti ingkang Maha Agung minangka perangan pidhato ing bageyan...

a)

salam pambuka

b)

dudutan

c)

pambuka

d)

purwaka

e)

wosing pidhato

17.

Mugi-mugi kita sedaya saget istiqomah njaga kebersihan lingkungan sekolah iki kanthi telaten, saengga lingkungan sekolah sing dienggo sinau bisa nyaman amargi lingkungan resik.

Miturut struktur, cuplikan teks pidato kasebut kalebu…

a)

Pambuka

b)

Panutup

c)

Panyapa

d)

Pangarep-arep

e)

isi

18.

Pidhato pengarahan, yaiku....

a)

pidhato kanggo ngarahake sawijining kegiyatan

b)

pidhato kang isine nglaporake sawijining tugas utawa kegiyatan

c)

pidhato kang diandharake dening wong kang nduweni pengaruh kanggo ngresmekake samubarang

d)

pidhato kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban tugas utawa kegiyatan

e)

pidhato kang isine medharake sawijining ajaran utawa agama tartamtu kanggo paring pencerahan marang para umat

19.

Makaten kalawau ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten tata rakiting ukara ingkang kirang prayogi, tuwin tindak-tanduk ingkang kirang mranani ing penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. perangan kasebut diarani...

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

surasa basa

d)

pangajab

e)

wusana

20.

Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku ...

a)

Panata adicara

b)

Panata acara

c)

Pambagyaharja

d)

Pambiwara

e)

Pewara