WorksheetsASSESMEN SUMATIF HARIAN 2
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Lelabuhane Ki Hajar Dewantara gedhe tumraping ….
Jagading teknologi
Babagan ekonomi
Donyaning pendhidhikan
Babagan kebudayan
Bocah loro ing pacelathon kasebut duwe panemu kang padha jalaran ….
Padha dene sarujuk pendhidhikan iku wigati nalika diwasa
Padha ora mudheng apa kang dirembug ing pacelathon
Padha kepenake yen rembugan ing wayah iku
Pendhidhikan bisa ngasilake dhuwit kang akeh
Pitutur becik kang kamot ing pacelathon babagan Ki Hajar Dewantara yaiku ….
Supaya padha gelem sekolah
Sregep sekolah golek ngelmu
Sing prihatin nalika sekolah
Nggolek sekolahan sing apik
Pak Andik : "Bin, TVne yen ora kokdeleng, patenana !"
Bintang : ....
Ukara sing cocok nganggo ngiseni pacelathon ing dhuwur yaiku ....
"Kula badhe ningali film kartun, Pak."
"Aku dakndelok film kartun sek, Pak."
"Aku arep ndelok film kartun, Pak."
"Kula ajeng ningali film kartun, Pak."
Pacelathon antarane bocah karo kancane nggunakake basa ....
krama alus
ngoko
krama madya
ngoko lan krama
Pacelathon kudu nggunakake basa krama yen paragane antarane ....
bocah cilik marang wong tuwa
wong tuwa marang wong enom
wong enom marang wong enom
wong tuwa karo kancane
Bapak Bupati isih lara.
Yen basa krama aluse sing bener yaiku ....
Bapak Bupati isih gerah
Bapak bupati tasih gerah
Rama Bupati tasih gerah
Rama Bupati isih gerah
Ing ngisor iki titikane pacelathon, kajaba ....
katulis wujud dialog
nggunakake ukara cekak aos
nggunakake ukara kandha
nggunakake ukara dowo-dowo
Bu Dewi : "Surti, kowe arep ning ngendi ?"
Surti : "..."
Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon kasebut yaiku ....
ning omahe Budhe.
ning griyane Budhe.
dhateng dalemnipun Budhe.
tindak griyane Budhe.
Budhe badhe ... pundi ?
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
tindak
kesah
lunga
wangsul
