wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pidhato Basa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 29mins

Name
Class
Date
1.

Tuladhane ukara sing isine pangarep-arep ( harapan ) ing sesorah yaiku....

a)

Mugi-mugi perjuanganipun para pahlawan ing jaman kamardikan saged dados patuladhan kangge generasi mudha.

b)

Bapak Ibu Guru ingkang kula hormati, kula nyuwun pangapunten amargi kula sekolah ing ngriki nate tumindak salah.

c)

Ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring berkah lan kanikmatan kangge kita sedaya.

d)

Para rawuh, tiyang menika kedah gadhah kesadharan kangge mbucal sampah ing panggenanipun supados lingkungan resik.

e)

Bapak ibu lan sederek sedoyo ingkang kula hormati. Kita sedaya kados sampun mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 agustus 1945 indonesia mbiyawaraaken kamardhikan

2.

Puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, kebagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya.

Tembung “kebagaswarasan” ing ukara dhuwur tegese ….

a)

kamulyan

b)

kesehatan

c)

kapinteran

d)

kabegjan

e)

raos syukur

3.

Ukara sing diucapake ing bagian pambukane sesorah yaiku :

a)

Mugi-mugi menapa ingkang kula aturaken saged nambah pangertosan dhumateng panjenengan sedaya.

b)

Sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan

c)

Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.

d)

Boten kasupen kulo kalian konco-koncoku kula nyuwun pangapunten. Dalam menikah pernah asring kagem bapak-ibu guru saiki bapak ibu guru duka lan kuciwa. Alat saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani panggalih panjenengan bapak ibu guru sedaya.

e)

Kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umatipun ingkang becik.

4.

Ing ngisor iki Teknik maca sesorah sing becik, kajaba…

a)

Patrap nalika sesorah kudu ngadeg jejeg, anteng, lan ora mingsat-mingset.

b)

Basa kang digunakake gampang dingerteni, tembunge komunikatif

c)

Nggatekake swasana

d)

Ngelingi wayah

e)

Kerep nyekel mic, nyoba mic kanthi nyebul

5.

Ing ngisor iki  kalebu ancase sesorah, kajaba…

a)

Paring (nyaosi) andharan lan pangerten marang wong liya kang padha rawuh ngrungokake

b)

Paring (nyaosi) andharan kang nyenengake kang padha midhangetake, jalaran basane kang edi lan peni kanthi nggunakake unggah-ungguh basa Jawa

c)

Kanggo milut panemune wong liya sawise gelem midhangetake, lan sabanjure gelem manut lan  pracaya karo wose andharan kang kababar utawa katurake

d)

Paring (nyaosi) andharan utawa pangerten marang wong kanthi lelewaning basa kang becik, nyenengake, lan kepenak dirungokake, lan kepingin milut panemune wong liya kang padha midhangetake

e)

Kanggo ngajeni utawa ngurmati wong sing luwih tuwa amarga kita kudu nduweni unggah-ungguh kang becik

6.

Ekpresi sing kurang nyenengake nalika sesorah yaiku…

a)

Kerep mesem sing digawe-gawe, kaya cengengesan

b)

Nganggo basa alus, nanging ora perlu ndakik-ndakik, supaya gampang ditampa;

c)

Ukarane ora mubeng-mubeng, nanging cekak aos;

d)

Wiramane wicara cetha sarta jumbuh karo kahanan;

e)

Swara ora perlu seru, cukupan wae  nanging cetha

7.

Sesorah kang ditindakake kanthi sing pidhato nyekel cathethan cilik (outline) minangka pangeling-eling urutane isi sing bakal diwedharake diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Memoriter

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

8.

Sesorah kang ditindakake kanthi ora kenyana-nyana sadurunge diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Memoriter

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

9.

Sesorah kang ditindakake kanthi kudu nyekel naskah lan maca sawutuhe diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

10.

Sesorah kang ditindakake kanthi kudu nyekel naskah lan maca sawutuhe diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

11.

Sesorah kang ditindakake kanthi kudu nyekel cathetan utawa tulisan sing diapalake supaya ora lali nalika sesorah diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

12.

Sesorah kang ditindakake kanthi kudu nyekel cathetan utawa tulisan sing diapalake supaya ora lali nalika sesorah diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

13.

Gatekana urutan-urutan nggawe sesorah ing ngisor iki!

a.       Ndumuk kahanane sing ngrungokake;

b.      Nemtokake tema;

c.       Nemtokake tujuwan;

d.      Nliti tembung, ukara, lan paragrafe jumbuh karo paramasastra lan unggah-ungguh

e.       Ngempalake bahan sesorah;

f.        Ngembangake cengkorongan dadi ukara-ukara lan paragraf;

g.      Nggawe ragangan (cengkorongan);

Urutan carane nggawe sesorah sing bener yaiku…

a)

c-b-a-g-e-f-d

b)

a-b-c-d-e-f-g

c)

d-e-f-a-b-g-c

d)

g-f-e-d-c-b-a

e)

e-b-f-d-a-c-g

14.

Sadurunge sesorah kudu ngerteni acara apa kang bakal digelar, amarga sesorah iku mesthi ana ing acara kang beda. Umpamane ing acara pengajian mesthi beda nalika ing acara kamardikan RI. Perangan iki wigati supaya pamrayogane wedharan kang diarani ...

a)

Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana

b)

Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake

c)

Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara

d)

Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana

e)

Busana kang jumbuh karo swasana

15.

Ing desaku bapak kulina kadhapuk dadi sesulih piyayi kang duwe gawe, pakaryan iki atur pambagyaharja. Nalika pasamuan ing desa bapak ngageme jas nasional, nanging nalika ana ing karaton ngagem kejawen jangkep. Perangan iki bab-bab wigati amrih prayogane wedharan kang diarani ...

a)

Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana

b)

Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake

c)

Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara

d)

Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana

e)

Busana kang jumbuh karo swasana

16.

Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa  panjenengan sedaya, bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Perangan ing sesorah kuwi ana ing bagian ...

a)

Pambuka

b)

Purwaka

c)

Purwaka

d)

Pangarep-arep

e)

Wasana/ panutup

17.

Perangan sesorah kang ngemot andharan wigatining sesorah yaiku ...

a)

Pambuka

b)

Purwaka

c)

Surasa basa

d)

Pangarep-arep

e)

Wasana/ panutup

18.

Rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir lan sapanunggale diarani ...

a)

Pranatacara

b)

Ceramah

c)

Sesorah

d)

Wara-wara

e)

Khotbah

19.

Perangan pambuka  ing  sesorah kang diandharake yaiku kajaba ...

a)

Ngandharake salam

b)

Mbagekake kang padha rawuh

c)

Ngucapke syukur marang Gusti

d)

Nyuwun pangapura

e)

Atur pakurmatan marang para tamu

20.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka