wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Pranatacara

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Kang ora kalebu dasanamane pranatacara yaiku...?

a)

Panata Acara

b)

Pambagyaharja

c)

Panata Adicara

d)

Pambiwara

e)

Pewara

2.

Dadi pranatacara kuwi kudu nduwe patrap wibawa, tegese apa...?

a)

Nduweni subasita kang apik

b)

Ora wedi, amarga kudu percaya dhiri

c)

Bisa maca kahanan

d)

Kudu mantep ing manah

e)

Bisa mapanake awak ing ngendi wae

3.

Bedane teks pranatacara lan pamedharsabda yaiku...?

a)

Isi

b)

Pambuka

c)

Rantaman Acara

d)

Panutup

e)

Atur Pakurmatan

4.

Nindakake pranatacara kuwi ora gampil, amarga kudu bisa ngracik tembung nggunakake basa rinengga. Basa rinengga tegese apa...?

a)

Basa kang angel dimangerteni

b)

Basa kanggo manten

c)

Basa kanggo sekar macapat

d)

Basa kang digunakake endah

e)

Basa kang nggunakake basa jawa kuna

5.

”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.”

Ukara kasebut kalebu ing perangan...?

a)

Panutup

b)

Atur Pakurmatan

c)

Salah sawijine rantaman acara

d)

Pambuka

e)

Atur Pambagyaharja

6.

Ukara ing ngisor iki kalebu perangan apa...?

”Para pepundhen, para pinisepuh ingkang dhahat kinabekten”

a)

Atur Pangayubagya

b)

Panutup

c)

Salam Pambuka

d)

Atur Pakurmatan

e)

Pitepangan

7.

Nalika dadi pranatacara pocapane kudu cetha, bab kasebut ateges kudu nggatekake apa...?

a)

Olah Basa

b)

Olah Swara

c)

Olah Jiwa

d)

Olah Raga

e)

Olah Busana

8.

Sangune dadi pranatacara yaiku olah raga, olah jiwa, olah swara, olah basa lan olah busana. Kang kalebu olah basa yaiku...?

a)

Busanane sae lan resik

b)

Pilihane tembung sae

c)

Andhap inggile swara ora mung ajeg

d)

Pocapane cetha, ora semrawut

e)

Solah bawane trapsila, empan papan

9.

Jejibahane pranatacara kang luwih wigati yaiku...?

a)

Nutup Acara

b)

Mbuka Acara

c)

Nata lakune acara

d)

Nulis teks pranatacara

e)

Nyiapake ubarampe acara

10.

1) panutup

2) pambuka

3) puji syukur

4) salam pambuka

5) isi

Urutane cengkorongan teks pranatacara kang bener yaiku...?

a)

2-3-5-4-1

b)

4-2-5-3-1

c)

4-2-3-5-1

d)

4-3-2-5-1

e)

3-4-2-5-1

11.

Kang diarani pamedharsabda yaiku...?

a)

Wong kang kerep ngomong ing ngarepe wong akeh saperlu ana jejibahan

b)

Wong kang ora nindakake ayahan medhar sabda

c)

Wong kang senengane ngomong

d)

Wong kang ahli ngomong

e)

Wong kang nata lakune acara

12.

Para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan. Mundhi dhawuh pangandikanipun ingkang hamengku gati, kula minangka pambiwara pahargyan ing dalu menika nyuwun idi palilah lan pangestu panjenengan sedaya badhe maosaken rantaman acara ing dalu menika.

Tegese tembung hamengku gati, ing teks pethikan pranatacara kasebut yaiku ....

a)

Kang nyengkuyung gawe

b)

Kang nduwe gawe

c)

Kang akeh gaweane

d)

Kang gawe gawe acara

e)

Kang rewang ing gawe

13.

Pranatacara nggatekake dhuwur lan endheke, cepet lan alone swara, banter lan lirihe swara.

Perangan kasebut kalebu bab apa...?

a)

Wicara

b)

Wirama

c)

Wirasa

d)

Wiraga

e)

Wiragya

14.

(1) Ndhingkluk

(2) Tangan ngapurancang

(3) Nyawang mripate tamu

(4) Empan papan

(5) Ora osog-osog rambut

Bab kang ora kena ditindakake nalika pranatacara yaiku...?

a)

4-3

b)

1-5

c)

3-2

d)

5-2

e)

1-2

15.

"Pranatacara kudu bisa ngadi sarira lan ngadi busana"

Ukara kasebut jumbuh karo unen-unen...?

a)

Ajining dhiri gumantung ing lathi

b)

Ajining awak gumantung ing tumindak

c)

Ajining mustaka gumantung saka wibawa

d)

Ajining badan gumantung saka dandan

e)

Ajining raga gumantung saka busana